Rabu, 27 Januari 2016

KERIS





Keris utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal gaman utawi sanjata tradhisional masyarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanèsipun turangga, wisma, wanita kaliyan kukila. Curiga utawi keris punika anggadhahi makna jantan, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, sanggup nglindungi piyambakipun, kulawarga, saha saged mbéla negari.[1]

Sujarah

Dèrèng wonten asil panalitèn ingkang kasil nemtokaken kalapunapa tiyang Jawa miwiti mangertosi keris, wonten keris Jawa sampun anggadhahi wujud ingkang sampurna nalika jaman Krajan Majapait. Ing jaman rumiyin, keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged dados hadiyah ingkang paling saé utaminipun menawi hadiyah keris saking raja.

Mupangat

Jaman sapunika fungsi keris sampun kirang, umumipun namung dados barang kolèksi ugi kanggé parlengkapan adicara-adicara saha ritual adat. Jaman rumiyin sanesipun anggadhahi fungsi sanjata, keris ugi saged kanggé tandha status sosial, jengjang pangkat ugi hadiah. Keris ing jaman rumiyin ugi saged dados lambang paseduluran ingkang dipuntandhai adicara ijol-ijolan keris, malah punika dados simbol paseduluran ingkang paling inggil. Wonten praktekipun ingkang kaanggep klenik, keris dipunanggep jimat kaliyan medhia/griya kanggé lelembut.
cara nggagem keris

Ricikan

Keris gadhah 49 bageyan.  Bageyan-bageyan punika anggadhahi bageyan-bageyan malih inggakng langkung detail ingkang wujudipun umumipun ukiran.  Ukiran ing bageyan-bageyan keris Jawa anggadhahi makna kaliyan karakter ingkang benten-benten. . 49 ricikan keris inggih punika:
nama aran perangan keris

  1. Pesi
  2. Metuk
  3. Gonjo
  4. Greneng
  5. Rondo Nunut
  6. Buntut Cecak
  7. Punukan
  8. Dho
  9. Ri Pandan (8+9 = Ron Dho)
  10. Tingil
  11. Sraweyan
  12. Bungkul
  13. Janur
  14. Sogokan
  15. Poyuhan
  16. Pejetan/Blumbangan
  17. Gandik
  18. Tikel Alis
  19. Jenggot
  20. Sekar Kacang utawi Kembang Kacang
  21. Jalen
  22. Lambe Gajah
  23. Pundak utawi Sumping
  24. Pudak Sa'tegal Depan
  25. Pudak Sa'tegal Belakang
  26. Adha-adha utawi Geger Sapi
  27. Lis-lisan
  28. Gusen
  29. Kruwingan utawi Gulo Milir
  30. Kruwingan Cucuk Manuk
  31. Pucukan Mbuntut Tumo
  32. Pucukan Anggabah Kopong
  33. Sogokan Sampir utawi Sinebo
  34. Bawang Sebungkul
  35. Sekar Kacang Pogok
  36. Lambe Gajah Rangkep
  37. Gonjo Wuwung
  38. Gonjo Kelap Lintah
  39. Gonjo Wilut
  40. Kanyut
  41. Wetengan Gonjo
  42. Sirah Cecak
  43. Buntut Cecak Sebit Lontar
  44. Sirak Cecak Melinjo utawi Nyangkem Kodok
  45. Buntut Cecak Nguceng Mati
  46. Gandik Pethuk utawi Laler Mengeng
  47. Mendhak
  48. Ukir utawi Deder
  49. Kinatah emas

Wilah

wilah
Wilah utawi pesi menika bagian utaminipun keris. Bahan kagem wilah menika dipun damel saking macem-macem bahan, nanging ingkang umum saking watu météor, wesi, lan baja. Proses ndamelipun ngagem teknologi lipat, yaiku wesi utawi baja dipunpanasi, ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa, ditekuk ngoten terus ngantos katah lipatanipun. Cacahipun lipatan menika saking 16 lipatan (keris-keris blambangan) ngantos ewonan lipatan (keris majapahit, mataram lan sapanunggalanipun). Amargi prosès menika, ndadosaken wilah keris kuat sanget, teknologi menika ugi dipuncakaken wonten industri plywood.

Warangka

warangka

 

Warangka inggih punika sarung keris utawi wadhahipun keris. Warangka keris punika kadadosan saking pérangan-pérangan poko, inggih punika pendhok, mendhak, gagang, kaliyan warangka. Miturut jinisipun, warangka keris kaperang dados kalih, inggih punika warangka gayaman kaliyan warangka ladrang. Warangka gayaman punika wujudipun wonten kalih, inggih punika gayaman gaya Yogyakarta kaliyan gayaman gaya Surakarta. Semanten ugi warangka ladrang ugi kapérang dados kalih corak utawi gaya, inggih punika cara Yogyakarta kaliyan cara Surakarta.

Hulu

Gaman utawi gagang inggih punika bageyan ingkang dipuncekel, panggenanipun wonten sangandhaping wilah utawi pesi. Manpangatipun inggih punika kagem nyekeli wilah kaliyan kagem dipuncekel nganggé asta. Hulu anggadhahi kathah macem motifipun. Keris Bali wonten ingkang wujudipun kados patung dewa, patung padende, patung raseksa, patung penari, pertapa, alas, ugi wonten ingkah kinatah emas lan watu mulya. Keris Sulawesi nggambaraken manuk liyar, minangka pralambang kangge profesi masyarakat Sulawesi ingkang mujudaken pelaut. Déné peksi mujudaken lambang kaslametan dunya. Kadosta motif mustaka manuk ingkang dipunginakaken ing keris Riau Lingga, lan kanggé panggenan sanesipun minangka pengembangan tosan aji kadosta Acèh, Bangkinang (Riau), Palembang, Sambas, Kutai, Bugis, Luwu, Jawa, Madura, kaliyan Sulu anggadhahi ukiran lan pralambang ingkang benten. Materi ingkang dipunginakaken asalipun saking manéka warna bahan kadosta gadhing, balung, logam, ingkang apling asring dipunginakaken inggih punika kayu. Hulu keris Jawa muturut garis besaripun kapérang dados sirah wingking, liling, cigir, cetek, bathuk, madharan, kaliyan bungkul.

Pamor

tuladha jinis pamor keris

 

Ingkang dipunwastanii pamor keris punika ugi saged wonten ing tosan aji sanèsipun, kadosta tumbak, wedung, pedhang, lan sapanunggalanipun. Déné pamor ingkang pilihan, biyasanipun kanggé tiyang-tiyang ingkang anggadhahi kalenggahan tartamtu utawi watek tartamtu. Pramila, langkung saé dipuntayuh rumiyin supados pirsa cocog botenipun, déné ingkang boten pilihan saged dipungadhahi sinten kémawon. Sejatosipun pamor punika gambaran/kesan utawi image wingit ingkang timbul saking ukiran ingkang wonten ing wilah keris utawi gegaman tradhisional sanèsipun. Gambaran wingit punika medal saking asil tempa campuran tosan ingkang dados bahan dhasar kanggé ndamel/nempa keris . Èlmu pamor ing gaman punika namung dipunkuwaosi déning para mpu. Jinising pamor inggih punika:
Ricikan Keris 
No. Pamor Katrangan
01. Wos Wutah Pamor jinis punika paling kathah dipuntemokaken, wujudipun boten teratur lan umumipun kasebar ing permukaan wilah. Wonten ingkang anggadhahi pamikiran pamor punika pamor gagal, nalika empu kepengin ndamel pamor, nanging gagal. Pamikiran punika dipunbantah lan pirang-pirang empu, pamor punika estu dipunsengaja dipundamel. Pamor punika ugi dipunwastani pamor tiban. Pamor wos wutah nggadhahi tuwah ingkang sae kangge katentreman lan kaselamatan ingkang gadhah pamor punika, cukup wibawa, lan disayang tiyang ingkang wonten ing sakupengipun. Pamor punika kalebet pamor ingkang boten pamilih.[11]
02. Udan Mas Pamor punika kathah dipunpadosi tiyang, utaminipun para bakul lan pangusaha. Wujudipun kados puseran utawi gelang-gelang ingkang nggadhahi lapis, paling sekedhik tigang lapis. Panggenanipun boten aturan lan wonten ingkang nyebar. Pamor punika asring berkombinasi kaliyan pamor wos wutah utawi tunggak semi. Tuwahipun pamor punika inggih punika kangge madosi rejeki. Pamor udan mas kalebet pamor ingkang boten pamilih.[11]
03. Tambal Wujude kaya goresan kuwas kang gedhé ing bidhang lukisan. Tuwahé biyasané bisa nambah kawibawaan lan bisa munggahaké kariré sing nduwé. Miturut kapitayan wong Jawa, pamor iki bisa mungghaké drajadé kang nduwé. Pamor iki kalebu pamor kang pamilih, mula ora kabèh wong bisa nduwèni pamor iki.[11]
04. Kulit Semangka Wujudé arep kaya kulit semangka, tuahé kaya Sumsum Buron. Pamor jinis iki manpangaté kanggo nggampangaké dalan golèk rejeki sarta nggampangaké dhedhapukan karo sapa waé. Pamor jinis iki kalebu pamor kang ora pamilih lan cocok dianggo sapa waé.[11]
05. Gumbolo Geni Pamor jinis iki asring sinebut pamor Gumbolo Agni utawa Gumbolo Gromo. Panggonan pamor iki ana ing tengah sor-soran lan gambaré kaya kewan kala kanthi buntut kang kaya bisa ngentup. Tuwahé apik, yaiku bisa ngunggahaké wibawané kang nduwé, lan uga bisa kanggo singkir baya. Pamor Gumbolo Geni apik diduwèni dening pimpinan sipil utawa militer. Pamor jinis iki kalebu jinis pamor kang pamilih, mula ora sembarang wong bisa nduwèni pamor iki. [11]
06. Tunggak Semi Pamor tunggak semi manggon ing tengahé sor-soran. Wujudé kaya digambar saka pinggir. Pamor iki biyasané berkombinasi karo pamor wos wutah. Tuwahé pamor iki yaiku bisa nggampangaké entuk rejeki, sanajan iku sithik. Pamor jinis iki kalebu pamor pamilih, mula ora kabèh wong bisa nduweni pamor iki.[11]
07. Sekar Kopi Ing tengah wilah ana pamor kang kaya garis kandel saka sor-soran nganti pucuk wilah. Ing kiwa tengen garis kandel iki ana bunderan-bunderan kang nggrombol utawa kelompok. Sakelompoke kaperang saka loro utawa telung bunderan lan nèmpèl ing garis kandel kaya-kaya wiji kopi kang nèmpèl ing gagangé. Tuwah pamor iki bisa nglancaraké rejeki. Pamor iki kalebu jinis pamor kang ora pamilih, ananging pamor iki kalebu pamor kang langka, mula angèl ditemokaké jinis pamor iki.[11]
08. Pulo Tirto Pamor jinis punika kados pamor wos wutah, nanging namung gumpalan gambaripun kapisah radi adoh, kados wujud pulo wonten peta.Tuwahipun ugi sami kaliyan pamor wos wutah.
09. Sumsum Buron Pamor jinis punika inggih sami kaliyan pamor wos wutah, gumapalanipun ugi kapisah radi ados kadosta pamor pulo tirto nanging radi langkung ageng kaliyan langkung dados satunggal. Tuwahipun sae, inggih punika tahan gudha kaliyan gampil rejekinipun. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih.
10. Mlati Rinonce Wujudipun pamor puniki mirip pamor rante, ananging umumipun bunderanipun langkung alit kaliyan boten boten bolonganipun. Bunderan punika awujud puseran-puseran ingkang sami kaliyan pamor udan mas, ananging langkung ageng. Tuwahipun kangge pados rejeki kaliyan numpuk kasugihan. Kangge pargaulan ugi sae. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih lan saged dipunagem kangge sinten kemawon.[12]
11. Rante Wujudipun pamor rante kados pamor mlati rinonce, nanging bentenipun ing bunderan alit ingkang wonten kados gambar bolongan. Tuwah pamor punika kangge nampung lan ngembangaken rejeki ingkang sampun dipunangsal. Pamor punika saged ngirangi sipat boros, anging boten pelit. Pamor jinis punika cocog kangge sinten kemawon kangge sadeyan utawi usaha.
12. Adeg Pamor adeg kathak dipuntemokake. Pamor jinis punika kalebet pamor pamilih, nanging langkung kathah ingkang cocog timbang boten. Tuwahipun kangge tolak balak, kadosta guna-guna, wabah, angin ribut, banjir, lan sapanunggalane. WOnten ingkang nolak satunggal sipat, wonten saperangan sipat panolakan.
13. Mrambut Pamor punika kados pamor adeg, malahan wonten ugi ingkang nggadhahi pamikiran pamor punika dipunwastani pamor adeg-mrambut. Padhahal samesthine benten. Pamor mrambut aluripun pedhot-pedhot. Tuwahipun badhe sami kaliyan pamor adeg. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang pamilih, pramila boten sembarang tiyang saged gadhah pamor jinis punika.
14. Sekar Lampes Tuwahipun pamor sekar lampes punika mirip kaliyan pamor tumpal keli. ananging namung pamor sekar lampes umumipun ugi ngandhut tuwah ingkang saged nambah kawibawaan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih.
15. Ilining Warih Rejeki ingkang lumintu, sanadyan sekedhik nanging sekedhik mbaka sekedhik wonten terus. Tuwah sanesipun inggih punika sae kangge pargaulan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih, pramila cocog kangge sinten kemawon.
16. Blarak Ngirid Pamor jinis punika ugi dipunwastani pamor Blarak Sinered, ananging ugi wonten ingkang mastani pamor blarak ngirid benten kaliyan pamor blarak sinered. Tuwahipun kangge nambah kawibawaan lan sae kangge pargaulan amargi dipunsayangi kaliyan tiyang ingkang wonten ing sakupenge. Pamor blarak ngririd kalebet pamor pamilih.
17. Ron Pakis Pamor ron pakis mirip kaliyan pamor blarak ngirid, namung wonten ing bageyan pinggiripun kados sowekan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang pamilih. Tuwahipun kangge kawibawaan sarta keberanian. Pamor jinis punika cocog dipuncekel dening tiyang ingkang ngasta ing militer utawi prajurit.
18. Korowelang Pamor punika ugi badhe sami kaliyan pamor blarak ngrid utawi ron pakis, ananging ronipun langkung ageng lan langkung dados satunggal. Tuwahipun ugi badhe sami kaliyan tuwah blarak ngirid, ananging manpangat pargaulanipun langkung ageng tinimbang manpangan wibawanipun. Keris kanthi pamor punika (boten sedaya) sae kangge pados rejeki. Pamor korowelang kalebet pamor ingkang pamilih.
19. Ron Genduru Wonten ingkang nyingkat rongenduru utawi mastani ron kenduru. Radi sami kaliyan ganggeng kanyut ananging susunanipun relatif langkung teratur lan rapi. Tuwahipun kangge kawibawaan lan rejeki. Sae kangge para pangusaha ingkang anggadhahi kathah anak buwah. Pamor Ron Genduru kalebet pamor ingkang pamilih.
20. Mayang Mekar Wujudipun kados ron sledri. Tuwahipun kangge nglancaraken pargaulan kaliyan dimisakakeni dening tiyang ingkang wonten ing sakipenge, Wonten ingkang anggadhahi tuwah pangasihan. Pamor Mayang mekar kalebet pamor ingkang pamilih.
21. Wiji Timun Wujudipun kados wiji timun. Pamor wiji timun badhe sami kaliyan pamor uler lulut ananging langkung alit lan lonjong. Tuwahipun kangge pados rejeki. Ugi wonten ingkang kangge kawibawaan. Pamor jinis wiji timun sae kangge bakul kaliyan pangusaha. Pamor wiji timun kalebet pamor ingkang pamilih.
22. Kenanga Ginubah Tuwahipun kangge narik prehatenipun tiyang. Tuwahipun ugi kangge pargaulan. Pamor Kenanga Ginubah kalebet pamor ingkang pamilih.
23. Walang Sinunduk Wujudipun mirip kaliyan pamor satai belalang. posisi walangipun saged miring mangiwa, kaliyan manengen. Tuwahipun kangge mengaruhi tiyang sanes. Wibawane ageng, pramila sae kangge para pamuka masyarakat, guru, pamimpin politik. Pamor Walang Sinunduk kalebet pamor pamilih.
22. Tumpal Keli Tuwahipun sae kangge pargaulan. Ugi saged nunjang karir amargi ingkang gadhah bakal disayang dhuwuranipun. Pmor Tumpal Keli kalebet jinis pamor ingkang boten pamilih.

Rabu, 20 Januari 2016

AKSARA JAWA

menika wujud aksara jawa, sandhangan,pasangan,aksara rekan, aksara murda, angka, lan sapanunggalanipun
carakan saha pasangan
sandangan







Senin, 18 Januari 2016

Serat Kalatidha ( Jaman yang penuh Keragu-raguan)


Raden Ngabehi Ranggawarsita, Lahir pada tanggal 15 Maret 1802 dengan nama kecil Bagus Burham. Beliau meninggal dunia pada tanggal  24 Desember 1873, dalam usia 71 tahun, dimakamkan di desa Palar, Kabupaten Klaten, Jawa Tengah.
Raden Ngabehi Ranggawarsita
Serat Kalatidha karya R Ngabehi Ranggawarsita bukanlah ramalan seperti Jangka Jayabaya. Serat Kalatidha adalah serat yang berisi falsafah atau ajaran hidup R.Ngabehi Ranggawarsita. “Kala” berarti jaman dan “Tidha” adalah ragu. Berarti jaman penuh keraguan. Walau demikian banyak yang memberi pengertian “Kalatidha adalah jaman edan” mengambil makna dari bait ke tujuh serat ini. Bait ini menggambarkan situasi “edan” saat itu. Serat yang terdiri dari 12 pada (bait) tembang Sinom ini ditulis kira-kira tahun 1860an. Kita tidak mengalami era itu, tetapi melalui Ranggawarsita kita bisa membayangkan bahwa saat itu jaman sudah edan.
Konon Serat ini ditulis saat Ranggawarsita sedang dirundung kekecewaan sebab pangkatnya tidak dinaikkan seperti rencana semula. Tentunya ada sebab-sebab yang melatarbelakangi mengapa Sunan Solo membatalkan rencananya. Belum tentu karena Ranggawarsita kurang baik reputasi dan prestasinya. Tetapi hal seperti itu bisa saja terjadi dan sampai jaman sekarang pun masih terjadi. Kelebihan Serat Kalatidha bagi saya adalah, Ranggawarsita tidak berhenti pada kekecewaan, tetapi mengungkapkan pula bagaimana beliau mengelola stressnya. Sekaligus hal ini merupakan “pepeling” bagi kita, generasi-generasi setelah surutnya beliau.
Ada yang membagi syair Serat Kalatidha dalam tiga bagian. Bagian pertama adalah “pada” (bait) ke 1 sd 6 yang merupakan kondisi tanpa prinsip, bagian kedua adalah “pada” (bait) ke tujuh  yang berisi tekad manusia untuk mawas diri, sedangkan bagian ke tiga adalah “pada” (bait) ke 8 sd 12 yang berisi ketaatan kita pada ajaran agama. Selanjutnya marilah  kita tengok bait perbait dari Serat Kalatidha yang kesohor ini. Semuanya dalam tembang “Sinom”.
serat Kalatidha
BAIT PERTAMA: ANALISIS SITUASI
Mangkya darajating praja; Kawuryan wus sunyaruri; Rurah pangrehing ukara; Karana tanpa palupi; Atilar silastuti; Sujana sarjana kelu; Kalulun kala tidha; Tidhem tandhaning dumadi; Ardayengrat dene karoban rubeda
Makna dari bait pertama ini kurang lebih sebagai berikut: Keadaan negara yang demikian merosot karena tidak ada lagi yang memberi tauladan (karana tanpa palupi).Banyak yang meninggalkan norma-norma kehidupan (atilar silastuti). Para cerdik pandai terbawa arus jaman yang penuh keragu-raguan (sujana sarjana kelu; kalulun ing kalatidha). Suasana mencekam karena dunia sudah penuh masalah.
Pada bait pertama ini kelihatan bahwa ki Pujangga mencoba melakukan analisis situasi mengapa masalah ini terjadi. Yang di atas tidak memberikan tauladan, semua orang meninggalkan norma, para cerdik-cendekiawan terbawa arus keraguan.
BAIT KE DUA: PENGARUH JAMAN
Ratune ratu utama; Patihe patih linuwih; Pra nayaka tyas raharja; Panekare becik-becik; Parandene tan dadi; Paliyasing Kala Bendu; Mandar mangkin andadra; Rubeda angrebedi; Beda-beda ardaning wong saknegara
Makna dari bait ke dua kurang lebih sebagai berikut: (Sebenarnya) baik raja, patih, pimpinan lainnya dan para pemuka masyarakat, semuanya baik. Tetapi tidak menghasilkan kebaikan (Parandene tan dadi). Hal ini karena kekuatan jaman Kala bendu. Malah semakin menjadi-jadi. Masalah semakin banyak. Pendapat orang sat negara pun berbeda-beda (beda-beda ardaning wong sak nagara).
Pada bait ke dua ini tokoh kita menjadi geleng-geleng kepala, bingung. Mengapa mesti terjadi dan semakin menjadi-jadi padahal pimpinan dari atas ke bawah, termasuk tokoh informalnya semua baik. Mungkin karena pengaruh jaman yang dinamakan “Jaman kalabendhu”.
BAIT KE TIGA: KEKECEWAAN
Katetangi tangisira; Sira sang paramengkawi; Kawileting tyas duhkita; Katamen ing ren wirangi; Dening upaya sandi; Sumaruna angrawung; Mangimur manuhara; Met pamrih melik pakolih; Temah suhha ing karsa tanpa wiweka
Makna dari bait ke tiga kurang lebih sebagai berikut: Hati rasanya menangis penuh kesedihan karena dipermalukan (baris 1 sd 4). Karena perbuatan seseorang yang seolah memberi harapan (baris 5-7). Karena ada pamrih untuk mendapatkan sesuatu (met pamrih melik pakolih, baris 8). Karena terlalu gembira sang Pujangga kehilangan kewaspadaan (baris 9)
Pada bait ke tiga ini Ranggawarsita mulai kecewa dan menyesal. Kegembiraannya menghilangkan kewaspadaan. Ia lena dengan mulut manis seolah memberi harapan dan ia sendiri memang ingin mendapatkan sesuatu. Akhirnya menjadi sedih karena dipermalukan. Disini ada kesadaran dalam kekecewaan, bahwa “melik nggendong lali” yang tergambar dalam met pamrih pakolih, temah suh-ha ing karsa tanpa weweka”.
BAIT KE EMPAT: PENGAKUAN KALAU LUPA
Dasar karoban pawarta; Bebaratun ujar lamis; Pinudya dadya pangarsa; Wekasan malah kawuri; Yan pinikir sayekti; Mundhak apa aneng ngayun; Andhedher kaluputan; Siniraman banyu lali; Lamun tuwuh dadi kekembanging beka
Makna dari bait ke empat kurang lebih sebagai berikut: Karena terlalu banyak kabar angin yang beredar (dasar karoban pawarta; bebaratun ujar lamis). Akan diposisikan sebagai pimpinan tetapi akhirnya malah di taruh di belakang dan dilupakan (baris 3 dan 4). (sebenarnya) kalau direnungkan, apa manfaatnya menjadi pimpinan (kalau) hanya menebar benih kesalahan, (lebih-lebih) bila disiram air “lupa” hasilnya hanyalah berbunga kesusahan (baris 5 sd 9)
Pada bait ke empat ini Ranggawarsita mengungkapka bahwa ia terlalu GR dengan kabar angin bahwa ia akan dijadikan “pangarsa”, pimpinan. Ketika kemudian harapannya ternyata hilang (Pinudya dadi pangarsa; wekasan malah kawuri) , ia mencoba menghibur diri dengan mengungkapkan: Untuk apa jadi pemimpin kalau hanya menanam kesalahan yang disiram dengan air lupa. Bunga yang dipetik hanyalah “masalah”.
BAIT KE LIMA: LEBIH BAIK MENULIS BUKU
Ujaring panitisastra; Awewarah asung peling; Ing jaman keneng musibat; Wong ambeg jatmika kontit; Mengkono yen niteni; Pedah apa amituhu; Pawarta lolawara; Mundhuk angreranta ati; Angurbaya angiket cariteng kuna
Makna dari bait ke lima kurang lebih sebagai berikut: Menurut para ahli sastra, sebenarnya sudah ada peringatan bahwa di jaman yang penuh musibah ini orang yang berbudi akan ditinggalkan (baris 1 sd 4). Demikian pula kalau kita perhatikan, apa manfaatnya percaya pada desas-desus. Lebih baik menulis kisah-kisah lama (baris 5 sd 9)
Pada bait ke lima ini R Ngabehi Ranggawarsita mencoba mencari makna lain dari kehidupan dengan lebih banyak menulis cerita: “angurbaya angiket  cariteng kuna”. Sebuah pelarian, mungkin. Tetapi sekarang pun terjadi seperti itu, menulis buku.
BAIT KE ENAM: TAKDIR
Keni kinarta darsana; Panglimbang ala lan becik; Sayekti akeh kewala; Lelakon kang dadi tamsil; Masalahing ngaurip; Wahaninira tinemu; Temahan anarima; Mupus pepesthening takdir; Puluh-puluh anglakoni kaelokan
Makna dari bait ke enam kurang lebih sebagai berikut: Kisah ini dapatnya dijadikan cermin dalam menimbang hal-hal yang baik dan yang buruk. Sebenarnya banyak kisah lama yang dapat dijadikan contoh, mengenai masalah-masalah dalam kehidupan (baris 1 sd 5). Setelah ketemu akhirnya bisa “nrima” dan berserah diri pada kehendak takdir atas hal-hal elok yang terjadi (baris 6 sd 9)
Pada bait ke enam ini, Karena tidak menemukan sebab-sebab yang pasti (diungkapkan sebagai “kaelokan”) akhirnya  R. Ngabehi Ranggawarsita mengambil kesimpulan bahwa hal tersebut memang sudah takdir Tuhan. Dengan demikian selesailah bagian pertama dari Serat kalatidha dimana beliau menyerahkan kepada kebijaksanaan Tuhan dengan “mupus pepestening takdir”.
BAIT KE TUJUH: JAMAN EDAN
Bait ke tuju inilah bagian ke dua dari Serat Kalatidha. Bait yang paling populer, cukup banyak yang hapal lengkap satu “pada” (bait) atau hanya hapal dua baris terakhir: “begja-begjane kang lali; luwih beja kang eling lawan waspada”. Orang sekarang yang tidak tahu bait ke satu sampai dengan enam bisa menganggap sebagai ramalan. Sekali lagi ini bukan ramalan, ini kritik jaman pada abad ke 19 yang ternyata masih dipakai pada abad ke 21. Bukan prediksi untuk abad ke 21.
Bait ke 7 selengkapnya adalah sebagai berikut:
Amenangi jaman edan; Ewuh aya ing pambudi; Milu edan nora tahan; Yen tan milu anglakoni; Boya kaduman melik; Kaliren wekasanipun; Ndilalah karsa Allah; Begja-begjane kang lali; Luwih begja kang eling lawan waspada
Makna dari bait ke tujuh adalah sebagai berikut: Mengalami hidup pada jaman edan; memang serba repot; Mau ikut ngedan hati tidak sampai; Kalau tidak mengikuti; Tidak kebagian apa-apa; akhirnya malah kelaparan; namun sudah menjadi kehendak Allah; Bagaimanapun beruntungnya orang yang “lupa”; Masih lebih beruntung orang yang “ingat” dan “waspada”
Pada bait ke tujuh ini, ki Pujangga mengungkap dilema kehidupan pada jaman edan. Dilema pada orang yang ragu-ragu tentunya. Mau ikut gila hati masih belum sampai, tetapi kalau tidak ikut ngedan bisa kelaparan. Dan lagi-lagi kehebatan Ranggawarsita, beliau tidak sekedar memasalahkan masalah, namun memberi peringatan sekaligus solusi: “Eling” lan “Waspada”. “Eling” berarti ingat pada Tuhan. Tuhan tidak pernah tidur, Tuhan adalah Maha Mengawasi. Disamping “Eling” juga “Waspada” kepada manusia lainnya karena diantara manusia ada yang mempunyai kelakuan suka menjerumuskan orang lain.
Dalam bahasa “Management Strategis” saya menganggap “Eling dan waspada” adalah “Critical Success Factor” yang harus dijabarkan dalam Visi, Misi, Strategi dan Langkah-langkah bila kita tidak ingin terbelenggu dan ragu dalam jaman edan. Demikianlah bait ke tujuh sekaligus bagian ke dua dari Serat Kalatidha: “Eling lan waspada”
BAIT KE DELAPAN: MERASA TUA
Semono iku bebasan; Padu-padune kepengin; Enggih mekoten man Doblang; Bener ingkang angarani; Nanging sajroning batin; Sejatine nyamut-nyamut; Wis tuwa arep apa
Muhung mahas ing asepi; Supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma
Makna dari bait ke delapan adalah sebagai berikut: Hal itu sebenarnya karena ada keinginan. Begitu kan paman Doblang? (baris ke 1 sd 3). Kalau ada yang mengatakan begitu, memang benar. Tetapi dalam hati memang susah juga. Sekarang sudah tua, mau mencari apa lagi. Lebih baik menyepi agar mendapat ampunan Tuhan (baris 4 sd 9).
Pada bait ke delapan ini R. Ngabehi Ranggawarsita mulai merasa tua, mulai memikirkan kematian. Merasa banyak dosa ditambah menyadari kematian maka ki Pujangga berupaya mencari pengampunan dosanya. “Menyepi” adalah ungkapan Jawa untuk mendekatkan diri kepada Tuhan. Jangan dibayangkan sebagai semacam menjauhkan diri dari kehidupan dengan  bertapa di goa-goa. Inilah “wis tuwa arep apa, muhung mahas ing asepi, supayantuk parimarmaning Hyang Suksma”.
BAIT KE SEMBILAN: ALLAH MEMBERI PERTOLONGAN, MANUSIA IKHTIAR
Beda lan kang wus santosa; Kinarilah ing Hyang Widhi; Satiba malanganeya; Tan susah ngupaya kasil; Saking mangunah prapti; Pangeran paring pitulung; Marga samaning titah
Rupa sabarang pakolih; Parandene maksih taberi ikhtiyar
Makna dari bait ke sembilan adalah: Lain dengan yang sudah sentausa. Mendapatkan rahmat Allah. Nasibnya selalu baik. Tidak sulit upayanya. Selalu memperoleh hasil. Tuhan selalu memberi pertolongan. Memberi jalan semua ummatnya. Sehingga memperoleh semuanya. Tetapi manusia tetaplah berikhtiar.
Pada bait ke sembilan ini Ranggawarsita menekankan pentingnya ikhtiar. Beliau memberi contoh orang-orang yang berhasil karena dirahmati Allah.
BAIT KE SEPULUH: IKHTIAR DAN RAHMAT ALLAH
Sakadare linakonan; Mung tumindak mara ati; Angger tan dadi prakara; Karana riwayat muni; Ikhtiyar iku yekti; Pamilihing reh rahayu; Sinambi budidaya; Kanthi awas lawan eling
Kanti kaesthi antuka parmaning Suksma
Makna dari bait ke sepuluh adalah: Kita laksanakan, apapun, sekedarnya. Perbuatan yang menyenangkan dan tidak menimbulkan masalah. Karena sudah dikatakan, manusia wajib ikhtiar. Melalui jalan yang benar. Sembari berikhtiar tersebut, manusia harus terap awas dan ingat supaya mendapatkan rahmat Tuhan.
Pada bait ke sepuluh: “ikhtiar iku yekti, pamilihing reh rahayu, sinambi budi daya, kanthi awas lawan eling, kang kaesthi antuka marmaning Suksma. Kembali kata ikhtiar dan “Eling” diulang dalam upaya kita mendapatkan rahmat Allah. Ikhtiar yang kita lakukan adalah ikhtiar di jalan yang benar. Bait ke sepuluh adalah penekanan bait ke sembilan.
BAIT KE SEBELAS: SEMAKIN MENDEKATKAN DIRI KEPADA ALLAH
Ya Allah ya Rasulullah; Kang sipat murah lan asih; Mugi-mugi aparinga; Pitulung ingkang martani; Ing alam awal akhir; Dumununging gesang ulun; Mangkya sampun awredha
Ing wekasan kadi pundi; Mula mugi wontena pitulung Tuwan
Makna dari bait ke sebelas adalah: Ya Allah, ya Rasulullah yang bersifat pemurah dan pengasih. Kiranya berkenan memberi pertolongan dalam alam awal dan akhir dalam kehidupan saya (baris 1 sd 6). Sekarang hamba sudah tua. Akhir nanti seperti apa, kiranya mendapatkan pertolongan Allah (baris 7 sd 9)
Pada bait ke sebelas ini Ranggawarsita merasa waktunya untuk “pulang” menghadap Sang Maha Pencipta sudah semakin dekat. Ia harus semakin mendekatkan diri. Hanya Allah yang akan menyelamatkannya di kehidupan akhirat nanti.
BAIT KE DUABELAS: MOHON AMPUNAN ALLAH
Sageda sabar santosa; Mati sajroning ngaurip; Kalis ing reh aruraha; Murka angkara sumingkir; Tarlen meleng malat sih; Sanistyaseng tyas mematuh; Badharing sapudhendha
Antuk mayar sawetawis; BoRONG angGA saWARga meSI marTAya
Makna dari bait ke duabelas adalah: kiranya saya mampu sabar dan sentausa. Mati dalam hidup. Terbebas dari semua kerepotan. Angkara murka menyingkir (baris 1 sd 4). Saya hanya memohon karunia kepadaMu, guna mendapat ampunan, diberi sekedar keringanan. Hamba serahkan jiwa dan raga hamba (baris 5 sd 9)..
Pada bait ke duabelas ini Ranggawarsita sampai pada puncak pendekatannya kepada Tuhan yang diungkapkan dalam “mati sajroning urip”. Mati dalam hidup bukanlah orang yang sudah lepas sama sekali dari dunia padahal kakinya masih menginjak bumi, bukan pula pelarian karena pelarian tidak akan memberikan apa-apa. Sekali lagi, “mati sajroning urip bukanlah pengasingan diri orang yang lari” .
Demikianlah bait ke delapan sd duabelas yang merupakan bagian ketiga dan terakhir Serat Kalatidha yang intinya “Kembali kepada Allah” melalui “mati sajroning urip
PENUTUP
R Ngabehi Ranggawarsita melalui kekecewaan dan pengalaman hidupnya dalam sebuah karya yang sampai sekarang tetap kesohor “Serat Kalatidha” yang bertujuan memberi peringatan kepada kita agar senantiasa “Eling” kepada Allah dan “Waspada” kepada manusia dan kehidupan manusia. Beliau tidak pernah menganjurkan orang jadi pemberontak, melainkan manusia hendaknya percaya kepada “Takdir”. Takdir yang dilandasi dengan “Ikhtiar” di jalan yang benar. Setelah ikhtiar maka semuanya dikembalikan ke Takdir.
R Ngabehi Ranggawarsita menyadari kehendak Allah yang kadang sulit diterima akal manusia. Namun beliau yakit bahwa Allah akan menolong orang-orang yang “eling lawan waspada”. Orang yang “eling dan waspada” tidak akan terombang-ambing dalam riak gelombang “Kalatidha”. Tidak akan frustasi, neurosis atau bahkan menjadi schizophereni.
Sebagai karya seni yang menulis tentang manusia dan kehidupannya ternyata karya ini tidak lapuk oleh jaman. Baris terakhir bait terakhir Serat Kalatidha yang terjemahan bebasnya adalah “Hamba serahkan jiwa dan raga (kepada Allah) ditulis dalam sebuah “sandhiasma” yang menunjukkan nama penulisnya: BoRONG angGA saWARga meSI marTAya (IwM).


kapethik saking iwanmuljono.blogspot.co.id

Senin, 11 Januari 2016

PAGELARAN SENI (KLS X SEM 2 WULANGAN 1)



kelas 1 sem 2 wulangan 1

PAGELARAN SENI
pagelaran seni jawa

Pagelaran seni kuwi minangka salah sawijining wujud seni sing kompleks, amarga dumadi saka pirang-pirang jinis bidang seni. Coba gatekna, sawijining pagelaran kesenian kayata kethoprak utawa sendra tari padatan butuh kayata iringan kang awujud musik, dialog, kostum/busana,panggung tata lampu, saha sebi paes utawa rias.
Pagelaran seni uga diperang dadi loro, yaiku pagelaran seni tradisional lan pagelaran seni modern.
a.       Pagelaran seni tradisional
Ing saben pentase, padatan kesenian tradisional mesthi duwe ancas kang diwedharake kanggo para pamiarsa. Acas kang diwedharake kuwi awujud piwulang kang asipat social, politik, moral lan sapanunggalane. Pagelaran seni tradisional kuwi duwe 4 fungsi, yaiku fungsi ritual, fungsi pendidikan minangka sarana panuntun, fungsi kritik social, saha fungsi panglipur utawa tontonan.

b.      Pagelaran seni moder
Tuladha pagelaran seni modern kayata drama, opera, fragmen, teater, lan film. Pagelaran seni modern kuwi padatan dipentasaken ana media elektronik, kayata Televisi.

Wacan! Tuladha Pagelaran seni Tradisional
KETHOPRAK
Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran kang asale saka Jawa. Sajroning pagelaran kethoprak tembang-tembang Jawa kanthi iringan gamelan kasuguhake kanthi rancak. Lumrahe,  crita  kang  diangkat  jroning  pagelaran kethoprak  ana  maneka  warna  jinise.  Ana  sing dijupuk  saka crita sujarah Jawa, legenda, utawa saka crita manca nagara. Nanging, bakune crita kang dibabar  ora  bakal   njupuk  saka  wiracarita  Ramayana  lan  Mahabharata,  amarga  wiracarita  kasebut digelaraken ana kesenian wayang wong.
Sing dadi ciri wancine kethoprak yaiku, carita kanthi para nayaga/ pemain, kairing tabuhan (gamelan),  nganggo  tembang  kang dadi tet enger kethoprak (rembugan uga   bisa  nganggo  tembang,  dadi tembang bisa mujudake pangiring adegan), dialog, lan monolog utawa dadi          narasi. Wondene unining gamelan kanggo ngiringi tembang, adhegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, lan kanggo mbedakake  adhegan  siji  lan  sijine. Paraga kethoprak kudu pinter "acting" uga kudu pinter nembang, olah basa-sastra, lan joged. Dene sawetara lakon kethoprak kang  kondhang ing antarane yaiku Arya Penangsang Warok         Suramenggala, Abdul Semararupi, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana, Andhe-andhe lumut, Anglingdarma, Rara Mendut- Pranacitra,  Damar  Wulan,  lan  sapiturute.  Nanging  ana  kalane  ya  ngangkat  crita  saka  manca  nagara, upamane Sampek-Eng Tay, Romeo-Juliet, lsp.
pagelaran seni kethoprak
Sawetara taun kapungkur, crita kethoprak akeh dibabar ing TV, salah sijine arupa kethoprak klasik, yaiku  pagelaran kethoprak  kang  dibabar  ing panggung kanthi  beber kang winates.  Sabanjure uga  ana kethoprak  sayembara, yaiku kethoprak kang dibabar ing TV kanthi beber/setting alam lan swasana ing njaban gedhung.  Becike maneh, saben episode, mesthi ipungkasi kanthi sayembara kang nyedhiyani hadhiah mirunggan     kanggo            milut    lan nggeret kawigatene pamirsane.
Wektu   saiki,   kethoprak uga  duwe  "improvisasi"  kanthi wujud dhagelan kethoprak, upamane dhagelan lan kethoprak humor ana ing siaran radio lan televisi.   Carita   bakune   padha nanging dipagelaraké kanthi dhagelan, mligi mung nyenengake          penontone. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau   biasane   wis   ora   banget- banget nggatekake      unggah- ungguh basa lan tatakrama, sing baku  bisa  gawe  guyu.  Carita  lan  basa  ora  nganggo  paugeran  baku,  mula  bisa  kasebut  kethoprak  ora jangkep. Kethoprak jinis iki akeh dibumboni dhagelan utawa guyonan, mula diarani kethoprak humor. Para paragane uga para dhagelan kondhang ing jagad kasenian. Sawetara sumber nyebutake kasenian kethoprak antuk kalungguhan kang mirunggan jroning masarakat Jawa, mligine wong cilik. Sebab jroning kethoprak, seni  sandiwara,  musik  lan  sastra  dibabar  bebarengan.  Kasenian  kethoprak  iki  tuwuh  ngrembaka  ing Ngayogyakarta lan Jawa Tengah, sarta  saperangan dhaerah Jawa Timur. Jaman mbiyen kethoprak dadi panglipure masarakat. Sanajan dadi panglipuring masyarakat lan ngandhut piwulang budaya Jawa, nanging ing ngrembakane jaman, kasenian kethoprak rada dikiwakake dening masarakate, mligine para mudha awit ora pati dunung marang kasenian kethoprak, apa maneh gelem nresnani kasenian iki.