Rabu, 08 Maret 2017

GLADHEN UJIAN SEKOLAH KELAS 3 MARET 2017

1.       Pawarta kang ditujokake kanggo umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining prastawa diarani ….
A.    Layang                                   
B.     Selebaran
C.     wara-wara                         
D.    sedhahan
E.      majalah
2.      Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani ….  
A.     Brosur  
B.     iklan
C.     Majalah
D.     Sayembara
E.      Lelayu
3.     Wong jawa ora bisa migunakake basa jawa, amarga..
A.  Rumangsa isin yen nggunkake basa jawa
B.  Rumangsa wiring migunkake basa jawa
C.  Rumangsa repot yen nggunkake bas jawa
D.  Rumangsa asor yen migunakake basa jawa
E.   Ora gelem ngulinakake lan ora gelem sinau basa jawa.
4.    Wong jawa wus ora bisa migunakake basa lan  unggah-ungguh kabudayan jawa. Kadadeyan iku cocok karo paribasan…
A.  Sapa salah seleh
B.  Bathok bolu isi madu.
C.  Emban cinde emban siladan
D.  Wong jawa ilang jawane
E.   Gegedhen empyak kurang cagak.         D
5.    Basa iku salah sawijining piranti kanggo…ing antarane wong siji lan sijine.
A.  Kombinasi
B.  Kondisi
C.  Komunikasi
D.  Konfirmasi
E.   Klarifikasi
6.    Kang kalebu anacase pidhato yaiku..
A.    Pamenging
B.     Menehi kawruh
C.     Menehi pitakon
D.    Menehi kritik
E.     Ora ana pangajak
7.    Pitik walik saba kebon. Saka ukara kuwi temtokna jejere..
A.    Walik               
B.     Pitik Walik                  
C.     Saba
D.    Saba Kebon
E.     Pitik Walik Saba
8.    Bapak tindak dhateng Surabaya kala wingi dalu. Saka ukara kuwi temtokna katrangan wektune..
A.    Dhateng                       
B.     Surabaya                      
C.     Kala wingi
D.    Surabaya kala wingi
E.     Bapak
9.      Sing dadi panyuwune Dewi Sukesi marang para panglamar sing kepenginn ngayunake dheweke kudu bisa mbabar…
A.    Sastra Cetha
B.     Sastra pedhati
C.     Sastra Mayangkara
D.    Sastra Jendra Hayuningrat
E.     Sastra Wiguna
10.   Wedharan serat kuwi mau minangka piwulang kang wingit, mula anggone mbabar kudu ana ing papan sing…
A.    Rame
B.     Banget sepi
C.     Padhang njingglang
D.    Peteng dhedhet
E.     Dhuwur banget
11.  Sesorah kanthi cara nggawa cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung sing kaliwatan. Iku diarani pidhato kanthi cara…
A. Apalan
B.  Dadakan
C.  Maca teks
D. Nggwa cathetan ringkes
E.  Tanpa direncana
12.    Atur panuwun lan njaluk pangapura menawa ana kekurangan lan ana kaluputan anggone nindakake pidhato kalebu perangan/ bagian pidhato kang arane…
A.    Uluk salam
B.     Purwaka
C.     Wigatining pidhato
D.    Pangarep-arep
E.     Panutup
13.  Juru pamedhar sabda kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta…
A.    Ora prelu nanggapi panyaruwe/ kritik
B.     Nanggapi kanthi sakepenake
C.     Wani atur tanggapan tumraping panyaruwe
D.    Ora nggatekake panyaruwe
E.     Ora ngladeni panyaruwe
14.   Sing medharake gagasan ana ing sajroning seminar diarani…
A.    Pemandu
B.     Pembicara
C.     Pamaos
D.    Notulen
E.     Sekretaris

15.  Nalika nindakake ayahan/pakaryan sesorah, busana kang digunakake becike…
A.    Sing penting nganggo klambi
B.     Bahan sing apik dhewe
C.     Bahane sing larang dhewe
D.    Dilaraske karo acara kang lumaku
E.     Merdika sakarepe dhewe
16.  Supaya pakaryan sing abot bias dadi entheng, ditindakake kanthi cara…
A.    Ditandangi dhewe
B.     Dirampungke dhewe
C.     Diayahi dhewe
D.    Gotong royong
E.     Kongkonan wong liya
17.     Rerukunan kuwi kudu lelandhesan ati..
A.    Nelangsa
B.     Prihatin
C.     Owel
D.    Lila
E.     legawa
18.  Saben ana perkawa dirembug kanthi bebarengan, mula ana ing masyarakat iku ora ana pasulayan. Kahanan kang kaya mengkono kuwi diarani..
A.    rukun
B.     cengkah
C.     derdah
D.    gijeh
E.     horeg
19.  Blarak kang dienam kanggo jangkepe sarat sarana wong duwe gawe iku diarani..
A.    Klasa
B.     Kepang
C.     Dedheg
D.    Kisa
E.     bleketepe
20.  Godhong ringin kang ijo royo-royo dipasang bareng karo tuwuhan iku duweni pangajab muga-muga oleh..
A.    Kabagyan
B.     Pangayoman
C.     Kaslametan
D.    Katentreman
E.     Karaharjan
21.     Sawijining sarana sing digunkake kanggo nggayuh pasarujukan diarani..
A.  Musyawarah
B.  wawancara
C.  Sarasehan
D.  Jajak panemu
E.   Seminar
22.   Musywarah iku jumbuh karo silaning pancasila kang kaping..
A.  Sila kapisan
B.  Sila kapindhho
C.  Sila katelu
D.  Sila kapapat
E.   Sila kalima                    
23.   Wong enom karo wong tuwa iku kudune..
A.  Ngajeni
B.  Mungsuhi
C.  Ngrepoti
D.  Maido
E.   Ngungkuli                     
24.     Musyawarah anak karo wong tuwa ing babagan apa wae iku sejatine..
A.    Ora kudu ditindakake
B.     Wajib ditindakake
C.     Ora samesthine ditindakake
D.    Ora prelu ditindakake
E.     Ora wajib ditindakake
25.  Menawa ditindakake kanthi tenanan musywarah iku bisa..
A.    Ngabarake paseduluran
B.     Ngedohake paseduluran
C.     Ngraketake paseduluran
D.    Mbubarake paseduluran
E.     Nyirnakake paseduluran
26.  Panggihing penganten dipunpurwakani balangan gantal, gantal kuwi digawe saka…
A.    Godhong pandan
B.     Godhong suruh
C.     Godhong gedhang
D.    Godhong aren
E.     Janur kuning
27.  Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen tan melu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Menapa isi geguritan ing inggil?
A.  Urip ing jaman edan
B.  Anane jaman edan
C.  Kabeh uwong seneng urip ing jaman edan
D.  Jaman saiki wis edan
E.   Angele urip ing jaman edan
28.    Tembung Kaliren ing geguritan ing inggil tegesipun..
A.    Wareg
B.     Ngeleh
C.     Seneng
D.    Akeh
E.     Bungah
29.   Sindur iku nggambarake nyawijine priya lan wanita nindakake urip bebarengan linambaran tresna asih. Sindur iku wernane…
A.    Biru putih
B.     Ijo kuning
C.     Abang putih
D.    Abang ijo
E.     Ireng putih
30.   Rawuhe para tamu ana ing papan pahargyan iku sejatine padha arep…
A. Aweh sumbangan marang sing duwe gawe
B.  Aweh kawigaten marang sing duwe gawe
C.  Aweh pisungsun marang sing duwe gawe
D. Melu mangayubagya lan aweh donga pangestu marang sing duwe gawe
E.     Aweh tenaga lan bandha donya marang sing duwe gawe.
31.   Ature sing due gawe marang para tamu ngaturake pambagyaharja iku kanggo…
A.    Patut-patut
B.     Ulas-ulas
C.     Pepak-pepak
D.    Komplit-komplit
E.     Njangkepi tatakrama lan kasusilan
32.   Kumbakarna iku raseksa ananging duweni watak kang beda karo wewujutane, jalaran duweni watak..
A.    Utama
B.     Nistha
C.     Culika
D.    Asusila
E.     daksia
33.   Kumbakarna kuwi duweni kakang kang minangka raja ing Alengka kang arane…
A. Begawan wisrawa
B.  Duryudana
C.  Anoman
D. Rama
E.  Wibisana
34.   Banyu kanggo tatacara siraman kapendhet saka 7 sumbet, sing duwene teges..
A.    Kembang boreh
B.     Kembang gula
C.     Kembang tebu
D.    Kembang setaman
E.     Kembang lambe
35.   Tatacara sesuci ing tata lir ngilangi rereged kang mapan ing awak, dene ing atat batin…
A.    Sawernaning sukerta kang manjing ing jiwa
B.     Sakabehing sesanggan
C.     Sawernaning utang
D.    Sawernaning kuwajiban.
E.     Ngarep-arep tekane manten Lanang.
36.   Lumrahe wong sungkem iki  ancas/ tujuanipun?
A.    Kanggo nembung rembug dhateng tiyang sepuh
B.     Ngadohke bebendu
C.     Nyuwun donga pangestu
D.    Ngaturake panuwun marang wong tuwa
E.     Gawe rasa trenyuh kanggo wong tuwa
37.   Mugi kawilujengan, sih ramah, saha barokah ingkang pinangkanipun saking Gusti Allah ingkang Maha Mirah sumrambah dhumateng panjenenganipun sedaya lan kula. Tuladha atur ing dhuwur diarani…
A.    Salam pambuka
B.     Pambukaning atur
C.     Wosing atur
D.    Wusananing atur
E.     Salam panutup
38.  Basa Jawa ragam krama inggil digunakake saka sapa kanggo sapa….
A. Sepuh marang tiyang enem
B.  Enem marang sapadhane
C.  Bapak marang garwane
D. Enem marang tiyang sepuh
E.  Enem kaliyan enem
39.  “Bapak mangan sega goreng karo maca koran.”
Ukara ing dhuwur iki menawa digawe nganggo karma sing bener kepriye…
A. Bapak mangan sekul goreng kaliyan maos koran
B.  Bapak dhahar sekul goreng saha maca koran
C.  Bapak dhahar sekul goreng karo maos koran
D. Bapak dhahar sekul goreng saha maos koran
E.  Bapak maem sekul goreng saha maos koran
40.   Tembung drama saka basa yunani draomal sing tegese…
A.    Seneng mlaku
B.     Lelewa
C.     Ethok-ethok
D.    Salah tingkah
E.     tumindak
41.   Awake kuru semangka tegese..
A.    Kuru banget        
B.     Lemu banget     
C.     Cendhek banget
D.    Dhuwur banget
E.     Gering
42.     Bocahe kuwi abot kapuk, tegese. ....
A.    Mantheb banget
B.     Abot banget
C.     Entheng banget
D.    Seneng banget
E.     Dhuwur banget
43.   Tegese gagasan sentral kang saka pangripta/ panulis marang para pamiarsa diarani…
A.    Tema
B.     Paraga
C.     Watak
D.    Alur
E.     latar
44.   Sajroning darama iku ana tembung sing diarani monolog, yaiku omongan sing ditindakake…
A.    Wicara ing anatarane paraga siji lan sijine
B.     Dening paraga tunggal
C.     Dening paraga loro
D.    Dening paraga telu
E.     Dening kebeh paraga
45.   Adipati karna kuwi uga disebut Suryatmaja, amarga sejatine dheweke putrane..
A. Bathara guru
B.  Bathara Narada
C.  Bathara Indra
D. Bathara Bayu
E.  Bathara Surya
46.   Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani?
A. Brosur
B.  Selebaran
C.  Wara-wara
D. Sedhahan
E.     lelayu
47.  Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani…
A.    Iklan
B.     Brosur
C.     Sayembara
D.    Lelayu
E.     Majalah
48.              Wacanen perangan artikel ing ngisor iki!
Gamelan Sekaten
Gamelan Sekaten sing nduweni jeneng Kanjeng Kyai Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari, biyasane ditabuh ing adicara pahargyan Sekaten yaiku 5 Mulud nganti 12 Mulud. Kajaba ditabuh kanggo Mengeti weton lan wafat Nabi Muhammad SAW, uga kanggo iringan tumrap rawuhipun dhayoh agung.
     Apa tema perangan artikel ing dhuwur?   
A.    Kabudayan                  E. Kamukten
B.     Kasarasan
C.     Tindak Tanduk
D.    Kaluhuran
49.      Apa isi artikel kanthi  irah-irahan “Gamelan  sekaten”ing inggil?
A.    Ana upacara sekaten ing saben taun ing Jogjakarta
B.     Sekaten kuwi dianakake saka 5 Mulud nganti 12 Mulud
C.     Sekaten dianakake kanggo mengeti weton lan wafat Nabi Muhammad SAW
D.    Gamelan Sekaten Kanjeng Kyai Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari ditabuh ing adicara Sekaten
E.     Gamelan Sekaten Kanjeng Kyai Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari ditabuh ing adicara Tingalan Dalem Sri Sultan.
50.    ?[w=oslhbk[kS[lh.
Waosanipun inggih menika....
A.    Wong dalah bakal sèlèh
B.     Wang seleh bakal salah
C.     Wong salah bakal saloh
D.    Wong salah bakal sèlèh
E.     Wang salah bakal sèlèh

II.  Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cetha lan pener!


1.      Pawarta kuwi digiyarake migunake basa kang lugu/prasaja lan ora migunkake basa rinengga utawa basa kang endah, ananging migunakake basa baku. Kenapa pawarta digiyarake migunkake basa baku?
2.      Pawongan kang bakal medharake sesorah uga kudu migunakake busana kang pantes. Kepriye mungguh panganggone busana kang pantes tumrap pawongan kang bakal medhar sesorah?terangna kanthi cekak aos/ singkat!
3.      Wacanen perangan crita wayang ing nggisor iki kanthi permati!
                        Wisrawa Dewi Sukesi
Sang Resi Wisrawa nemoni Prabu Sumali kanthi tujuan nglamar Dewi Sukesi supaya gelem dadi garwa danaraja. Prabu Sumali mangsuli yen panglamar sing ditampa yaiku panglamar  sing bisa mbabar Serat sastra Jendra.
apa sejatine Serat Sastra Jendra iku?
4.      Adhedhasar  perangan Carita wayang kanthi irah-irahan Wisrawa Dewi Sukesi ing dhuwur,  tembung  mbabar duweni teges/arti….
5.      Akeh sing padha seneng lelagon campursari. Ngrembagaknipun tembang-tembang campursari kuwi temtu uga gawe kondhang penyanyine. Coba sebutna 4 wae penyanyi campursari kondhang sing kok ngerteni!
6.      Pasang tarub tumrape pawongan sing arep duwe gawe mantu ditandhani kanthi masang bleketepe. Apa sing diarani bleketepe kuwi
7.      Wacanen Geguritan ing ngisor iki kanthi permati!






Pahlawanku
         Dening : R. Tantiningsih

Pahlawanku

Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika..
Saka geguritan kanthi irah-irahan “Pahlawanku” ing dhuwur, coba temtokna isinie geguritan iki!

8.      Sak durunge acara ijab qabul katindakake. Diadani acara siraman tumprap calon pinanganten. Apa werdi/ ancas/tujuan diadani acara siraman tumrap calon pinanganten…
9.      ?rukunHg[ws[nTosc]hag[wbub]h.
apa wacane tulisan jawa ing dhuwur
10.  Tulisen ukara ing nggisor iki migunakake aksara jawa
“Dadi anak kuwi kudu bisa mikul dhuwur  lan medhem jero”