Minggu, 15 Mei 2016

LATIHAN SOAL UJIAN KENAIKAN KELAS BAHASA JAWA KELAS XI 2016



I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan sing  paling bener yaiku  A, B, C, D, utawa E ing lembar jawab sing wus cumawis !
1.    Jembar segarane tegese ...
A.     Pinter                            D. Drengki
B.   Gedhe pangapurane       E. Sumeh
C.   Wicaksana
2.      Dawa ususe tegese..
A.     Sabar
B.     Wasis
C.     Sregep
D.     Sumeh
E.   Wegig
3.    Sing ora klebu ngengrengane pidato yaiku..
A.     Salam pambuka
B.     Rerengganing atur                    
C.     Wosing atur
D.     Wusananing atur
E.      Panutup
4.    Sawijing pidhato tanpa gawe naskah, ananging mung nyathet bab-bab wigati/penting sing arep dikandakake lan urutane wae diarani..
A.     Metode apalan
B.     Metode naskah
C.     Metode ekstemporan
D.     Metode dadakan
E.      Metode campuran
5.     Basa sing paling becik digunakae nalika pidato yaiku basa kang....
A.      rinengga
B.      Endah
C.      Dakik-dakik
D.      Lugu
E.       Saroja
6.    Tembang yaiku tulisan sing anggone maca kanthi cara
A.     Swara sing seru
B.     Swara sing lirih
C.     Swara sing dikepenake
D.     Dilagokake miturut irama kang laras
E.      Dilagokake kanthi sakepenake
7.    Kajaba diarani tembang macapat uga diarani tembang ....
A.  Tembang gedhe
B.   Tembnag tengahan
C.   Tembang cilik
D.  Tembnag dolanan
E.   Tembang campursari
8.    Tetembungan utawa unen-unen kang kanggo ana ing tembang diarani..
A.     Pathet
B.     Laras
C.     Cakepan
D.     Pedhotan
E.      gregel
9.    Bab sing ora ana sambungrapete karo tembang macapat yaiku..
A.  Guru gatra
B.   Guru lagu
C.   Guru wilangan
D.  Guru sastra
E.   Guru titilaksana
10.              Guru gatra yaiku..
A.  Tibaning swara ing pungkasaning gatra
B.   Cacahing wanda saben sagatra
C.   Cacahing gatra saben sagatra
D.  Sasmitaning ukara saben sagatra           
E.   Cacahing wanda saben sapada
11.              Guru lagune tembang macapat iku kalebu perangan tembang sing baku, anggone nemtokake guru lagu adhedhasar...
A.  Tibaning swara ing wiwitaning gatra
B.   Tibaning swara ing purwakaning gatra
C.   Tibaninng swara ing madyaning gatra
D.  Tibaning swara ing saben pada
E.   Tibaning swara ing pungkasaning gatra.
12.              Musywarah iku jumbuh karo silaning pancasila kang kaping..
A.  Sila kapisan
B.   Sila kapindhho
C.   Sila katelu
D.  Sila kapapat
E.   Sila kalima                    
13.              Wong enom karo wong tuwa iku kudune..
A.  Ngajeni
B.   Mungsuhi
C.   Ngrepoti
D.  Maido
E.   Ngungkuli                     
14.              Musyawarah anak karo wong tuwa ing babagan apa wae iku sejatine..
A.     Ora kudu ditindakake
B.     Wajib ditindakake
C.     Ora samesthine ditindakake
D.     Ora prelu ditindakake
E.      Ora wajib ditindakake
15.              Menawa ditindakake kanthi tenanan musywarah iku bisa..
A.     Ngabarake paseduluran
B.     Ngedohake paseduluran
C.     Ngraketake paseduluran
D.     Mbubarake paseduluran
E.      Nyirnakake paseduluran
16.              Nyebar godhong koro, tegese..
A.     Sabar sawetara
B.     Sabar lan narima
C.     Sabar kang prasaja
D.     Sabar ora apa-apa
E.      Sabar ora trima             
17.              Awake kuru semangka tegese..
A.     Kuru banget        D. cendhek banget
B.     Lemu banget     E. Dhuwur banget
C.     gering
18.              Bocahe kuwi abot kapuk, tegese. ....
A.     Mantheb banget
B.     Abot banget
C.     Entheng banget
D.     Seneng banget
E.      Dhuwur banget
19.              Jinis kesenian jawa gagrag anyar sing migunakae piranti music tradisinonal lan modern yaiku…
A.     Dangdut                        D. Kroncong
B.     Tayuban                        E. Angklungan
C.     Campursari
20.              Kowe nemu dhompet, banjur kok wenehke marang ibu sing duwe dompet iku. Kepriye anggonmu matur sing bener..
A.     Bu, iki lho dhompetmu tiba.
B.     Bu menika dhompetipun dhawah, kula diparingi arta nggih.
C.     Nuwun sewu bu, menika dhompetipun panjenengan?menawi ngaten kula dipunparingi arta nggih?
D.     Nuwun sewu bu, menika dhompet kagungan panjenengan
E.      Bu, iki dhompetmu dudu ya    
21.              Jinis piranti musik modern sing padatan mesthi ana ing kesenian campursari yaiku ....
A.     Pianika
B.     Organ
C.     Violin   
D.     Gitar                 
E.      Biola
22.              Salah sawijining tokoh sing ngondhangake campursari sepisanan yaiku..
A.     Didi kempot     
B.     Dhimas Tejo                
C.     Cak Dikin
D.     Manthous
E.      Dalang Poer
23.              Ana unen-unen “tulung  nanging banjur menthung” kuwi tegese apa ....
A.     Rekane aweh pitulungan ananging malah gawe rekasa awake dhewe
B.     Rekane aweh  pitulungan banjur gawe reksa wong ding ditulung
C.     Rekane nulung wong liya tanpa pamrih
D.     Nulung ananging ora ngrampungi
E.      Nulung ananging duwe pamrih.                                   
24.    Wacanen tembang Sinom ing Ngisor iki!
Roning kamal den arsa
Binabar lampahing gati
Rinumpaka jroning puspa
Puspa sekar wus ngarani
Den eling sira kaki
Marang kawruhing ngaluhur
Basa sastra aksara
Tanapi budi pakarti
Kabeh iku kinanthi rasa pangrasa
apa tema tembang sinom ing dhuwur ..
A.  Kawruh bab urip luhur
B.   Carita bab katresnan
C.   Mengeti bab kalahiran
D.  Piwulang ngibadah
E.   Subasita ing wong tuwa.
25.    Roning kamal den arsa. Tembung sing kacithak kandel tegese..
A.  Klaras
B.   Godhong
C.   Kayu
D.  Janur
E.   Debog
26.    Den eling sira kaki. Tembung sing kacithak kandel tegese..
A.  Aku
B.   Kita
C.   Kowe
D.  ingsun
E.   sang
27.    Piwulang apa sing bisa dijupuk saka tembang sinom ing dhuwur?
A.  Urip iku kudu gelem ngangsu ngelmu
B.   Uwong urip iku kudu srawung
C.   Wong urip ing masyrakat kudu guyub rukun
D.  Wong kang gelem ngangsu ngelmu basa sastra lan aksara bakale luhur.
E.   Gelem ngajeni wong liya tundhane uga bakal diajeni.
28.    Geguritan dumados saking tembung gurit, tegesipun tembung gurit menika menapa?
A.  Nggambar
B.   Nggelar
C.   Ngrakit
D.  Nulis
E.   Nembang
29.    Tembang saged dipunwasatani karya sastra terikat awit anggenipun damel kedhah nggatosaken paugeran. Ananging menawi geguritan anggenipun damel boten kedhah ngginakaken paugeran tartamtu, pramila geguritan saged dipunwastani karya sastra..
A.    Anyar
B.     Lawas
C.     Bebas
D.    Klasik
30.              Sawijining karya jurnalistik sing isine ngudhari prekara ing maysarakat disebut.. ....
A.     Jurnal    D. Brosur
B.     Artikel   E. pamflet
C.     leaflet
31.              Menawa arep nulis artikel sing becik, apa kang sepisanan kudu ditemtokake ...
A.     Judul                 D.Kesimpulan
B.     isi                                  E. Ringkesan
C.     Tema
32.              Wacanen perangan artikel ing ngisor iki!
Gamelan Sekaten
Gamelan Sekaten sing nduweni jeneng Kanjeng Kyai Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari, biyasane ditabuh ing adicara pahargyan Sekaten yaiku 5 Mulud nganti 12 Mulud. Kajaba ditabuh kanggo Mengeti weton lan wafat Nabi Muhammad SAW, uga kanggo iringan tumrap rawuhipun dhayoh agung.
     Apa tema perangan artikel ing dhuwur?     
A.     Kabudayan                  E. Kamukten
B.     Kasarasan
C.     Tindak Tanduk
D.     Kaluhuran
33.               Apa isi artikel kanthi  irah-irahan “Gamelan  sekaten”ing inggil?
A.     Ana upacara sekaten ing saben taun ing Jogjakarta
B.     Sekaten kuwi dianakake saka 5 Mulud nganti 12 Mulud
C.     Sekaten dianakake kanggo mengeti weton lan wafat Nabi Muhammad SAW
D.     Gamelan Sekaten Kanjeng Kyai Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari ditabuh ing adicara Sekaten
E.      Gamelan Sekaten Kanjeng Kyai Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari ditabuh ing adicara Tingalan Dalem Sri Sultan.

34.              Kula pribadi minangka pranatacara kalamun wonten kithaling basa, ceweting ukara, mugi paduka para tamu kersa paring pangaksama....
Ukara ing nginggil menika kalebet ukara .... ing pranatacara.
A.    Pambuka
B.     Isi
C.     Panutup
D.    Panyuwun
E.     Pamuji
35.    Pangaksama tegesipun..
A.    Pangabekti
B.     Pangapura
C.     Pamulangan
D.    Pasamuan
E.     Pakarti
36.              Para aji sepuh, kesepuhan, miwah pinisepuh ingkang satuhu minulyeng budi, para tamu ingkang satuhu .... . Sumangga kula dherekaken ngaturaken  puji pangalembana miwah syukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad, nenggih Pangeran ingkang Maha welas lan asih,
Tembung ingkang trep kangge jangkepi ukara ing nginggil inggih menika ....
A.    Kinurmatan
B.     Karemenan
C.     Katresnan
D.    Kajibahan
E.     kabagyan
37.              Tembang macapat kang nggamabarake manungsa kang lair ana donya yaiku…
A.  Maskumambang
B.   Durma.
C.   Mijil
D.  Sinom
E.   pocung
38.              Tembang sing nggambarake nom-noman sing nembe nandhang tresna yaiku..
A.  Megatruh
B.   Sinom
C.   Kinanthi
D.  Asmaradhana
E.   Mijil
39.              Sawijining sarana sing digunkake kanggo nggayuh pasarujukan diarani..
A.  Musyawarah
B.   wawancara
C.   Sarasehan
D.  Jajak panemu
E.   Seminar
40.    Nuwun, para pepundhen, para sepuh saha pinisepuh ingkang dahat kinabekten.
Tembung kinabekten tegesipun ....
A.  Tresna
B.   Diurmati
C.   Kawentar
D.  Raharja
E.   Dibekteni
41.              Pranatacara anggone migunakake basa kudu migunkake basa sing bener, tegese ...
A.  Basa rinengga
B.   Basa kang dakik-dakik
C.   Basa sing angel dimangerteni
D.  Basa sing bisa dimangerteni dening sapa kang mirengake.
E.   Basa kang rucah.                                                           
42.              Sapa sing salah bakal…
Jangkepana paribasan ing dhuwur!
A.  Salah
B.   Soleh
C.   Seleh
D.  Saleh
E.   Sumeh               
43.              Cacahing gatra saben sapada diarani ....
A.  Guru lagu                       D. Guru gatra
B.   Guru wilangan                E. Guru sastra
C.   Guru Swara
44.              Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ....
A.  Guru lagu           D. Gur wilangan
B.   Guru sastra         E. Guru Swara
C.   Guru gatra
45.    Gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan ibunipun, dereng kawruhan jaler menapa estri. Menika filosofi saking tembang ....
A.    Pocung
B.     Maskumambang
C.     Gambuh
D.    Pangkur
E.     Asmaradana
46.    Tembang macapat ingkang gambaraken suraos tresna marang liyan inggih menika ...
A.    Mijil
B.     Asmaradana
C.     Megatruh
D.    Pangkur
E.     Durma
47.              Kang sinebut satriya iku kudu duweni watak....
A.     Ora wani ngadhepi mungsuh
B.   Ora wani ngadhep wong kang tumindak ala
C.   Ora wani marang bebaya
D.  Wani marang wong tuwane
E.      Wani ngadhepi kasunyatan
48.              Apa wacane aksara jawa ing ngisor iki
?psi/wuki/gemhriph[lohjinwi
A.  Pasir bukir gemah ripah lohnawi
B.   Sasi wukir gemah ripah lohjinowi
C.   Pasir wukir genah ripah lohjinawi
D.  Pasisir wukir gemah ripah lohjinawi
E.   Pasir wukir gemah ripah lohjinawi      
49.              Wong  maca geguritan  kuwi  kudu nggatekake 4W, yaiku  .....
A. Wicara, Wirama, Wiraga, Wirasa
B.  Wirama, wibawa, Widada, Wirasa
C.  Wibawa, Wicara, Wiraga, WIrama
D. Wrama, wicara, wiraga, Widodo
E.  Widada, wirama, wicara, wiraga
50.    ?[w=oslhbk[kS[lh.
Waosanipun inggih menika....
A.    Wong dalah bakal sèlèh
B.     Wang seleh bakal salah
C.     Wong salah bakal saloh
D.    Wong salah bakal sèlèh
E.     Wang salah bakal sèlèh

II.      Jawablah Pertanyaan Berikut dengan Benar !

51.  Saben tembang iku duwe paugeran kang wus gumathok, yaiku kang awujud guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Coba temtokna guru gatra, guru lagu, saha guru wilangan saka tembang sinom ing dhuwur!
52.  Semaken wacan ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakonane!
a.       Bebasan kaya wong tuwa njaluk wulang wong enom.iku teges saka paribasan kebo nusu…
b.      Samubarang kuwi yen kepengin dadi apik uga prelu wragad, paribasan jer basuki mawa…
53.  Nalika pidhato basa kang digunakake kuwi duweni daya pangaribawa/pengaruh sing gedhe tumrap sapa wae sing mirengake. Miturut panemumu, basa apa sing paling trep digunakake nalika pidato?andharna kanthi cekak!
54.  Ana ing sawijining acara diprelokake sawijining pawongan sing bisa nglantarake utawa pawongan sing bisa ngatur sawijing acara supaya acara kuwi bisa lancer. Pawongan kuwi mau disebut apa …
55.    Akeh sing padha seneng lelagon campursari. Ngrembagaknipun tembang-tembang campursari kuwi temtu uga gawe kondhang penyanyine. Coba sebutna 4 wae penyanyi campursari kondhang sing kok ngerteni!
56.    Tembang macapat iku cacahe ana 11 jinis, lan kabeh jinis tembang kuwi mau nggambarake tataran uriping uwong saka lahir tumekaning pati. Coba wenehana gambaran/filosofi saka jinis-jinis tembang macapat kuwi mau, paling sithik 3 tembang!
57.    Wacanen perangan tembang Sinom ing ngisor iki!
Roning kamal den arsa
Binabar lampahing gati
Rinumpaka jroning puspa
Puspa sekar wus ngarani
Den eling sira kaki
Marang kawruhing ngaluhur
Basa sastra aksara
Tanapi budi pakarti
Kabeh iku kinanthi rasa pangrasa

Miturut panemumu, apa isi saka tembang sinom ing  dhuwur iki?terangna kanthi cetha!

58.  Kaseratna mawi aksara latin!
?rukunHg[ws[nTosc]hag[wbub]h.
59.  Artikel yaiku sawijining karya sastra jurnalistik sing isine ngrembug bab perkara ing satengahing masyarakat. Coba gaweneng cengkorongan/rengrengan artikel (pambuka,isi,panutup) kanthi tema bebas!
60.  Semaken pacelathon/percakapn ing ngisor iki, banjur jangkepana bageyan sing isih kothong!
Aldo: Sugeng siang Bu Guru
Bu Guru:……...siang mas, ana apa?
Aldo: kepareng kula badhe nyuwun tapak……...kangge proposal pentas seni, Bu!
Bu Guru: ya, kene coba dak sawange proposalmu.
Aldo:nuwun………..menika bu.
Bu Guru: iki durung ana tapak asmane Pak Kepala Sekolah mas, coba kowe……….dhisik kaliyan Pak Kepala Sekolah.
Aldo: inggih Bu, Matur nuwun.
Bu Guru: sami-sami.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar