Selasa, 12 April 2016

CERKAK "rendheng tanpa ketiga"



Rendheng Tanpa Ketiga
Wengi-wengi lumaku ora kaya adat sabene, hawane tansaya krasa kekes. Rasane tansaya ngremet-ngremet pikir kang ora jenjem. Tlethak-tlethik swara banyu kang tumiba saka  tawang , ora katon saka papanku nibakake raga ing amben, amarga kaling-kalingan gendheng-gendheng kripik kang direnggani sawang-sawang. Tansaya suwe udan ana njaba tansaya deres, katitik saka swaraning banyu kang tansaya keprungu banter adu atos karo gendheng-gendheng ing sadhuwurku, angin wengi sedhela-sedhela uga melu nambahi kekesing wengi iki, ngobat-ngabitke dian ana pojokan, kang uga melu ngobahake ayang-ayangku kang kawit mau klisak-klisik ora bisa meremake netra iki. Kekarone tansaya wengi ora gelem dak eremake, kepara tansaya wengi malah tansaya padhang netra iki, maung padha kethap-kethip. Terkadhang malah  ana banyu kang ngembeng ana kekarone , banjur tumiba lumantar pipi iki.
“dhik, saiki sliramu bisa nimbali aku dokter Rujita” kandhane pawongan nggantheng lencir kuning lan duwe brengos tipis kuwi, banjur mesem karo aku. Saben-saben mesem brengos tipis kuwi ngetutake lathine kang kumucap  gawe sengsem sapa wae kang nyawang. Apa maneh sesandhangan kang prasaja ananging resik kuwi katon pantes karo pawongan kang asma Rujita, priyayi saka Ngayogya kang kawit telung taun kapungkur ngebaki papan lodhang ana sajroning ati lan uripku.
“enggih..pak dokter Rujita” kandhaku karo nyiwel pipine amarga saking gemregete.
“kok malah diciwel lho?”pitakone Mas Rut karo nyekel tanganku, mangkono padatan anggonku nimbali pacanganku iki.
“ya ora dadi apa ta Mas, wong duweku kuwi dak apa-apake iya ora dadi apa” mangkono wangsulanku karo cekikikan.
“woooo…yen mengkono tak ngenekake ora dadi apa ya dhik” wangsulane mas Rut karo ngithik-ithik bangkekanku, saking kerine aku dadi ngguyu cekikikan, sinambungan Mas Rujita kang melu ngguyu kepingkel-pingkel. Sauwise kesel anggone gegojegan lan sirat-siratan banyu ana pinggiring segara kuwi krana krasa kesel aku lan  dheweke banjur lungguh ing gisiking segara Parangtritis ing sore iku.
Kelingan wewayangan limang sasi kapungkur kuwi terkadhang gawe esem sinungging ana lathiku, anaging sak uwise kuwi uga tumeka wewayangan sabanjure kang njalari tansaya sumpeg dhadha iki.
Segara kang jembar nganti ora katon pucuke. Swaraning banyu tansaya suwe tansaya gemremeng anggone polah, tansaya ngancik wengi tansaya gedhe anggone mbeksa nggulung alun. Sawetara suwe ing antarane Aku lan Mas Rut ora ana tembung sing kawetu. Aku lan Mas Rut mung nyawang ana adoh ana ing sapucuking segara sing wus wiwit malih dadi tansaya abang ing sisih kulon. Ajeg keprungu swara banyu sing lumaku ana sadhuwure wedhi-wedhi, banjur nggremet  tumeka ing sela-selaning driji sikilku. Ora suwe binarung swara ombak kang nguncalake banyu kuwi “byuuuurrrr” ana swara kang mecah sepining kahanan.
“mbesuk sak uwise aku tugas ana Borneo, kowe dak lamar ya dhik” dumadhakan kandhane Pawongan kang lugguh ana jejerku,  banjur  mandeng aku tenanan. Sawetara wektu  lakuning getih ing ragaku kaya mandheg mbegegeg, jantung sing ngompa getih ing awak iki kaya-kaya mbegegeg ora obah. Kaget anggonku nampa ngendikane Mas Rut kuwi mau. Durung nganti aku kumucap, wis diselani pawongan nggantheng kuwi.
“ora suwe kok dhik, aku mung enem wulan ana Kana minangka njangkepi jejibahan Dinas. kowe nak iya saguh ngenteni ta?”kandane nakyinake marang aku. Saka sorot netra kang njingglengi tekan sajroning mripatku, kaya-kaya lumaku alon tekan sajroning atiku, Ngendikane Mas Rujita kuwi mau wus bisa dak rasake menawa ngendikane kuwi pancen tenanan lan duwe adreng kang satuhu arep nindakake Prasetya suci nyambung talining sih Palakrami.
Aku ora bisa semaur kepiye-kepiye, mung eluh bening iki tumetes ana netra sisih kiwaku, banjur disusul saka netra sisih tengenku. Embuh kenapa prasasat batin lan atiku krasa bungah kang ora bisa dak wujudake nganggo ukara.
“loh? Kok malah nangis dhik” ngendikane Mas Rut karo ngusap eluh kang ndlewer ana pipiku iki, banjur Mas Rut mapanake sirahku iki ana pundhake, banjur tangan iki digenggem raket.
“Kowe kudu ngenteni aku dhik, aku ora suwe. Mangsa Ketiga sabanjure aku bakal ana kene lan bakal mujudaken apa kag dadi prasetyaku marang adhik” ngendikane Mas Rut nggedhekake atiku.
Dumadakan raga iki ora bisa kuwawa ngondheli tangan lan awaku sing  banjur oncat  ngekep Salirane, wutah tagisku ana dhadhane pawongan kang ana sandhingku iki, bebasan donga lan impen kang kawit telung tau kapungkur dak konjukake dhumateng Gusti Kang Maha Sih bakal dadi kasunyatan.kaya ngapa senenge bakal bisa urip sesandhingan klawan wong sing dak tresnani kuwi tansaya caket, wewayangan urip bagya mulya duweni garwa dokter kaya-kaya wus katon nyata ana sangarepe mripat iki.
                “tes..tes..tes” ora krasa eluh-eluh iki ngebaki mripat kang wus abang mbranang wanci ratri iki. Tumetese tansaya deres ngliwati pipi sing wiwit teles saking akehe eluh sing kawit mau kawetu. Tetes sithik mbaka sithik banjur dak elap nganggo salembar dluwang kang dak cekel iki. Dikaya ngapa wae eluh iki tetep mili beberengan swara tangis kang dak ampet nganti sesenggukan. Eluh kuwi banjur tumiba ana ing dluwang kandhel sing kawit mau dak cekeli, dak remet-remet, tak sawang-sawang kanthi permati kaya-kaya ora percaya karo apa kang sinerat ana dluwang werna abang sinunggingan seratan warna emas.
“tes..tes..tes” tlethak tlethik eluh iki wus gawe saperangan dluwang werna abang kang awujud persegi kuwi mau tansaya teles. Isih kurang marem dak jingglengi maneh dluwang kuwi mau. Dak bukak banjur dak tutup maneh, dak olak-alik dluwang salembar kang dilempit dadi loro kuwi. Sapa ngerti anggonku maca kleru. Ananging kaping pira wae dak wangsuli anggonku maca, datan ana klerune. Ana seratan ing sangarepe dluwang kuwi kang seratabe kaya mangkene “katur: Wahyuni, S.Pd” seratan kuwi mau cetha negesake dluwang kuwi pancen ditujokake kanggo Aku. Dak bukak meneh ana sajroning dluwang kuwi mau, dak waca alon-alon sinambi nata ambegan kareben bisa  ngampet gronjaling ati. Saben-saben tumekan ana ing sawalike dluwang kuwi mau,  awak krasa lemes ora duwe daya, apa maneh nalika dak sawang ana foto priya ngantheng lencir kuning brengos tipis kuwi mesem nyawang wanita sing nganggo busana putih kang mligi sragame para dokter. “tes..tes..tes” tetese eluh iki  tumiba pas ana ing fotomu ing dluwang abang iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar