KESENIAN TRADISIONAL
WULANGAN 1 KLS XII SEM 2
![]() | |
PAGELARAN WAYANG |
Nyemak carita wayang
Wayang yaiku
jenenge tontonan kanthi pepethan uwong, kewan kang ginawe saka walulang utawa
kulit kewan, kayu, godhong, kain lan sapanunggalane.
Wayang iku ana
wiwit taun 939 jaman Sri Jaya Baya jumemeng nata ing kedhiri, wektu iku wayang
ginawe saka godhong tal, banjur ditutugake raden panji ing jenggala.
Ing jaman para
sunan,salah sawijining sunana kang migunakake wayang kanggo sarana dakwah
nepungake agama islam yaiku Sunan Kalijaga.
A. JINIS-JINIS WAYANG
Wayang kulit
utawa wayang purwa yaiku wayang sing digawe saka walulang (kulit). Nyaritakake
lelakone Ramayana lan Mahabarata. Kajaba wayang kulit, ana sawetara jenis
wayang liyane, kayata:
1. Wayang wong
Wayang sing
paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata.
2. Wayang beber
Yaiku mori kang
digambari wayang ditontonake sarana dibeber, yen wis rampung banjur digulung
maneh. Nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji.
Miturut Kitab
Sastra Mirudo, wayang beber kadamel taun 1283 (gunaning Bujangga nembah Ing
Dewa), Muncul lan ngrembaka ing jaman Majapahit. Wayang beber tertua wonten ing
tlatah Pacitan, dusun Gelaran desa Bejiharjo Karang Mojo Gunung Kidul.
Wayang sing
nyeritakake lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lsp.
(bentuknya
hampir sama dengan wayang purwa. Wayang gedhog diciptakan oleh Sunan Giri tahun
1485 (Gaman Naga Kinaryeng Bathara) saat mewakili Raja Demak yang melakukan
penyerbuan ke Jawa Timur. Wayang gedhog berasal dari pertunjukan wayang yang
tanpa diiringi dengan kecrek sehingga bunyinya hanya ”dog” yang dominan. dan
berkembang pada jaman Majapahit)
4. Wayang klitik
(krucil)
Wayang sing
digawe saka kayu gepeng, nyriyakake Prabu Kenya, Damarwulan, Menak Jingga, lsp.
Critane saka kerajaan Pajajaran nganti zaman prabu Brawijaya Majapahit. Gamelan
kang digunakake sangat sederhana.
5. Wayang golek
(thengul)
Wayang sing
digawe saka kayu awujud golek,nyritakake wong Agung Menek, Umar Maya, lsp.
Wayang golek dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku
wayang golek Asep Sunarya saka Sunda.
6. Wayang madya
Wayang kulit
sing nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki diciptakake
dening Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo
wayang gedhog. Crita Kang terkenal ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma.
7. Wayang potehi
Wayang golek
kanthi cerita lelakone wong Cina. Potehi yaiku wayang khas Tiong Hoa berasal
saka Cina Selatan kesenian iki digawa dening para perantauan etnis Tiong Hoa.
Potehi saka
tembung Pou (kain) Te (kantong) Hi (wayang), artine wayang boneka kang digawe
saka kain. Potehi ada sejak Dinasti jin (265-420 M) lan masuk Indonesia abad
16-19 M.
8. Wayang sadat
Wayang sing
nyritakake lakon agama Islam
9. Wayang suluh
Wayang sing
nyritakake sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan
10. Wayang suket
Wayang kang
digawe saka suket, critane babagan kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur
utawa kritik marang pemerintah. Asring digunakake bocah cilik kanggo dolanan.
B. Paraga sing Nyengkuyung Pagelaran Wayang
1.
Dhalang yaiku sing nglakokake lakuning pagelaran.
2.
Sindhen/waranggana yaiku sing nglagokake
tembang-tembang ngrengga iramaning
gamelan.
3.
Niyaga/pengrawit yaiku paraga sing nabuh gamelan
anut larasing gendhing.
C. Piranti pagelaran Wayang
1.
Kelir, nggambarake langit utawa angkasa
2.
Blencong, nggambarake srengenge rembulan lan
lintang
3.
Debog, nggambarake bumi
4.
Kothak, nggamabrake sangkan paran
5.
Cemala, nggambarake samsitaning urip.
6.
Keprak, nggambarake ilining banyu utawa getih,
7.
Wayang, nggambarake manungsa
8.
Gamelan, nggambarake mobah mosiking kahanan
jagad saisine.
9.
Kayon, nggambarake gunung, alas, geni, segara,
prhara, angina, lan sapanunggalane.
![]() | |||
Pandhawa lima, saka ngarep: puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, Sadewa, |
D. Urut-urutanine pagelaran wayang kulit
sawengi
1.
Jejer kedhaton, paseban njaba, bodholan
2.
Limbukan
3.
Jejer sabrang
4.
Perang gagal
5.
Gara-gara
6.
Perang kembang
7.
Perang bubrah
8.
Tancep kayon
E. Sumber Crita donyaning pakeliran wayang
1.
Kitab Ramayana, anggitane pujangga agung
walmiki, nyaritakake lelakone Prabu Sri Ramawijaya lan Dewi Sinta.
2.
Kitab Mahabarata, anggitane pujangga agung
Wiyasa, nyaritakake lelakone pandhawa lan kurawa.
* kangge mirsani referensi nama lan wujud wayang ingkang jangkep saged dipunpadosi wonten wonten ngriki
Badhe mendet materi nipun pak :)
BalasHapusAmpun kesupen ing blog kula pak Pandudwipa.blogspot.com
Nyuwun ijin bapak.. kula mendhet materinipun kagem pembelajaran lare,
BalasHapusGamshahamnida
BalasHapus