Senin, 11 Januari 2016

PAGELARAN SENI (KLS X SEM 2 WULANGAN 1)



kelas 1 sem 2 wulangan 1

PAGELARAN SENI
pagelaran seni jawa

Pagelaran seni kuwi minangka salah sawijining wujud seni sing kompleks, amarga dumadi saka pirang-pirang jinis bidang seni. Coba gatekna, sawijining pagelaran kesenian kayata kethoprak utawa sendra tari padatan butuh kayata iringan kang awujud musik, dialog, kostum/busana,panggung tata lampu, saha sebi paes utawa rias.
Pagelaran seni uga diperang dadi loro, yaiku pagelaran seni tradisional lan pagelaran seni modern.
a.       Pagelaran seni tradisional
Ing saben pentase, padatan kesenian tradisional mesthi duwe ancas kang diwedharake kanggo para pamiarsa. Acas kang diwedharake kuwi awujud piwulang kang asipat social, politik, moral lan sapanunggalane. Pagelaran seni tradisional kuwi duwe 4 fungsi, yaiku fungsi ritual, fungsi pendidikan minangka sarana panuntun, fungsi kritik social, saha fungsi panglipur utawa tontonan.

b.      Pagelaran seni moder
Tuladha pagelaran seni modern kayata drama, opera, fragmen, teater, lan film. Pagelaran seni modern kuwi padatan dipentasaken ana media elektronik, kayata Televisi.

Wacan! Tuladha Pagelaran seni Tradisional
KETHOPRAK
Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran kang asale saka Jawa. Sajroning pagelaran kethoprak tembang-tembang Jawa kanthi iringan gamelan kasuguhake kanthi rancak. Lumrahe,  crita  kang  diangkat  jroning  pagelaran kethoprak  ana  maneka  warna  jinise.  Ana  sing dijupuk  saka crita sujarah Jawa, legenda, utawa saka crita manca nagara. Nanging, bakune crita kang dibabar  ora  bakal   njupuk  saka  wiracarita  Ramayana  lan  Mahabharata,  amarga  wiracarita  kasebut digelaraken ana kesenian wayang wong.
Sing dadi ciri wancine kethoprak yaiku, carita kanthi para nayaga/ pemain, kairing tabuhan (gamelan),  nganggo  tembang  kang dadi tet enger kethoprak (rembugan uga   bisa  nganggo  tembang,  dadi tembang bisa mujudake pangiring adegan), dialog, lan monolog utawa dadi          narasi. Wondene unining gamelan kanggo ngiringi tembang, adhegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, lan kanggo mbedakake  adhegan  siji  lan  sijine. Paraga kethoprak kudu pinter "acting" uga kudu pinter nembang, olah basa-sastra, lan joged. Dene sawetara lakon kethoprak kang  kondhang ing antarane yaiku Arya Penangsang Warok         Suramenggala, Abdul Semararupi, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana, Andhe-andhe lumut, Anglingdarma, Rara Mendut- Pranacitra,  Damar  Wulan,  lan  sapiturute.  Nanging  ana  kalane  ya  ngangkat  crita  saka  manca  nagara, upamane Sampek-Eng Tay, Romeo-Juliet, lsp.
pagelaran seni kethoprak
Sawetara taun kapungkur, crita kethoprak akeh dibabar ing TV, salah sijine arupa kethoprak klasik, yaiku  pagelaran kethoprak  kang  dibabar  ing panggung kanthi  beber kang winates.  Sabanjure uga  ana kethoprak  sayembara, yaiku kethoprak kang dibabar ing TV kanthi beber/setting alam lan swasana ing njaban gedhung.  Becike maneh, saben episode, mesthi ipungkasi kanthi sayembara kang nyedhiyani hadhiah mirunggan     kanggo            milut    lan nggeret kawigatene pamirsane.
Wektu   saiki,   kethoprak uga  duwe  "improvisasi"  kanthi wujud dhagelan kethoprak, upamane dhagelan lan kethoprak humor ana ing siaran radio lan televisi.   Carita   bakune   padha nanging dipagelaraké kanthi dhagelan, mligi mung nyenengake          penontone. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau   biasane   wis   ora   banget- banget nggatekake      unggah- ungguh basa lan tatakrama, sing baku  bisa  gawe  guyu.  Carita  lan  basa  ora  nganggo  paugeran  baku,  mula  bisa  kasebut  kethoprak  ora jangkep. Kethoprak jinis iki akeh dibumboni dhagelan utawa guyonan, mula diarani kethoprak humor. Para paragane uga para dhagelan kondhang ing jagad kasenian. Sawetara sumber nyebutake kasenian kethoprak antuk kalungguhan kang mirunggan jroning masarakat Jawa, mligine wong cilik. Sebab jroning kethoprak, seni  sandiwara,  musik  lan  sastra  dibabar  bebarengan.  Kasenian  kethoprak  iki  tuwuh  ngrembaka  ing Ngayogyakarta lan Jawa Tengah, sarta  saperangan dhaerah Jawa Timur. Jaman mbiyen kethoprak dadi panglipure masarakat. Sanajan dadi panglipuring masyarakat lan ngandhut piwulang budaya Jawa, nanging ing ngrembakane jaman, kasenian kethoprak rada dikiwakake dening masarakate, mligine para mudha awit ora pati dunung marang kasenian kethoprak, apa maneh gelem nresnani kasenian iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar