Senin, 04 Januari 2016

Wawancara (wul 1 XI SEM 2)



Wulangan 1 kelas XI semester 2
Kompetensi Dasar:
·         mendengarkan dan merangkum isi pembicaraan dalam wawancara
·         Presentasi hasil penelitian secara runtut dengan menggunakan bahsa yang baik dan benar
·         Membacakan berita dengan intonasi,lafal, dan sikap membaca yang baik
·         Menulis karya ilmiah seperti hasil pengamatan, dan penelitian dan mempresentasikan.


WAWANCARA


Wong kang lagi wawancara

1.       Nyemak Wawancara
awancara yaiku rembugan antarane wong siji kang minangka wong siji kang minangka wong sing takon karo wong sisjine sing minangka paranpitakonan, kanthi pangajab bias oelh katerangan saka wong sing minangka paranpara kasebut.
Supaya anggone wawancara oleh katrangan kang jumbuh kang jumbuh karo apa kang dikarepakake, mula kudu nggatekake bab-bab kayata:
1.       Apa sing ditakokekake
2.       Sapa sing nindake: sapa sing dadi panakon, sapa sing dadi paranpara (narasumber)
3.       Kapan anggone nindakake
4.       Papane ana ngendi
5.       Apa wae asile wawancara

Cara nindake Wawancara:
1.       Nganggo sandhangan sing sopan
2.       Polatane kang grapyak semanak)
3.       Nganggo basa kang sopan lan miturut unggah-ungguh basa.
4.       Miwiti pitakonan kanthi uluk salam sing prayoga/apik
5.       Pitakon kang mbutihaken katrangan, dudu asipat jajal kawruhe paranpara.
6.       Aja manehi pitakon-pitakon kang wangsulane “iya” utawa”ora”
7.       Ngaturaken panuwun marang paranpara  saparipurnaning/sarampunging wawancara.

Tuladha Wawancara
caranipun nanem klapa kanthi bener supados asilipun katah

Sawijining dina pakdheku, kang asma Sawiji ditekani pawongan saka RRI, dheweke ana perlu wawancara ngenani carane nandur klapa kang bener. Pakdheku pancen pinter tetanem mligine tetanen klapa. Kebon klapane akeh tur wite uga subur subur. Mangakene iki wawancarane Pakdheku karo pawongan saka RI kang asma Mico Cassah.

Mico : "Sugeng siyang Pak Sawiji."

Sawiji: "inggih sugeng siyang mas. Mangga pinarak lenggah wonten mriki!"

Mico: "inggih inggih, matur suwun. Mekaten lho pak, Kula asma Mico Cassah saking RRI badhe nyuwun pirsa kaliyan bapak, babagan caranipun nanem klapa kanthi bener supados asilipun katah"
 
Nanem klapa

Sawiji: "O...mekaten. Inggih mas. Ingkang sepisan kedah nyawisaken pasiten. Pasiten dipun damel jogangan, ingkang badhe dipun tanemi kedah mawur. Dipunpacul lebetipun antawis 25-30 cm lan panjangipun kajumbuhaken kaliyan bibitipun."

Mico: "Lha... Caranipun ndamel bibit kados pundi Pak Waji?"

Sawiji: "Gampil kemawon kok mas. langkung rumiyin kapilah klapa ingkang sepuh utawi garing. Kasimpen ing papan eyom dangunipun kirang langkung setunggal wulan. Klapa bibit kaseset utawi dipun kepras secalakipun panggenan thikilan kirang langkung 5 cm lajeng kacelupaken larutan ozardrin 0,1 %. Sasampunipun kacelupaken larutan ozardin lajeng dipunkecambahaken ing bedhengan ingkang sampun kacawisaken. Kaprayogekaken madhep mangetan kaangkah bongkotipun klapa wonten wetan. Kaurug watara pupuk thikilan lan dipun sirami enjing sonten. Menawi sampun thukul watara 3cm bibit lajeng kapindhah dhateng bak utawa pholiback."

Mico: "Woalah... janjane gampil nggih pak? Lajeng larutan ozadrin wau mundhutipun wonten pundi?"

Sawiji: "Panjenengan nyuwun kemawon wonten toko bahan bahan kimia, mesthi wonten. Mangga lho mas, dipununjuk rumiyin wedangipun."

Mico: Inggih matur nuwun, Pak Waji."
Kapethik saking www.gerbangilmu.com, kisenojogja.files.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar