Minggu, 09 Oktober 2016

GLADHEN BASA JAWA PTS KELAS XII



GLADHEN BASA JAWA
PTS
KELAS XII
 

Jawablah pertanyaan berikut dengan benar pada lembar jawab yang telah tersedia !
1.      Apa sing diarani sesorah?
2.      Sesorah iku bisa diperang/dibagi dadi 4 jinis yaiku sesorah kanthi cara apalan, kanthi cara naskah, kanthi cara dadakan utawa impromptu, lan sesorah kanthi cara ekstemporan. Coba terangna apa kang diarani jinis sesorah kanthi cara naskah/teks....
3.      Sangune wong sing arep maju medharake sesorah iku kudu duweni patrap utawa sikep sing becik. Kepriye prayogane patrap utawa sikep pawongan sing arep medharake sesorah. Sebutna paling sithik 2 wae!
4.      Pawongan kang bakal medharake sesorah uga kudu migunakake busana kang pantes. Kepriye mungguh panganggone busana kang pantes tumrap pawongan kang bakal medhar sesorah?terangna kanthi cekak aos/ singkat!
5.      Wacanen perangan crita wayang ing nggisor iki kanthi permati!
                                                                       Wisrawa Dewi Sukesi
Sang Resi Wisrawa nemoni Prabu Sumali kanthi tujuan nglamar Dewi Sukesi supaya gelem dadi garwa danaraja. Prabu Sumali mangsui yen panglamar sing ditampa yaiku panglamar  sing bisa mbabar Serat sastra Jendra.
Sapa sejatine Resi Wisrawa iku?
6.      Adhedhasar  perangan Carita wayang kanthi irah-irahan Wisrawa Dewi Sukesi ing dhuwur,  tembung  mbabar duweni teges/arti….
7.      Ing Perangan Crita wayang ing dhuwur, Dewi Sukesi mujudake wanita ayu putrinipun Prabu Sumali. Banjur Prabu Sumali kuwi Raja ing Kraton ngendi….
8.      Pasang tarub tumrape pawongan sing arep duwe gawe mantu ditandhani kanthi masang bleketepe. Apa sing diarani bleketepe kuwi
9.      Tetuwuhan/ wit-witan sing dipajang ana tarub kuwi maneka warna jinise. Ana pisang, pari, klapa gadhing, tebu wulung, canthel, godhong kaluwih, ringin, lan sapanunggalane. Sebutna werdine/filosofi saka tuwuhan sing dipajang ana tarub kuwi mau!
10.  Semaken ukara ing nggisor iki, banjur gawenen dadi ukara kang migunakake basa karma.
“Bapak nek ngombe paling seneng wedhang teh sing panas. Apa meneh legi lan kenthel. Jarene rasane tonjo tenan”
11.  Wacane perangan pacelathon/percakapan ing nggisor iki. Isinen ceceg-ceceg sing kothong migunakake tembung kang trep!
Sapta                     : Sugeng enjing mbah.
Mbah Margo         : ooo..kowe ta le, mrene-mrene. Kadingaren kowe(1)………mrene
Sapta                     : inggih mbah, sowan kula dhateng simbah badhe ngaturaken ulem menika.
Mbah Margo         : ulem acara apa iki le?
Sapta                     : Ulem kangge acara Merti Dusun mbah. Panjenengan dipunaturi(2)……….ing Bale desa.
Mbah Margo         :Oalah..yoh..yoh, aku mesthi teka nek kanggo acara desa kaya ngene iki le.
Sapta                     : inggih mbah, matur nuwun sanget. Kula badhe(3)……….rumiyin mbah, tasih badhe ngaturaken ulem kangge warga sanes. Parengg mbah
Mbah Margo         :yoh, sing ngati-ati.
12.  Acara midodareni ing adicara adat penganten gagarag Ngayogyan padatan diadani ing wanci…lan sadurunge acara….
13.  Sak durunge acara ijab qabul katindakake. Diadani acara siraman tumprap calon pinanganten. Apa werdi/ ancas/tujuan diadani acara siraman tumrap calon pinanganten…
14.  Gawenen wicara pasrah temanten kang ringkes!
15.  Tulisen ukara ing nggisor iki migunakake aksara jawa
“Tumpeng iku digawe saka sega kuning lawuhane ingkung pitik  jawa”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar