Rabu, 02 Maret 2016

LATIHAN SOAL UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA TAHUN 2016





LATIHAN SOAL UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA TAHUN 2016 KELAS III SMK MUHAMMADIYAH 1 YOGYAKARTA

A.     Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi nyukani tandha ( X ) ing wangsulan a, b, c, utawi d ingkang leres!

1.   Supaya pakaryan sing abot bias dadi entheng, ditindakake kanthi cara…
A.     Ditandangi dhewe
B.     Dirampungke dhewe
C.     Diayahi dhewe
D.     Gotong royong
E.      Kongkonan wong liya
2.      Rerukunan kuwi kudu lelandhesan ati..
A.     Nelangsa
B.     Prihatin
C.     Owel
D.     Lila
E.      legawa
3.      saben ana perkawa dirembug kanthi bebarengan, mula ana ing masyarakat iku ora ana pasulayan. Kahanan kang kaya mengkono kuwi diarani..
A.     rukun
B.     cengkah
C.     derdah
D.     gijeh
E.      horeg
4.      Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani?
A.     Brosur
B.     Selebaran
C.     Wara-wara
D.     Sedhahan
E.      lelayu
5.      Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani…
A.     Iklan
B.     Brosur
C.     Sayembara
D.     Lelayu
E.      Majalah
6.      Unsur kang ambangun sesorah ana telu, apa wae….
A.     Pambuka, panutup
B.      Isi, panutup
C.     Pambuka, isi
D.     Pambuka, Panutup, isi
E.      Pambuka, isi, lan panutup
7.      “Mekaten atur kula, mbok bilih anggen kula matur kathah kelenta-kelentunipun, kirang subasita mboten

naming kulo nyadong sih agunging samudra pangaksama.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb. 
ana ing sesorah, ukara ing ndhuwur dipunsebut….
A.     Pambuka sesorah
B.     Wigating atur
C.     Pangajeng-ajeng
D.     Atur penutup
E.      Adangiyah
Wacanen sesorah ing nggisor iki!!
Inggih amargi, para mudha samenika menawi sampun rena dhateng samubarang ingkang nuwuhaken raos sekeca lajeng awrat menawi nilaraken. Kawiwitan saking pepenginan kagem nyobi, kasambet faktor kanca ingkang asring migunakaken satemah ndadosaken para mudha langkung celak kaliyan narkoba. Prelu dipunmangertosi dening sinten kemawon mliginipun dhateng para mudha minangka agul-aguling bangsa, bilih kanthi migunakaken narkoba menika ateges nyelaki dhateng kasangsaran saha kacilakan, kadosta sumbering sesakit fisik saha mental.
8.      Sesorah ana ing dhuwur duweni tema apa…
A.     Kasarasan
B.     Pendidikan
C.     Bencana alam
D.      Agama
E.      Gesang
9.      Paraga sing kulinanae nyandra panganten iku disebut apa..
A.     Pranatacara
B.     Tanggapwara
C.     Tatcara
D.     Adicara
E.      upacara
10.  panyandra tumrap perangane awak :idep yaiku..
A.     nawon kemit
B.     nudup turi
C.     miji timun
D.     nraju mas
E.      tumenga ing tawang
11.  Gugoh tuhon kang isis wewaler yaiku..
A.     Aja dumeh ayu banjur kemayu
B.     Aja turu sore kaki
C.     Aja wani karo wong tuwa
D.     Aja mangan brutu
E.      Aja seneng udut
12.  Pasemon minangka titihan panguwasing kang Maha kwasa..
A.     Gajah
B.     Panitis
C.     Pangapit
D.     Godheg
E.      alis
13.  Basa Jawa ragam krama inggil digunakake saka sapa kanggo sapa….
A.     Sepuh marang tiyang enem
B.     Enem marang sapadhane
C.     Bapak marang garwane
D.     Enem marang tiyang sepuh
E.      Enem kaliyan enem
14.  “Bapak mangan sega goreng karo maca koran.”
Ukara ing dhuwur iki menawa digawe nganggo karma sing bener kepriye…
A.     Bapak mangan sekul goreng kaliyan maos koran
B.     Bapak dhahar sekul goreng saha maca koran
C.     Bapak dhahar sekul goreng karo maos koran
D.     Bapak dhahar sekul goreng saha maos koran
E.      Bapak maem sekul goreng saha maos koran
15.  Bapak sampun .... kantor, nalika kula nembe ....
ukara ing dhuwur isenana nganggo ukara sing pener..
A.     Tindak lan adus
B.     Lunga lan adus
C.     Tindak lan siram
D.     Muleh lan adus
E.      Tindak lan gebyur

            wacanen pacelathon ing dhuwur iki !
Sena : “Pak, menawi panjenengan sampun kondur saking makarya, kula tumbaske buku nggih !”
Bapak : “ya le, mengko bapak tukokke !”
16.  Aturipun Budi ingkang klentu wonten ing tembung….
A.     Kondur
B.     Makarya
C.     Panjenengan
D.     Tumbaske
E.      Menawi

17.  “Adhiku lagi mangan wonten kamar ananging kula dhahar wonten meja.”
Tembung endi sing ora bener pangggone saka ukara ing dhuwur….
A.     Mangan
B.     Dhahar
C.     Meja
D.     Ananging
E.      lagi
18.  Menawa nampa peparing saka wong liya kuwi becike nganggo tangan tengen lan ngucapake…
A.     Kula nuwun
B.     Matur nuwun
C.     Nywuwn pamit
D.     Sembah nuwun
E.      Nywun pangestu
19.  Kabudayan jawa lan manca sejatine duwe pernah dhewe-dhewe. Mula saka kuwi sing becik dienggo diguwang barang sing…
A.     Pihuna
B.     Ala
C.     Cetha
D.     Nyata
E.      sampurna
20.  mangan lan ngombe miturut kabudayan jawa sing becik kudu…
A.     karo ngadeg
B.     mlaku-mlaku
C.     sinambi omongan
D.     karo turu
E.      lungguh kang prayoga
21.  managan ana ngarep lawang iku ora ilok amarga..
A.     lawang iku akeh dhemite
B.     hawane kepenak ing nggarep lawang
C.     bias karo nyawang sing pada liwat
D.     ngganggu wong sing padha liwat
E.      rasane luwih enak mangan ana lawang.
22.  Apa ancas/tujuane migunakake basa karma inggil iku…
A.     Kangge ngurmati tiyang ingkang sepuh
B.     Kangge sinau basa Jawi kanthi leres
C.     Kangge mbudidaya basa Jawi
D.     Kangge ngurmati marang sapadhane
E.      Kangge nglestantunanken budaya.
Wacanen pacelathon ing ggisor iki !
Pak Tejo : “menawi badhe ngendika marang Pak Lurah, kedah ngginakaken basa jawi ragam krama inggil menapa mboten?”
Pak Sri : “inggih Pak ! leres, amargi Pak Lurah menika saking abdi dalem kraton”
23.  Pacelathon ing dhuwur iki migunakake basa jawa ragam apa….
A.     Ngoko
B.     Ngoko lugu
C.     Krama madya
D.     Krama inggil
E.      Krama ndesa
24.  Manahipun Bapak radi kuciwa amargi putranipun mboten saged mbiyantu makarya.
Tembung manah lan makarya duwe teges….
A.     Ati lan asil karya
B.     Madosi kerja lan ati
C.     Ati lan nyambut damel
D.     Ati lan kasusahan
E.      Ati lan pikiran
25.  Simbah nembe tilem ing kamar amarga nandhang gerah sampun dangu. Sanajan sampun ngombe obat taksih dereng waras.
Tembung sing kleru ing ukara kasebut, yaiku….
A.     Tilem lan gerah
B.     Gerah lan waras
C.     Ngombe lan waras
D.     Tilem lan ngombe
E.      Sanajan an Taksih
26.   Kejem, sombong, ugungan, kumingsun, lembah manah, sumeh. Iku kalebu..
A.     Paraga
B.     Watak
C.     Alur
D.     Latar
E.      amanat
27.  kabeh wae duwe kuwajiban memayu hayuning…
A.     bawana
B.     kusuma
C.     wanodya
D.     wanita
E.      bale wisma
28.  Ana ing ngalas, wayah wengi, iku kalebu peranagane…
A.     purusa
B.     tema
C.     watak
D.     latar
E.      pesen
29.  (1) Atur puji syukur dhateng Pangeran,
(2) Salam Pambuka,
(3) Atur Kasugengan,
(4) wedharing gati,
(5) panutup,
(6) atur nyuwun pangapunten
 Cengkorongan medhar sabda sing bener yaiku….
a.       2-1-3-4-6-5
b.      2-3-1-6-4-5
c.       2-3-4-1-6-5
d.      2-4-1-3-6-5
e.       2-3-4-5-6-1
30.  Urut-urutaning sesorah sakdurunge atur panutup yaiku….
A.     Pangajeng-ajeng lan pangajak
B.     Atur pambuka sesorah
C.     Wigatining atur sesorah
D.     Atur puji syukur lan panuwun
E.      Pandonga
31.   (1) Pambuka kanthi salam 
(2) Pendahuluan ingkang sedkedikipun ngambaraken isi.
(3) Isi utawi materi sesorah kanthi cara sistematis : teges, ancas, sasaran, rencana,langkah-kangkah lsp.
(4)Penutup (dudutan, pramayogi, salam panutup, lsp)
Kasusuna kerangka sesorah ingkang sae, kanthi urut….
A.    1, 3, 2, 4
B.     2, 3, 4, 1
C.     1, 2, 3, 4
D.    3, 2, 1, 4
E.     2, 3, 4, 1
32.  Saderangipun kita damel sesorah kita kedah damel kerangka pokok sesorah supados….
a.       Gampil anggenipun damel sesorah
b.      Gampil anggenipn ngapalaken sesorah
c.       Gampil anggenipun maos sesorah
d.      Gampil anggenipun bikak sesorah
e.       Gampil anggenipun nemtokaken pirembagan.
33.  Wacan ingkang kalebet cariyos narasi lan wosipun nyariosaken prastawa kang dialami dening paraga kanthi urutan wektu tinamtu dipunsebut….
A.     Cerkak
B.     Sesorah
C.     Wacana
D.     Paragraf
E.      Geguritan
34.  Kabeh pepinginan iku bias kasembadan menawa anggone nindakake kanthi cara
A.     Ngati-ati
B.     Grusa-grusu
C.     Kesusu
D.     Kebat kliwat
E.      sumengka
35.  ngati-ati bakale nir ing bilahi, wasapada nir ing sambekala. Nir tegese, yaiku..
A.     nemahi
B.     uwal saka
C.     antuk
D.     oleh
E.      nemu
36.  09-semar.jpgsemaken gambar wayang ngisor iki!
 






Sapa jenenge paraga wayang ing dhuwur iki..
A.     Gareng
B.     Petruk
C.      semar
37.  unen-unen iku bacutna, prayitna bakale yuwana, lena tumekaning...
A.     panggonan
B.     tujuan
C.     sampurna
D.     pralaya
E.      wibawa
38.  Cerkak kadadean saking kalih tembung inggih menika….
A.     Cerita cekak
B.     Cerita ngakak
C.     Cerita mancak
D.     Cerita cecak
E.      Cerita Rancak
39.  Unsur-unsur ingkang  mbangun teks sastra inggih menika….
A.     Unsur intrinsik lan unsur internal
B.     Unsur eksternal lan unsur ekstrinsik
C.     Unsur ekstrinsik lan unsur alami
D.     Unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik
E.      Unsur langsung saha boten langsung.
40.  Cariyos menika dipun perang dados kalih jinis, inggih menika….
A.     Nyata lan non fiksi
B.     Non fiksi lan alamiah
C.     Fiksi lan imajinasi
D.     Fiksi lan non fiksi
E.      Sastra lan non sastra
41.  Unsur ingkang mbangun wonten ing salebeting cariyos dipunsebut….
A.     Unsur ekstrinsik
B.     Unsur intrinsik
C.     Unsur paraga
D.     Latar belakang
E.      Point of view
Wacanen wacan ing nggisor iki !
kanthi permati !
“lho, kowe sida arep lunga ta, Pur?” pitakonne embokne Purwanti karo miyak kain minangka gantine lawang kamare Purwanti.
Purwanti ora enggal caos wangsulan. Tangane ubeg ienggo mbenakake saperangan panggonan kangkawawas kurang pas sapisan-pisan pandelengane manter ing salah sawijining kaca pangilon cilik kang gumantung ing tembok kamar.
Kapethik saking : Djaka Lodang No. 09 28/ 7/ 2012
42.  Wacan ing nginggil menika gadhah piwulang menapa….
A.     Menawi sekolahan prei menika ingkang leres mbiyantu tiyang sepuhipun makarya
B.     Dados siswa menika kedah sinau ingkang temenan sanajan sekolahan menika prei
C.     Menawi badhe tindakan luwih becik bilih pamit rumiyin kaliyan tiyang sepuhipun
D.     Putra menika kedhah njagi sopan-santun saha tata krama kaliyan tiyang sepuhipun
E.      Dados putra menika kedhah damel tiyang sepuh remen.

43.  Inti utawi ide dhasar ing sawijining cariyos dipunsebut….
A.     Tema
B.     Alut
C.     Latar
D.     Konflik
E.      Paraga

Wacanen wacan ing nggisor iki !
Dina iki Purwanti ora mlebu sekolah jalaran sekolahane prei. Ora kaya adat saben, janji wektu prei menawa tangi esukrasane aras-arasen. Nanging beda karo kang ditindakake dening Purwanti wektu iki. Dheweke tangi luwih gasik. Sawise adus banjur dandan kaya lumrahe kenya remaja sing isih sekolah ana ing SMA.
Kapethik saking : Djaka Lodang No. 09 28/ 7/ 2012
44.  Ana ngendi setting/latar saka wacan ing dhuwur….
A.     Sekolahipun Purwanti
B.     Dalemipun Purwanti
C.     Kamaripun Purwanti
D.     Griya sakit
E.      Kampungipun Purwanti
45.  Papan panggonan,wektu lan budhaya ingkang pinangka panggung kadadeyan wonten ing sajroning cariyos dipunsebut….
A.     Penokohan
B.     Alur
C.     Setting
D.     Amanat
E.      Paraga
46.  Lakuning cariyos utawi urut-urutaning cariyos dipunwastani….
A.     Tema
B.     Setting
C.     Alur
D.     Sudut pandang
E.      Paraga
47.  Karakter utawi sikep ingkang dpungadhahi saben paraga ing sajroning cariyos dipunsebut....
A.     Penokohan
B.     Watak
C.     Alur
D.     Setting
E.      Point of view
Kawaosa cariyos ing ngandhap menika
Dayane wong nyekel dhuwit, sanajan kulinane ora tau njajan, kok banjur pengen tuku soto. Dhasare saka ngomah durung klebon apa-apa. Mula aku banjur mampir warung soto. Andhok entekk rong mangkok, isih tambah babat loro. Rasane jan nikmat tenanan. Linak lijo, lingga lica, ngono kae.                       
Kapethik saking : Djaka Lodang No.07 2007
SUMIMPEN ING POJOK ATI
Dening : Tatiek Kalingga 

Kanthi ati kang krasa rinujit,
Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang kudu dilampahi.
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
                                                                         
Ing pojok ati

Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti.
Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
47.  Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti
Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku
A.     Ati kang bungah                         
B.     Ati kang kelara-lara 
C.     Rasa kang mantep                     
D.     Ati kang kelegan
E.      Ati kang serakah
48.  Wos surasane paragraf kapisan yaiku …
A.     Gegambaran ati kang kelara-lara                    
B.     Ngerteni kahanan kang endah
C.     Tumindak kang nalisir                                             
D.     Donga marang Gusti
E.      Ora bisa kecukupan
49.  Wos surasane paragraf kapindho yaiku
A.     Gegambaran ati kang kelara-lara                        
B.     Ngerteni kahanan kang endah
C.     Tumindak kang nalisir                                       
D.     Donga marang Gusti
E.      Ora bisa kecukupan
50.  Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki yaiku
A.     esuk                                               
B.     surup
C.     awan                                             
D.     bengi
E.      sore

51.  Watakipun tokoh ‘aku’ wonten cariyos ing nginggil menika yaiku….
A.     Seneng tetulung
B.     Mikir awakke dhewe
C.     Gampang nesu
D.     Kelalen
E.      Pinter
52.  Ingkang dipunarani geguritan inggih menika….
A.     Puisi jawa modern kang kaiket kaya dene tembang macapat lan duweni basa kang endah lan mentes
B.     Puisi jawa modern kang kaiket kaya dene tembang macapat kang basanipun baku lan mentes
C.     Puisi jawa modern kang mboten kaiket kaya dene tembang macapat kang basanipun baku lan mentes
D.     Puisi jawa modern kang mboten kaiket kaya dene tembang macapat lan duweni basa kang endah lan mentes
E.      Satuggaling karya sastra ingkang gadhah paugeran tartamtu.
Kawaosa geguritan ing ngandhap menika !
Ibu
Ibu......
Panjenengan wus ngandhut aku 9 wulan..
Panjenengan ngetohake nyawamu
Kanggo aku lair neng donya
Panjenengan wis ngrawat aku
Saengga aku bisa sekolah
Kanggo mujudake gegayuhanku

Kapethik saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
53.  Tembung gegayuhan ing geguritan, tegesipun….
A.     Apa-apa kang njalari alangan
B.     Apa-apa kang musna
C.     Apa-apa kang didohi
D.     Apa-apa kang dikarepake
E.      Apa wae kang  ana ing donya
Kawaosa geguritan ing ngandhap menika !
Ibu......
Nek aku lagi sedhih lan duwe masalah
Panjenengan mesti maringi panglipur
Lan maringi saran kanggo ngrampungake masalahku
Ibu......
Jasamu ora bisa tak bales nganggo apa-apa
Nanging jasamu mung isa tak simpen neng ati
Lan eling-eling saben dina
                                    Kapethik saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
54.  Wosipun geguritan “ibu” ing nginggil menika yaiku….
A.     Putra menika mboten saged mbales budinipun tiyang sepuh sanajan kanthi menapa kemawon
B.     Putra menika saged mbales budinipun tiyang sepuh kanthi menapa kemawon kang dipunremeni
C.     Tiyang sepuh menika ingkang maringi panggesangan dhateng putranipun ngantos saklawase
D.     Jasanipun tiyang sepuh menika namung saged dipun simpen wonten manahipun putra
E.      Dadi anak kuwi kudu isa ngerti marang wong tuwa.
55.  Temanipun geguritan “ibu”, inggih menika….
A.     Pendhidhikan
B.     Kasarasan
C.     Budi pekerti
D.     Tetanen
E.      Pasrawungan.
56.  Nilai moral geguritan ‘ibu’ ing nginggil, inggih menika….
A.     Putra kedhah ngurmati saha ngajeni marang tiyang sepuhipun
B.     Putra menika namung saged nyuwun marang tiyang sepuhipun
C.     Tiyang sepuh menika mboten nyuwun balesan dhateng putranipun
D.     Tiyang sepuh menika namung remen bilih putranipun migunani
E.      Anak boten saged males kasaenanipun tiyang sepuh.


57.    ?[w=oslhbk[kS[lh.
Waosanipun inggih menika....
A.    Wong dalah bakal sèlèh
B.     Wang seleh bakal salah
C.     Wong salah bakal saloh
D.    Wong salah bakal sèlèh
E.     Wang salah bakal sèlèh
58.    ?zebutBevJ|t\.
Ukara ing nginggil menika adatipun kaserat ing ....
A.    Dalan kampung
B.     Dalan gedhe
C.     Dalan TOL
D.    Dalan sawah
E.     Dalan Buntu

59.  Wong kang dipunsuwuni informasi lan pitakenan-pitakenan wonten ing kegiyatan wawancara dipunwastani….
A.     Pewawancara
B.     Pambiwara
C.     Narasumber
D.     Reporter
E.      Penyiar
Kawaosapawartos ing ngandhap menika !
Kutha Yogyakarta namane wus kuncara ing sadengah papan. Kutha yogyakarta kalebu kutha perjuangan, pendhidhikan lan budaya. Saben taun pisan pase tanggal 7 Oktober tansah dipengeti. Kanggo taun 2009 pengetan kaadani ing alun-alun balaikota Yogyakarta kanthi upacara mawa busana Jawa Mataraman sing disepuhi dening walikota H.herry Zudianto
Pengetan 253 taun kutha yogyakarta kajaba diadani upacara ing lingkungan pemkot Yogyakarta uga diadani pentas kesenian ing kelurahan sawilayah kutha Yogyakarta.
Kapethik saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
60.  Wosipun pawartos ing nginggil, inggih menika….
A.     7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta  mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi upacara mawa busana Jawa
B.     7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta  mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi upacara nglilingi kutha
C.     7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta  mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi upacara agama
D.     7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta  mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi upacara bendera
E.      7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta  mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi upacara kirab budaya.

61.  Miturut pawartos ing nginggil inggih menika, kajaba diadani upacara pengetan madege kutha yogyakarta uga diadani….
A.     Konvoi sepedha motor
B.     Pentas kesenian ing kelurahan
C.     Arak-arakan sesajen
D.     Arak-arakan kesenian
E.      Jalan sehat saha senam masal.
62.  Tembung kuncara wonten ing wacan, nggadhahi artos….
A.     Dipunremeni sanget
B.     Misuwur banget
C.     Maju sanget
D.     Nyenengake sanget
E.      Damel bungah
63.  Karya jurnalistik ingkang sae inggih menika….
A.     Aktual lan subjektif
B.     Subjektif lan deduktif
C.     Dangu lan informatif
D.     Aktual lan objektif
E.      Faktual saha subyektif
64.  Karya jurnalistik kang ngemot pawartos kanthi apa ananipun dipunsebut sikep….
A.     Faktual
B.     Subjektif
C.     Objektif
D.     Selektif
E.      Orientatif
Kawaosa pawartos ing ngandhap menika !
Usaha kerajinan ukir watu ing Gunung kidul wektu iki wus bangkit meneh saperlu nindhakake kegiyatane. Nadyan ing sawetara wektu kepungkur usahane ngalami pepalang jalaran dumadine prahara lindhu gedhe. Nanging saiki wis normal maneh. Kajaba bisa produksi meneh usaha kerajinan ukir watu saka tlatah gunung kidul wus bisa dodolan sacara ekspor menyang negara-negara Amerika, Singapura,  Australia, italy lan China.
Kapethik saking : Djaka Lodang N0. 31 2006
65.  Wosipun pawartos ing nginggil inggih menika….
A.     Usaha kerajinan ukur watu saking gunung kidul samsaya surut lan ajeng bangkrut amargi mboten saged ekspor
B.     Usaha kerajinan watu saking gunung kidul saiki wus katon normal meneh jalaran nindhakake ekspor
C.     Usaha kerajinan watu saking gunung kidul wus bangkit meneh nadyan wektu kepungkur nandhang prahara lindu
D.     Amerika, Singapura, Australia, italy lan China dados negara importir saking kerajinan Gunung Kidul
E.      Usaha kerajinan ing Gnung kidul wis kalah karo sektor pariwisatane.
Kawaosa artikel ing ngandhap menika!
Kesenisn musik Jawa kang katelah campursari saiki tetela tansaya mekar lan ngrembaka. Ora mung neng kutha-kutha ing Yogyakarta, Jawa Tengah, lan Jawa Timur, kang pancen papan panggone won jawa, nanging uga nrabas  tekan Jakarta, Jawa Barat, Bali sartakutha-kutha ing Pulo Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, NTB, NTT, Papua lan liyane, kang ing kono akeh sedulur Jawaurip bebara. Luwih saka iku lagu-lagu campursari jebul uga padha disenengi ing tlatah mancakayata ing Malaysia, Hongkong, timor Leste, Belanda lan Suriname.
Kapethik saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
66.  Wosipun pawartos kasebut, inggih menika….
A.     Kesenian musik Jawa,campursari saya suwe samsaya mboten dipunremeni dening masyarakat
B.     Kesenian musik Jawa, campursari saiki tansaya mekar lan ngrembaka ing masyarakat
C.     Kesenian musik Jawa, campursari saiki ngrambah ing pulo-pulo Indonesia sanesipun
D.     Kesenian musik Jawa, campursari saiki tansaya kathah dipunpentasaken ing Jawa
E.      Keseninan musik jawa, campursari saiki tansaya ora diminati.
67.  Temanipun artikel ing inggil, inggih menika….
A.     Kasarasan
B.     Pendhidhikan
C.     Kesenian
D.     Becana alam
E.      Tamtama

Kawaosa artikel ing ngandhap menika!
Kesenisn musik Jawa kang katelah campursari saiki tetela tansaya mekar lan ngrembaka. Ora mung neng kutha-kutha ing Yogyakarta, Jawa Tengah, lan Jawa Timur, kang pancen papan panggone won jawa, nanging uga nrabas  tekan Jakarta, Jawa Barat, Bali sartakutha-kutha ing Pulo Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, NTB, NTT, Papua
Kapethik saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
68.  Tembung ngrembaka miturut ukara wonten artikel ing nginggil, nggadhahi artos inggih menika….
A.     Berkembang
B.     Misuwur
C.     Nguciwani
D.     Nyenengake
E.      Kondhang

Kawaosa cariyos ing ngandhap menika!
Piye kuwi? Lali ana lali bojo, lali tangga lali kanca, ha-ha-haa. Aku ngguyu batin dhewe. Prekara mblanja wong ngomahan mengko tibo keri. Metu saka warung soto atiku nog-nig nog-nig, arep tuku apa mneh iki? Aku banjur kelingan yen kertas HVS ku wis nipis. Bablas mampir toko buku lan alat-alat tulise. Sire mung arep tuku kertas HVS sarim, bareng anu mbrentek-mbrentek tuku apa-apa.
Kapethik saking : Djaka Lodang No.07 2007
69.  Nilai moral wonten cariyos kasebut inggih menika….
A.     Dados manungsa menika langkung sae nuruti kapentinganipun piyambak runiyin tinimbang tiyang sanes
B.     Dados manungsa menika kedhah mentingake kabetahan ingkang utama rumiyin tinimbang sanesipun
C.     Menawi gadhah arta langkung sae bilih dipunsisihaken kangge sedekah marang sanesipun
D.     Manungsa menika nggadhahi sikep ingkang sae lan luput, pramila kedah ngatos-ngatos
E.      Wong urip kuwi lumrah menawa duweni sipat lali 
70.  Wosipun cariyos ing nginggil, inggih menika….
A.     ‘Aku’ lagi mangan neng warung soto entek rong mangkok, isih tambah babat loro
B.     ‘Aku’ tuku kertas HVS sarim neng toko buku sisan tuku alat-alat tulise kang dibutuhke
C.     ‘Aku’ kang lagi dhuwe dhuwit banjur mblanjakake dhuwit neng warung soto lan toko buku
D.     ‘Aku’ tuku kertas HVS sarim, banjur mbrentek-mbrentek tuku apa-apa neng toko buku
E.      ‘Aku’ menyang tuku kertas HVS ananging ora nggawa dhuwit.




B.     Kawangsulana pitakenan wonten ing ngandhap menika kanthi cekak aos!
1.      Wayang menika gadhah teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung Ayang-ayang minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung WAyahe sembahYANG” ingkang tegesipun?
2.      Kadamelna ukara panyuwun anak marang bapakipun kanthi unggah-ungguh basa Jawi ingkang leres !
3.      Ukara ing ngandhap menika dadosna ukara krama inggil !
a.       Ibu lunga neng pasar tuku klambi karo jarik
b.      Simbah lagi mangan sega lan ngombene teh panas
c.       Bapak lunga menyang sawah arep nandur pari
d.      Ibu lan bapak lagi wae menehke dhuwit dingo tuku sepeda motor.
4.      Ing adicara manten gagrag Ngayogyakarta Hadiningrat, adicara menpa ingkang kaangep paling wigati utawi penting?
5.      Coba kasebutna urut-urutanipun adicara penganten gagarag Ngayogyakarta kanthi trep!
6.      Menapa ancasipun adicara siraman tumrap calon panganten menika?
7.      Menapa tegesipun paribasan ing anhap menika.
Sapa sing nandur bakal ngundhuh
8.      Tulisen paribasan menika ngginakaken aksara jawa
“Adigang, Adigung, Adiguna
9.      Tulisen paribasan menika ngginakaken aksara jawa
“sadhumuk bathuk sanyari bumi’
10.  Apa tegese paribasan ing Ngisor iki.
a.      Sapa sing nandur bakal ngundhuh
b.      Anak polah bapak kepradah
11.  Paraga wayang ing ngisor iki diarani Pandhawa lima.









Coba sebutna jenenge para paraga pandhawa kuwi urut saka ngarep!
12.  Nalika panggih penganten utawa kirab temanten tumuju sasana rinengga utawi pelaminan. Padatan pranatacara bisa nyandra lakuning acara prosesi adat, tuladhanipun nalika prosesi balangan gantal, ranupada, sungkeman lan liya-liyane. Apa kang diarani panyandra iku?terangna kanthi cetha!
13.  Wacanen aksara jawa ing ngisor iki, banjur saline nganggo kasara latin!
?sugihtnPbnD,mn=tnPz[so/rke.
14.  Tulisen ukara ing ngisor iki migunakake aksara jawa
“memayu hayuning bawana”
15.  Jaman  saiki kuwi wus kalebu  jaman  modern  lan uga bisa diarani jaman globalisasi. Akeh budaya manca sing mlebu ing budayane dhewe, satemah budaya asli jawa tansaya suwe malah tansaya ilang. Minangka generasi muda, kepriye carane supaya budaya asli jawa kuwi tetep bisa lestari  ing jaman globalisasi iki! terangna miturut awakmu dhewe!




Tidak ada komentar:

Posting Komentar