Rabu, 29 November 2017

GLADHEN PAS XI GASAL 2017/2018



1.      Ngrembug sawijining babagan kanggo golek cara supaya iku rampung kasebut … .
A.    Saran
B.     Usul
C.     Mufakat
D.    Musyawarah
E.     Kritik
2.      Kang bisa diarani wanita kang pinter lan waskitha yaiku wanita kang dadi paraga jroning ….
A.    Sistem kapitalisme
B.     Sistem ideologi
C.     Sistem sosial
D.    Sistem hukum
E.     Sistem budaya
3.      Njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh kasebut … .
A.    Ndalang
B.     Nyinden
C.     Mulang
D.    Nembang
E.     Pidhato
4.      Ing ngisor iki sing perlu diperhatekne supaya anggone pidhato ora nguciwani, kajaba… .
A.    Carane mlaku ning podium
B.     Carane nggoceki mikrofon
C.     Carane nganggo klambi
D.    Carane pidhato
E.     Carane ngadeg ning podium
5.      Manawa pamireng bisa mudheng isining pidhato, amarga pamicara ngandharake kanthi sacetha-cethane , iku kalebu jinising pidhato kang ancase … .
A.    Menehi kawruh
B.     Menehi hiburan
C.     Menehi cara
D.    Ajak-ajak
E.     Menehi pangerten
6.      “Ibuk, tindak dhateng toko badhe … menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe … buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku … .
A.    Mundhut, mundhut
B.     Mundhut, tuku
C.     Tumbas, tumbas
A.    Tumbas, mundhut
B.     Mundhut, tumbas
7.      Kawit kalawau simbah namung jumeneng mirsani margi ingkang kathah tiyang pating sliwer. Kosok baline tembung sing kacithak miring  yaiku … . 
A.    Lenggah
B.     Tindak
C.     Rawuh
D.    Ngadeg
E.     Sare
8.      Miturut panaliten, pemahaman lan panguwasane nom-noman tumrap rakiting tembung ngoko, krama, lan krama inggil iku … .
A.    Sae
B.     Kurang
C.     Jumbuh
D.    Mudheng
E.     Asor
9.      Pak Suwaji : “Bapakmu ana mas?”
Yasin          : “Boten wonten punika Pak,   manga pinarak rumiyin. Bapak namung tindak warung … kok Pak.”
Pak Suwaji : “Oh yawis dak … kene bae.”
Yasin          : “Inggih manga Pak, lenggah rumiyin.”
Tembung kang trep kanggo ngiseni
ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku … .
A.    Cerak, entenane
B.     Sedhela, entenane
C.     Cerak, susule
D.    Sedhela, susule
E.     Sekedhap, entenane
10.  Basa krama inggile sendhok yaiku … .
A.    Supit
B.     Lantaran
C.     Peningset
D.    Sendhok
E.     Ulik
11.  Tembung krama lugu digunakake manawa …
A.    Sing guneman luwih dhuwur pangkate katimbang sing diajak guneman
B.     Kang guneman durung tepung marang kang diajak guneman kang katone luwih tuwa utawa wong apangkat
C.     Kang guneman luwih nom katimbang kang diajak guneman lan wong sing diajak guneman ikuwajib kinurmatan
D.    Sing guneman bocah-bocah, kanca lan kanca kang wis supeket srawunge
E.     Kang guneman padhadene kanca ananing durung supeket
12.  Pidatho kang nduweni tujuan yakuwi supaya acra iku bisa sumringah lan meriah yakuwi pidhato … .
A.    Gawe guyu
B.     Menehi kawruh
C.     Menehi hiburan
D.    Ngisi acara
E.     Ajak-ajak
13.  Manawa pidhato sing pemirenge anggine nampa lumantar emosine prayogane nggunakake pendekatan … .
A.    Emosional
B.     Individual
C.     Kaanan santai
D.    Moral
E.     Intelektual
14.  Pidatho bisa katindakake kanthi cara kaya sing kasebut ing ngisor iki, kajaba… .
A.    Maca teks
B.     Ngapalake teks
C.     Maca sethithik
D.    Ekstemporan
E.     Impromptu
15.  kang guneman padha dene kanca nanging durung supeket.
Tembung supeket duweni teges … .
A.    Tuwa
B.     Suwe
C.     Mudheng
D.    Raket
E.     Kenal
16.  Dadi pranatacara iku kudu wignya ing gendhing lan tembang.
Tembung wignya duweni teges … .
A.    Pinter
B.     Bisa
C.     Mudheng
D.    Lancar
E.     Ngerti
17.  Dalemipun Pak Dukuh … amargi ketrajang lahar dingin.
A.    Katut
B.     Ical
C.     Uwal
D.    Remuk
E.     Risak
18.  “Sing penting bisa marai juri kepilut.
Tembung kepilut bisa diganti nganggo tembung …
A.    Nyawang
B.     Menang
C.     Mlongo
D.    Kepencut
E.     Nyanding
19.  Reregan barang ing mangsa kaya saiki larang banget, amarga sarwa ora bisa dinuga. Tembung larang menawa dikramakake yaiku … .
A.    Awon
B.     Dhaut
C.     Awis
D.    Mirah
E.     Mundhut
20.  “Aja sok seneng nrambul clathu.”
Tembung clathu menawa di kramakake dadi … .
A.    Mbengok
B.     Omong
C.     Wicanten
D.    Ngendika
E.     Wicara
21.  Manawa basa Jawa ragam krama wis arang digunakake, tembene bangsa bakal kelangan budi pekerti lan … .
A.    Tingkah polah
B.     Kawruh
C.     Generasi mudha
D.    Tata krama
E.     Moral
22.  upacara tradhisi Jawa kang kudune nggunakake basa Jawa ragam krama nanging siki akeh sing nggunakkae basa Indonesia kaya sing kasebut ing ngisor iki, kajaba … .
A.    Pawiwahan
B.     Kesripahan
C.     Seminar
D.    Rembug desa
E.     Arisan
23.  Mrosoting isi lan bobot kasustraaan Jawa iki amarga kena prebawa lakuning … .
A.    Wektu
B.     Jaman
C.     Kawruh
D.    Modernisasi
E.     Kapitayan
24.  Paraga –paraga padha ngetog daya mawa karya sastra kang adiluhung.
Tembung kang kacithak miring bisa diganti nganggo tembung … .
A.    Ngudi
B.     Nalar
C.     Mbudi daya
D.    Mikir
E.     Makarya
25.  UNS Solo bakal martakake Institut Javanologi, Minggu-Senin (6-7/3) ngarep.
Tembung martakakeiku duweni teges … .
A.    Clathu
B.     Ngandhakake
C.     Gaturake
D.    Pitepungan
E.     Omong
26.  Kesenian tumrape wong Tionghoa yaiku … .
A.    Break dance
B.     Lagu mandarin
C.     Game show
D.    Klentheng
E.     Barongsai
27.  Ana ing tlatah … ing kutha Sala iki kang kebak hiasan manawa imlek.
A.    Pasar Legi
B.     Pasar Gedhe
C.     Pasar Ngarsapura
D.    Pasar Kliwon
E.     Pasar Pon
28.  Ana ing kesenian Barongsai sing nabuh music pangiringe saliyane Tionghoa uga akeh sing saka wong …
A.    Walanda
B.     Manca
C.     Arab
D.    Pribumi
E.     Jawa
29.  Perangan layang kang nelakake bab kang perlu diandharake marang sing dikirimi yaiku … .
A.    Panutup
B.     Adangiyah
C.     Surasa basa
D.    Paprenahan
E.     Titi mangsa
30.  Resi Yogiswara kagungan murid yaiku … .
A.    Puntadewa
B.     Dewi Ragu
C.     Dasamuka
D.    Indrajit
E.     Dasarata
31.  Layang pribadi kang tinulis marang wong kang luwih tuwa kudu gatekake … .
A.    Cara panulisane
B.     Tata krama basane
C.     Akehe paragraf
D.    Bentuke layang
E.     Isine layang
32.  Dene kang nelakake panju kang gegandhengan karo isine layang diarani … .
A.    Bebuka
B.     Surasa basa
C.     Titi mangsa
D.    Wasana basa
E.     Adangiyah
Soal kangge nomor 33 lan 34
33.  Solo, 30 Maret 2015                     (1)
Ingkang sembah Pangabekti         (2)
Eyang Kakung lan Eyang Putri     (3)
Ing Ambarawa
…………………………..
…………………………..
Angka (1) ing dhuwur perangane layang kang nelakake … .
A.    Titi mangsa
B.     Adangiyah
C.     Isi
D.    Paprenahan
E.     Pambuka
34.  Dene nomor (2) lan (3) peranganing layang kang nelakake … .
a.       Adangiyah, titimangsa
b.      Titi mangsa, adangiyah
c.       Adangiyah, paprenahan
d.      Adangiyah, pambuka
e.       Titi mangsa, pambuka
35.  Dewi Ragu kang digawa Dasamuka iku satemane dudu Dewi Ragu nanging … .
A.    Kembar mawar
B.     Kembang wijaya kusuma
C.     Kembang terate
D.    Kembang menur
E.     Kembang mlathi
36.  Rama iku putrane Dasarata lan … .
A.    Dewi Banowati
B.     Dewi Surtikanthi
C.     Dewi Shinta
D.    Dewi kunthi
E.     Dewi sukasalya
37.  Miturut ahli konservasi saka manca, Manawa kutha tanpa wangunan rebasan iku kaya dene manungsa tanpa … .
A.    Nalar
A.    Daya
B.     Cipta
C.     Rasa
D.    Pangeling-eling
38. Mbah Olink dadi jujugane wong kang nampa       lelakon kang ora kepenak .
lelakon kang ora kepenakiku bisa ditegesi   
A.    Nangis
B.     Reribet
C.     Korupsi
D.    Sedih
E.     Peteng
       39. Kabeh bisa kasranti kanthi sarehing ati,
             Tembung kasranti duweni teges … .
A.    Nunggu
B.     Weruh
C.     Sabar
D.    Ngerti
E.     Teka
40. Sastra jawa diarani kaya koncatan teken    nalika surute … .
A. Suripan Sadihutama
B. Any Asmara
C. Poer adhie Prawoto
D. Poerwadi atmodiharjo
E. Esmiet

41. Ukara Siti sinau basa jawa yen katulis nganggo aksara Jawa, kang bener yaiku … .
A.  siti dinau bas jw
B.   siti sinau bs jw
C.   ciri sinau bn jw
D.  sidi sinau bas jw
E.   siti sinwu bs jw
      42. ber[sYnFimskFfi….
A. seg
B. pri
C. wn
D. sri
E. legi
43. Ngaturaken ujuding gati ana ing    pangandhikan iku
      kalebu ana ing peranganing … .
A.    Pakurmatan
B.     Panutup
C.     Purwaka
D.    Panutup
E.     Wigati
   44. Basa Jawa kang diajarake Ibu marang putrane kanggo ngajeni wong iya diarani … .
A.    Basa Jawa
B.     Basa Ibu
C.     Basa isarat
D.    Basa karma
E.     Basa unggah-ungguh
   45. Supaya basa bisa runtut kudu mangerteni … .
A.    Subasita
B.     Bebasan
C.     Paribasan
D.    Paramasastra
E.     Tata krama
   46. Sregep nglatih basa.
         Manawa katulis aksara jawa dadi … .
A.    seregep zLtihbs
B.     s}gep\ nLtihbn
C.     s}gep\ zLtihbs
D.    seregep\ zLtihbf
E.     s}gep\ zLtihbd
    47. Basa krama inggile lambe yaiku … .
A.    Ampeyan
B.     Grana
C.     Paningal
D.    Lathi
E.     Jengku
    48. Akeh para nom-noman kang kelangan Jawane    amarga wis ora sanggup basa Jawa ragam … .
A.    Ngoko alus
B.     Ngoko
C.     Madya krama
D.    krama
E.     krama inggil

    49. Akeh para nom-noman kang kelangan Jawane    amarga wis ora sanggup basa Jawa ragam …
A.    Ngoko alus
B.     Ngoko
C.     Madya krama
D.    Krama
E.     Kasar
50. Basa lan sopan santun kanggone wong “Timur” iku kudu di … .
A.    Ajeni
B.     Junjung
C.     Pikul dhuwur
D.    Lakoni
E.     Mangerteni

I.       Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis.
1.      Jenis pidhato iku cacahe ana akeh banget, salah sijine yaiku pidhato kanthi cara teks. Coba terangna apa kang diarani pidhato kanthi cara teks/naskah?
2.      Tembung krama inggil iku kudune digunakake marang wong sing di kurmati, ora di enggo ngramakake awake dhewe. Gawea tuladhane 1 bae!
3.      Ngandarakae gagasan/ide kanthi sarana lisan ing sanagarepe uwong akeh bisa diarani..
4.      Budaya jawa mliginipun basa jawa kuwi menawa ora dilestarekake mbesuk-mbesuk bakal ilang, awit saka kuwi Kenapa basa Jawa krama kudu diuri-uri?
5.      Undha usuk basa yaiku tataran/ urut-urutan panganggone basa jawa miturut papan, pawongan, lan uga swasana nalika  micara migunakake basa krama. Coba tulisna cara micara migunakake undha-usuk basa kanthi trep!
6.      Adangiyah lan bebuka layang iku nelakake apa?
7.      Layang kuwi jinise ana sepirang-pirang, kayata layang pribadi, lan uga ana kang diarani layang resmi. Apa kang diarani layang pribadi kuwi?terangna kanthi cetha!
8.      Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki
a.       Misuwur
b.      Pangajab
9.      Sakdurunge nindakake pakaryan dadi pranatacara/mc kuwi kudu nyamektakake bab-bab tartamtu. Coba Apa wae sangu kang kudu disamektakake pranatacara?
10.  Tulisen nganggo aksara Jawa !
“Ing jaman saiki basa Jawa minangka salah sijining budaya Jawa kang luhur, mligine basa jawa kudu di uri-uri.”

SILAHKAN BUKU/ LKS YANG DIKUMPUL DIMEJA SAYA DIAMBIL UNTUK BELAJAR 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar