Wulangan 1 kelas XI semester 2
Kompetensi
Dasar:
·
mendengarkan dan merangkum isi pembicaraan dalam
wawancara
·
Presentasi hasil penelitian secara runtut dengan
menggunakan bahsa yang baik dan benar
·
Membacakan berita dengan intonasi,lafal, dan
sikap membaca yang baik
·
Menulis karya ilmiah seperti hasil pengamatan,
dan penelitian dan mempresentasikan.
WAWANCARA
![]() |
Wong kang lagi wawancara |
1. Nyemak Wawancara
awancara yaiku rembugan antarane
wong siji kang minangka wong siji kang minangka wong sing takon karo wong
sisjine sing minangka paranpitakonan, kanthi pangajab bias oelh katerangan saka
wong sing minangka paranpara kasebut.
Supaya anggone wawancara oleh katrangan kang jumbuh kang jumbuh karo apa
kang dikarepakake, mula kudu nggatekake bab-bab kayata:
1.
Apa sing ditakokekake
2.
Sapa sing nindake: sapa sing dadi panakon, sapa
sing dadi paranpara (narasumber)
3.
Kapan anggone nindakake
4.
Papane ana ngendi
5.
Apa wae asile wawancara
Cara nindake
Wawancara:
1.
Nganggo sandhangan sing sopan
2.
Polatane kang grapyak semanak)
3.
Nganggo basa kang sopan lan miturut
unggah-ungguh basa.
4.
Miwiti pitakonan kanthi uluk salam sing prayoga/apik
5.
Pitakon kang mbutihaken katrangan, dudu asipat
jajal kawruhe paranpara.
6.
Aja manehi pitakon-pitakon kang wangsulane “iya”
utawa”ora”
7.
Ngaturaken panuwun marang paranpara saparipurnaning/sarampunging wawancara.
Tuladha Wawancara
caranipun nanem klapa kanthi bener supados asilipun katah
Sawijining dina pakdheku, kang asma
Sawiji ditekani pawongan saka RRI, dheweke ana perlu wawancara ngenani carane
nandur klapa kang bener. Pakdheku pancen pinter tetanem mligine tetanen klapa.
Kebon klapane akeh tur wite uga subur subur. Mangakene iki wawancarane Pakdheku
karo pawongan saka RI kang asma Mico Cassah.
Mico : "Sugeng siyang Pak Sawiji."
Sawiji: "inggih sugeng siyang mas. Mangga pinarak lenggah
wonten mriki!"
Mico: "inggih inggih, matur
suwun. Mekaten lho pak, Kula asma Mico Cassah saking RRI badhe nyuwun pirsa
kaliyan bapak, babagan caranipun nanem klapa kanthi bener supados asilipun
katah"
Sawiji: "O...mekaten. Inggih mas. Ingkang sepisan kedah
nyawisaken pasiten. Pasiten dipun damel jogangan, ingkang badhe dipun tanemi
kedah mawur. Dipunpacul lebetipun antawis 25-30 cm lan panjangipun kajumbuhaken
kaliyan bibitipun."
Mico: "Lha... Caranipun ndamel bibit kados pundi Pak
Waji?"
Sawiji: "Gampil kemawon kok mas. langkung rumiyin kapilah klapa
ingkang sepuh utawi garing. Kasimpen ing papan eyom dangunipun kirang langkung
setunggal wulan. Klapa bibit kaseset utawi dipun kepras secalakipun panggenan
thikilan kirang langkung 5 cm lajeng kacelupaken larutan ozardrin 0,1 %.
Sasampunipun kacelupaken larutan ozardin lajeng dipunkecambahaken ing bedhengan
ingkang sampun kacawisaken. Kaprayogekaken madhep mangetan kaangkah bongkotipun
klapa wonten wetan. Kaurug watara pupuk thikilan lan dipun sirami enjing
sonten. Menawi sampun thukul watara 3cm bibit lajeng kapindhah dhateng bak
utawa pholiback."
Mico: "Woalah... janjane gampil nggih pak? Lajeng larutan
ozadrin wau mundhutipun wonten pundi?"
Sawiji: "Panjenengan nyuwun kemawon wonten toko bahan bahan
kimia, mesthi wonten. Mangga lho mas, dipununjuk rumiyin wedangipun."
Mico: Inggih matur nuwun, Pak Waji."
Kapethik saking www.gerbangilmu.com, kisenojogja.files.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar