Rabu, 29 November 2017

GLADHEN PAS XII GASAL 2017/2018



1.    Wedharan/uraian sawijining prastawa nyata/ fakta utawa panemu/pendapat kang kapacak ing media masa diarani
A.    Pawarta
B.     Majalah
C.     Koran
D.    Dongeng
E.     Crita
2.    Pawarta kudu ngandharake kahanan kang lagi rame utawa lagi wae kadaden. Tegese, pawarta kudu..
A.    Objektif
B.     Actual
C.     Factual
D.    Cetha
E.     Subjektif
3.    Ing ngisor iki kang nemtokake bobot biji pawarta, kajaba..
A.    Panulise pawarta
B.     Sesambungan karo papan kadadean
C.     Sesambungan karo unsure-unsur kang ketut ing sajroning kadadean
D.    Sesambungan karo pagaweyan pamaca
E.     aktualitas
4.    Wong kang pagaweyan nggolek pawarta diarani..
A.    Karyawan
B.     Sastrawan
C.     Wartawan
D.    Budayawan
E.     Seniman
5.    Swasana regeng sanget awit sedaya warsa sami rebutan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel gepeng.
Tembung regeng tegese padha karo..
A.    Rame
B.Sepi
C.Banter
D.    Rampung
E. Isin
6.    Swasana regeng sanget awit sedaya warsa sami rebutan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel gepeng.
Tembung dipunjangkepi tegese padha karo..
A.    dikompliti
B.     dikelongi
C.     dipasrahi
D.    ditambahi
E.     dipasangi
7.    Music asli jawa tengah yaiku..
A.  Dangdut
B.  Keroncong
C.     Pop
D.    Jazz
E.     rock
8.    Ing jaman global kaya ngene iki, basa jawa padha dilalekake dening generasi enom amarga luwih seneng nganggo basa..
A.    jepang
B.     landa
C.     inggris
D.    cina
E.     krama
9.    Upacara wiwitan dianakake nalika…
A.    Mlebu mangsa tandur.
B.     Mangsa rendheng
C.     Mangsa giling
D.    Mlebu mangsa panen
E.     Mangsa kasadasa
10.     Tradhisi wiwitan iku biasane bakal dibagekake…..dening sesepuh desa. Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku..
A.    Arit
B.     Duit receh
C.     Gabah
D.    Tenggok
E.     Pari
11.     Adicara kang ginelar saben sasi. Tembung ginelar linggane/kata dasar..
A.    Elar
B.     Lar
C.     Galar
D.    Gilar
E.     Nelar
12.     kang diandharake dening narasumber kudu…..dening wartawan.
A.    Diilangi
B.     Diprotes
C.     Ditambahi
D.    Disemak
E.     Dikelongi

13.     Dene tembung bebendu padha tegese karo tembung…
A.    Ama
B.     Reribed
C.     Ruwet
D.    Kawruh
E.     Uwal

14.     Ngewrat piwulang lan warta kang migunani.
Tembung migunanai tegese…
A.  Daya
B.  Baya
C.  Tanpa
D.  Sedya
E.   Karya
15.     Ngewrat piwulang lan warta kang migunani.
Tembung piwulang tegese…
A.  Samekta
B.  Sedaya
C.  Tuladha
D.  Sanepan
E.   Ajaran
16.     Sesorah kanthi cara nggawa cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung sing kaliwatan. Iku diarani pidhato kanthi cara…
A. Apalan
B.  Dadakan
C.  Maca teks
D. Nggwa cathetan ringkes
E.  Tanpa direncana
17.      Juru pamedhar sabda kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta…
A.    Ora prelu nanggapi panyaruwe/ kritik
B.     Nanggapi kanthi sakepenake
C.     Wani atur tanggapan tumraping panyaruwe
D.    Ora nggatekake panyaruwe
E.     Ora ngladeni panyaruwe
18.      Nalika nindakake ayahan/pakaryan sesorah, busana kang digunakake becike…
A.    Sing penting nganggo klambi
B.     Bahan sing apik dhewe
C.     Bahane sing larang dhewe
D.    Dilaraske karo acara kang lumaku
E.     Merdika sakarepe dhewe
19.     Supaya pakaryan sing abot bias dadi entheng, ditindakake kanthi cara…
A.    Ditandangi dhewe
B.     Dirampungke dhewe
C.     Diayahi dhewe
D.    Gotong royong
E.     Kongkonan wong liya
20.     Simbah lagi lara, mula ora lunga.
Ukara ing dhuwur menawa diganti dadi basa krama yaiku…
A.    Simbah saweg gerah, pranmila boten tindak.
B.     Simbah saweg gerah, pramila mboten kesah.
C.     Simbah nembe sakit, pramila mboten kesah.
D.    Simbah saweg sakit, pramila boten tindak
E.     Simbah lagi gerah, pramila ora lunga.
20.  Basa Jawa ragam krama inggil digunakake saka sapa kanggo sapa….
A.    Sepuh marang tiyang enem
B.     Enem marang sapadhane
C.     Bapak marang garwane
D.    Enem marang tiyang sepuh
E.     Enem kaliyan enem

21.  Saben trap-trapaning basa digunakake nurut pawongan kang omong lan pawongan..
A.    Sing luwih tuwa
B.     Sing diajak omong
C.     Sapdha-padha
D.    Lagi ditepungi
E.     Sing luwih enom.
22.  Salah sawijining sebab sing njalari ilang unggah-ungguhing wong jawa jaman saiki yaiku..
A.    Ora jamane
B.     Globalisasi
C.     Pengaruh manca negara
D.    Ora diwulangke ing kulawarga
E.     Ora diwulangke ing sekolah.
23.  Prakara wigati kang ora kena lali kang dadi ciri mligine tata kramane wong jawa yaiku…
A.    Budaya ewuh-pekewuh
B.     Isinan
C.     Sumbangan
D.    Ewuh gedhen
E.     Aruh-aruh
24.  Jaman biyen tata kramane bocah marang wong tuwa uga bisa disawang ing papan pawiyatan.
Tembung pawiyatan tegese..
A.    Sekolah
B.     Lingkungan
C.     Dhusun
D.    Kampung
E.     Omah
25.  Saiki wong luwih bombong nggunake basa Indonesia ing omah.
Tembung bombing bisa diganti nganggo tembung..
A.    Lancer
B.     PD
C.     Seneng
D.    Kerep
E.     Gelem 
26.  “Bapak mangan sega goreng karo maca koran.”
Ukara ing dhuwur iki menawa digawe nganggo karma sing bener kepriye…
A. Bapak mangan sekul goreng kaliyan maos koran
B.  Bapak dhahar sekul goreng saha maca koran
C.  Bapak dhahar sekul goreng karo maos koran
D. Bapak dhahar sekul goreng saha maos koran
E.  Bapak maem sekul goreng saha maos koran
Wacanen pacelathon ing ngisor iki !
Pak Tejo : “menawi badhe ngendika marang Pak Lurah, kedah ngginakaken basa jawi ragam krama inggil menapa mboten?”
Pak Sri : “inggih Pak ! leres, amargi Pak Lurah menika saking abdi dalem kraton”
27.  Pacelathon ing dhuwur iki migunakake basa jawa ragam apa….
A.    Ngoko
B.     Ngoko lugu
C.     Krama madya
D.    Krama inggil
E.     Krama ndesa
28.  Kang dadi lelembarane pakarti lan tumindak ing sajroning bebrayan yaiku..
A.    Kearifan local
B.     Pakaryan
C.     Sastra
D.    Budaya
E.     Pelatihan.
29.  Ibu badhe tindak peken nitih sepeda Motor..
        Tembung nitih duweni teges..
A.  Sepeda
B.   Numpak
C.   Kanggo
D.  Mlaku
E.   Tumbas
30.  Manahipun Bapak radi kuciwa amargi putranipun mboten saged mbiyantu makarya.
Tembung manah lan makarya duwe teges….
A.       Ati lan asil karya
B.       Madosi kerja lan ati
C.       Ati lan nyambut damel
D.       Ati lan kasusahan
E.Ati lan pikiran
Kawaosapawartos ing ngandhap menika!
Kutha Yogyakarta namane wus kuncara ing sadengah papan. Kutha yogyakarta kalebu kutha perjuangan, pendhidhikan lan budaya. Saben taun pisan pase tanggal 7 Oktober tansah dipengeti. Kanggo taun 2009 pengetan kaadani ing alun-alun balaikota Yogyakarta kanthi upacara mawa busana Jawa Mataraman sing disepuhi dening walikota H.herry Zudianto. Pengetan 253 taun kutha yogyakarta kajaba diadani upacara ing lingkungan pemkot Yogyakarta uga diadani pentas kesenian ing kelurahan sawilayah kutha Yogyakarta.
Kapethik saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
31.  Wosipun pawartos ing nginggil, inggih menika….
A.       7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta  mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi upacara mawa busana Jawa
B.       7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta  mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi upacara nglilingi kutha
C.       7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta  mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi upacara agama
D.       7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta  mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi upacara bendera
E.        7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta  mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi upacara kirab budaya.
32.  Tembung diadani iang pawarta dhuwur kuwi duweni teges?
A.    Digawa
B.     Digelar
C.     Dilaksanakake
D.    Diwenehi
E.     dirasake
33.  Tembung dipengeti ing wacan dhuwur duweni teges..
A.    Dilaleake
B.     Dieling-eling
C.     Dianggo
D.    Dilestarekake
E.     Dikaryake
34.     Miturut pawartos ing nginggil inggih menika, kajaba diadani upacara pengetan madege kutha yogyakarta uga diadani….
A.  Konvoi sepedha motor
B.  Pentas kesenian ing kelurahan
C.  Arak-arakan sesajen
D.  Arak-arakan kesenian
E.   Jalan sehat saha senam masal.
35.     Tembung sadengahwonten ing wacan, nggadhahi teges….
A.    Sakiwa-tengene
B.     Saklawase
C.     Saksuwene
D.    Sakrampunge
E.     Sak ngisor dhuwur
36.     Tembung kuncara wonten ing wacan, nggadhahi teges….
A.  Dipunremeni sanget
B.  Misuwur banget
C.  Maju sanget
D.  Nyenengake sanget
E.   Damel bungah
37.    ?[w=oslhbk[kS[lh.
Waosanipun inggih menika....
A.   Wong dalah bakal sèlèh
B.   Wang seleh bakal salah
C.   Wong salah bakal saloh
D.   Wong salah bakal sèlèh
E.    Wang salah bakal sèlèh
38.    ?zebutBevJ|t\.
Ukara ing nginggil menika adatipun kaserat ing ....
A.      Dalan kampung
B.      Dalan gedhe
C.      Dalan TOL
D.     Dalan sawah
E.      Dalan Buntu
39.  Ana ing adat jawa nalika mantenan, psang sanggan kuwi migunakake pisang apa?
A.    Kepok
B.     Kilon
C.     Raja
D.    Ambon
E.     Gabu
40.  Naskah utawa scenario kedadean saka..
A.    Tokoh-tokoh
B.     Babak- babak
C.     Piwulangan
D.    Amanat
E.     Piranti drama
41.  Ukara sesorah ing nginggil menika mujudaken kerangka sesorah ingkang dipunsebut….
A.      Uluk salam saha atur pambuka
B.      Wigatining atur/wosipun sesorah
C.      Pangajeng-ajeng lan pangajak
D.     Atur puji syukur saha panuwun
E.      Atur pambagyaharja kawilujengan
42.  Menapa kemawon perangan ragam basa jawi menika….
A.      Krama madya lan Krama inggil
B.      Ngoko alus lan krama inggil
C.      Ngoko alus lan ngoko lugu
D.     Ngoko lan Krama inggil
E.      Ngoko, Krama, Krama inggil
43.  Unsur-unsur ingkang  mbangun teks sastra inggih menika….
A.    Unsur intrinsik lan unsur internal
B.     Unsur eksternal lan unsur ekstrinsik
C.     Unsur ekstrinsik lan unsur alami
D.    Unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik
E.     Unsur langsung saha boten langsung.
44.  Cariyos menika dipun perang dados kalih jinis, inggih menika….
A.    Nyata lan non fiksi
B.     Non fiksi lan alamiah
C.     Fiksi lan imajinasi
D.    Fiksi lan non fiksi
E.     Sastra lan non sastra
45.  Unsur ingkang mbangun wonten ing salebeting cariyos dipunsebut….
A.    Unsur ekstrinsik
B.     Unsur intrinsik
C.     Unsur paraga
D.    Latar belakang
E.     Point of view
46.  Sandhangan kang makili konsonan ‘ng’ diarani..
A.    Layar
B.     Wignyan
C.      Cecak
D.    Pangkon
E.     Taling tarung
47.  Aksara murda iki ‘!’unine apa…
A.    Na
B.     Ka
C.     Ta
D.    Sa
E.     Pa
48.  Aksara murda iki ‘$’unine apa…
A.      Na
B.      Ka
C.      Ta
D.     Sa
E.      Pa
49.  Inti utawi ide dhasar ing sawijining cariyos dipunsebut….
A.      Tema
B.      Alut
C.      Latar
D.     Konflik
E.      Paraga
50.  we/fini=sb/m=[ko[no
     Tulisan jawa iki unine…
A.    werdining sabar mangkana
B.     werdhining sabar mangkona
C.     werdhining sabar mangkono
D.    Wardining sabar mangkono
E.     Werdining sabar mangkoni















II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cetha lan pener!


1.      Katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan diarani…
2.      Pawongan kang bakal medharake sesorah uga kudu migunakake busana kang pantes. Kepriye mungguh panganggone busana kang pantes tumrap pawongan kang bakal medhar sesorah?terangna kanthi cekak aos/ singkat!
3.      Wacanen perangan crita wayang ing nggisor iki kanthi permati!
Wisrawa Dewi Sukesi
Sang Resi Wisrawa nemoni Prabu Sumali kanthi tujuan nglamar Dewi Sukesi supaya gelem dadi garwa danaraja. Prabu Sumali mangsui yen panglamar sing ditampa yaiku panglamar  sing bisa mbabar Serat sastra Jendra.
Apa wos/isi peranagn carita wayang ing dhuwur?
4.      Adhedhasar  perangan Carita wayang kanthi irah-irahan Wisrawa Dewi Sukesi ing dhuwur,  tembung  mbabar duweni teges/arti….
5.      Aksara murda kuwi bisa digunakake kanggo panulisan tembung apa wae..sebutna!

6.      Semaken ukara ing nggisor iki, banjur gawenen dadi ukara kang migunakake basa karma.
“Simbah ora sida lunga menyang Pantai parangtritis amarga menawa wayah liburan akeh pawongan sing padha piknik”
7.      Wenehana loro wae tuladha ilanging unggah-ungguh para kawula mudha ing jaman saiki!
8.      Apa wae kang kudu digatekake tumrape uwong jawa, supaya ora ilang jawane!
9.      %[zrnFi[%one[&o[rogdhtpkTilsHi=guw$el[r=o
apa wacane tulisan jawa ing dhuwur
10.  Tulisen ukara ing nggisor iki migunakake aksara jawa
“Pangeran Diponegoro kuwi asale saka kutha Ngayogyakarta”

SILAHKAN BUKU/ LKS YANG DIKUMPUL DIMEJA SAYA DIAMBIL UNTUK BELAJAR

Tidak ada komentar:

Posting Komentar