Minggu, 09 Oktober 2016

GLADHEN BASA JAWA PTS KELAS XII



GLADHEN BASA JAWA
PTS
KELAS XII
 

Jawablah pertanyaan berikut dengan benar pada lembar jawab yang telah tersedia !
1.      Apa sing diarani sesorah?
2.      Sesorah iku bisa diperang/dibagi dadi 4 jinis yaiku sesorah kanthi cara apalan, kanthi cara naskah, kanthi cara dadakan utawa impromptu, lan sesorah kanthi cara ekstemporan. Coba terangna apa kang diarani jinis sesorah kanthi cara naskah/teks....
3.      Sangune wong sing arep maju medharake sesorah iku kudu duweni patrap utawa sikep sing becik. Kepriye prayogane patrap utawa sikep pawongan sing arep medharake sesorah. Sebutna paling sithik 2 wae!
4.      Pawongan kang bakal medharake sesorah uga kudu migunakake busana kang pantes. Kepriye mungguh panganggone busana kang pantes tumrap pawongan kang bakal medhar sesorah?terangna kanthi cekak aos/ singkat!
5.      Wacanen perangan crita wayang ing nggisor iki kanthi permati!
                                                                       Wisrawa Dewi Sukesi
Sang Resi Wisrawa nemoni Prabu Sumali kanthi tujuan nglamar Dewi Sukesi supaya gelem dadi garwa danaraja. Prabu Sumali mangsui yen panglamar sing ditampa yaiku panglamar  sing bisa mbabar Serat sastra Jendra.
Sapa sejatine Resi Wisrawa iku?
6.      Adhedhasar  perangan Carita wayang kanthi irah-irahan Wisrawa Dewi Sukesi ing dhuwur,  tembung  mbabar duweni teges/arti….
7.      Ing Perangan Crita wayang ing dhuwur, Dewi Sukesi mujudake wanita ayu putrinipun Prabu Sumali. Banjur Prabu Sumali kuwi Raja ing Kraton ngendi….
8.      Pasang tarub tumrape pawongan sing arep duwe gawe mantu ditandhani kanthi masang bleketepe. Apa sing diarani bleketepe kuwi
9.      Tetuwuhan/ wit-witan sing dipajang ana tarub kuwi maneka warna jinise. Ana pisang, pari, klapa gadhing, tebu wulung, canthel, godhong kaluwih, ringin, lan sapanunggalane. Sebutna werdine/filosofi saka tuwuhan sing dipajang ana tarub kuwi mau!
10.  Semaken ukara ing nggisor iki, banjur gawenen dadi ukara kang migunakake basa karma.
“Bapak nek ngombe paling seneng wedhang teh sing panas. Apa meneh legi lan kenthel. Jarene rasane tonjo tenan”
11.  Wacane perangan pacelathon/percakapan ing nggisor iki. Isinen ceceg-ceceg sing kothong migunakake tembung kang trep!
Sapta                     : Sugeng enjing mbah.
Mbah Margo         : ooo..kowe ta le, mrene-mrene. Kadingaren kowe(1)………mrene
Sapta                     : inggih mbah, sowan kula dhateng simbah badhe ngaturaken ulem menika.
Mbah Margo         : ulem acara apa iki le?
Sapta                     : Ulem kangge acara Merti Dusun mbah. Panjenengan dipunaturi(2)……….ing Bale desa.
Mbah Margo         :Oalah..yoh..yoh, aku mesthi teka nek kanggo acara desa kaya ngene iki le.
Sapta                     : inggih mbah, matur nuwun sanget. Kula badhe(3)……….rumiyin mbah, tasih badhe ngaturaken ulem kangge warga sanes. Parengg mbah
Mbah Margo         :yoh, sing ngati-ati.
12.  Acara midodareni ing adicara adat penganten gagarag Ngayogyan padatan diadani ing wanci…lan sadurunge acara….
13.  Sak durunge acara ijab qabul katindakake. Diadani acara siraman tumprap calon pinanganten. Apa werdi/ ancas/tujuan diadani acara siraman tumrap calon pinanganten…
14.  Gawenen wicara pasrah temanten kang ringkes!
15.  Tulisen ukara ing nggisor iki migunakake aksara jawa
“Tumpeng iku digawe saka sega kuning lawuhane ingkung pitik  jawa”

GLADHEN BASA JAWA PTS KELAS XI SMK



GLADHEN BASA JAWA
PTS
KELAS XI SMK
 

Jawablah pertanyaan berikut dengan benar pada lembar jawab yang telah tersedia !
1.      Apa sing diarani wara-wara?
2.      Ana ing sambutan, pambukaning atur iku isine ngrembug bab apa wae?sebutna!
3.      “wacanen perangan sambutan ing nggisor iki kanthi permati!
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kathah lepat saking kula saestu kula tadhah lumah tetesing samudra pangaksami.
Perangan ukara ing dhuwur kalebu perangan sambutan bab…
4.      Apa kang diarani wawancara, reporter, lan narasumber ?
5.      Paragraf bisa kaperang dadi loro, yaiku paragraph dhedhuktif lan induktif. Coba jlentrehna kanthi cetha lan permati, apa kang ditulis para siswa kuwi kalebu narasi….
6.      Salinen aksara ngoko iki tumuju basa karma!
Ibu lunga menyang Alun-alun karo mbokdheku. Kanyata andhong sing ditumpaki krasa ora kepenak.
7.      Coba sebtutna cara mertamu ana daleme uwong liya nganggo cara sing bener lan pener!
8.       Bacutna unen-unen iki lan terangna apa tegese saka unen-unen ”kacang ninggal……
9.      Wacanen perangan sambutan ing nggisor iki!
“Sumangga kula dherekaken dedonga ing Ngarsanipun Allah SWT. Awit sih nugraha dalem ugi, panjenengan   dalah kula saged kempal manunggal dadya sawiji ing papan menika kanthi sabar lan tawakal.”
Perangan sambutan iku, kalebu jinis perangan sing endi?
10.  Isinen cecek-cecek/ titik-titik ing ngisor iki migunakake basa sing trep!
Pak Camat: Sapa sing wani-wanine nyolong bandhane rakyat bakal tak lereni anggone nyambut gawe.
Sek. Cam   : Nyuwun pangapunten pak, menapa inggih wonten ingkang(1)…………nyolong bandhane.
Pak Camat : ana!nyatane aku oleh palapuran(2)…………kantor polisi, menawa ing kecamatan kene ana sing gelem korupsi.
Sek. Cam   : menawi mekaten saben(3)…………senin, sedaya pegawai ing Kecamatan kedhah dipunsidak!
Pak Camat : aku sarujuk!
11.  Wohing kasusastran sing awujud tulisan kang cara macane lelewa manut surasaning tembung kang rinakit kuwi diarani…
12.  Geguritan iki uga bisa diarani puisi jawa. Asale saka tembung ‘gurit’ sing tegese….
13.  Wacanen perangan geguritan ing ngisor  iki!
                                    Aja Dumeh
Simbah-simabh biyen padha ngendika, wong mono mbok aja dumeh.
Pancen penak urip mubra-mubru, ngelun bandha necep legining madu
Mlaku bisa gagah…ngguyu bisa latah..latah
Ngalor ngidul diwah.
Piwulang apa sing bisa kapethik saka perangan geguritan ing dhuwur iki, terangna!
14.  Tegesana perangan geguritan sing kacithak kandel iki!
“sesuk kumlarah rana-rene dicamah..disewiyah
15.  Salinen aksara jawa ing nggisor iki ana ing bas alatin!
  r[fnHje=k/tinilai/[rfi[pzetTisbnS si p]il\

GLADHEN BASA JAWA PTS KELAS X SMK



GLADHEN BASA JAWA
PENILAIAN TENGAH SEMESTER
KELAS X SMK MUHAMMADIYAH 1 YOGYAKARTA

Jawablah pertanyaan berikut dengan benar pada lembar jawab yang telah tersedia !
1.      Apa kang diarani wara-wara..
2.      Apa bedane wara-wara lan pawarta?
3.      Wujuding wara-wara kuwi ana loro. Yaiku wara-wara sing awujud lisan lan tulisan.  Wara-wara sing awujud lisan kuwi padatan/biasane kagiarake lumantar media…
4.      Ing wara-wara ana perangan sing diarani adangiyah. Apa kang dirembug ana ing adangiyah iku..
5.      Coba gawenen wara-wara kang isisne ngrembug pengajian kelas!
6.      Wara-wara sing isine narik kawigatenan para warga supaya para warga sing padha maca apa dene ngerti wara-wara kuwi mau gelem padha tuku. Wara-wara kuwi disebut jinis wara-wara…
7.      Coba saiki wacanen ukara ing nggisor iki, banjur owahana/ gawenen dadi basa karma sing pener!
“bapak mulih, nalika aku lagi wae arep madhang  ing pawon”
8.      Gawenen pacelathon/ percakapan ing anatarane wong tuwa lan wong enom migunakake basa sing pener!
9.      Menawa wara-wara migunakake basa baku lan formal. Parikan migunakake basa rinengga utawa basa kang endah. Kenapa parikan migunakake basa kang endah?terangna kanthi cekak aos!
10.  Wacanen parikan ing nggisor iki!
Manuk puter dipakani jagung.
Dadiya pinter supaya agung
Gatra siji lan gatra loro dumadi saka pirang wanda/ suku kata?
11.  Semaken perangan parikan ing nggisor iki
“Manuk kacer kekiter ana dhuwur pager”
Bacutna/jangkepana parikan ing dhuwur iki!
12.  Semaken parikan ing nggisor iki, banjur jangkepana isine parikan iki supaya sampurna lan trep.
“menyang kutha tuku clana, kurang dhuwit ora sida”.
Piwelingku mring pra mudha….
13.  Coba saiki Gawenen parikan cacah siji wae kanthi tema pendidikan!
14.  Apa sing diarani carita rakyat..
15.  Apa sing diarani saged?terangna!
16.  Karya sastra prosa utawa gancaran kang dicritakake kanthi cara turun-tumurun ing masyarakat lan mbabar utawa ngrembug crita tokoh dewa utawa setengah dewa sing kaya-kaya kedaden ing mangsa biyen diarani…
17.  Crita kang nyaritakake dumadine papan utawa panggonan, kutha lan sapanunggalane kang isine akeh-akehe bab sejarah kalebu carita rakyat kang jinise…
18.  Salinen aksara jawa ing nggisor iki ing aksara latin!
    becikKetitikSi=albklKetr
19.  Salinen aksara jawa ing nggisor iki ing aksara latin!
    becikKetitikSi=albklKetr