Senin, 20 Februari 2017

GLADHEN SOAL PTS KELAS 1 GENAP FEBRUARI 2017



1.       Wayang iku asalae saka tembung ..
2.       Sebutna jinis wayang, paling sithik 3!
3.       Sebutna unsure-unsur kang mbangun crita wayang?
4.       Sapa wae paraga kang ana ing carita Mahabarata, lan kepriye wateke?
5.       Sejatine carita mahabarata lan Ramayana kuwi asale saka Negara ngendi?
6.       Ing carita mahabarata, putrane Prabu Pandudewanata lan dewi kunthi iku diarani?lan sebutna sapa wae?
7.       Ing nggisor iki paraga wayang sing arane…










8.       Papan lan wektu dumadine  crita diarani..
9.       Wayang iku dilakokake ana ing layer/kain kang rupane putih. Layer putih iku mau jenenge..
10.   Raden Janaka kuwi duwe nama liya, soba sebutna loro wae nama liyane Raden Janaka..
11.   Coba sebutna paraga wayag kang duweni sikep Wengis/antagonis..
12.   Gawenen ringkesan saka crita  “Dumadine Rawa Pening”  kanthi cekak aos!
13.   Piwulang apa kang bisa dijupuk saka crita Dumadine Rawa pening?
14.   Sebutna tokoh/paraga protagonist ing carita dumadine rawa pening!
15.   Ukara ing nggisor iki gawenen dadi migunakake basa Krama!
“Pak Guru akon para siswa supaya nggarap latihan soal ana LKS halaman limalas”

GLADHEN SOAL PTS KELAS 2 SMK GENAP FEBRUARI 2017



Soal kelas 2
1.       Nyemak musywarah iku kelebu jinis nyemak..
2.       Myemak kanthi konsentrasi iku tetengere nyemak..
3.       Krungu guneme/omongane wong kang lagi wawan rembug/ pacelathon iku kalebu nyemak ekstensif jinis..
4.       Kepriye anggone nindakake musywarah kang becik iku?
5.       Apa wae kang kdiarani nyemak ekstensif?
6.       Apa kang diarani sesorah?
7.       Terangna kang kalebu jinis pidato miturut ancase!
8.       Andharna kang diarani pidhato/ sesorah kanthi metode impromptu!
9.       Menawi wonten klenta-klentu anggen kula matur saestu kula nyuwun pangapunten. Ukara iku kalebu paugeran pidato kang diarani…
10.   Pangangggone basa krama alius iku digunakake marang….. tumrap…
11.   Rembugan bebranegna kanggo ngrembug sawijining bab kanggo golek mupakat diarani..
12.   Pawongan kang duwe jejibahan/ tugas mranata lakuning musyawarah yaiku..
13.   Pak guru apa wis kondur ya?”ukara iku migunakake basa apa..
14.   Gawenen ukara kang migunakake basa krama alus sing bener!
15.   Sadurunge nulis pidhato luwih becik gawe…

GLADHEN SOAL PTS KELAS 3 SMK GENAP FEBRUARI 2017



1.       Sesorah masrahake calon manten kakung ing kaluwargane calon temanten putri lan sewalike kalebu tuladha sesorah…
2.       Pawongan sing duweni jejibahan menehi/medhar sawijining ngelmu/ seserepan bab kang namung ana ing dhiskusi kalebu pakaryane?
3.       Unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper diarani..
4.       Narasi kang duwe ancas menehi ngerti para maos supaya tambah pangertene diarani?
5.       Apa sing diarani sarasehan iku..
6.       Ing sawijining sarasehan iku ana paraga-paraga kang duweni jejibahan tartamtu, kaya dene Narasumber, Moderator, lan Notulen, .Tulisna apa jejibahan/ tugasModerator Sarasehan ?
7.       Perangan awaking manungsa kuwi iku bisa dicandra sak pucuk rambut tekan sikil, mula cacahe akeh banget. Sebutna tuladha candrane perangane awak, paling sithik telu wae?
8.       Ora ming panyandra bab peranganing awak wae, ananing solah bawa/ tindak tanduking manungsa kuwi uga bisa dicandra. Sebutna tuladha Panyandra solah bawa, paling sethithik 3 wae?
9.       Diskusi ing sawijing forum kuwi bisa lumaku kanthi rancag/ lancer menawa pasarta lan pamedhar sabda/ narasumbere kuwi bisa nindakake dhiskusi kanthi cara sing pener. Kepriye carane nglaksanankake dhiskusi kang becik?
10.   Pasarta ing sawiining dhiskusi iku mneka warna. Sipating para pasarta dhiskusi kuwi mau uga bakal mangaribawani/ mempengaruhi lakuning dhiskusi. Apa wae tengerane peserta dhiskusi kang becik?
11.   Micara ing sanagrepe wong akeh kanthi tujuan/ancas kang gumathok diarani..
12.   Sesorah utawa pidato kuwi jinise ana akeh. Salah sijine yaiku sesorah tanggap wacana. Apa kang diarani tanggap wacana?
13.   Pawongan sing arep nindakake jejibahan sesorah kuwi kudu nyamektakake samubarang kang ana gayutane karo sesorah kuwi mau, supaya samangko anggone sesorah bisa apik kang kaya dikarepake. Apa wae sanguine juru sesorah?
14.   Jinise karangan iku ana loro, yaiku karangan Argumentasi karo karangan eksposisi. Jlentrehna apa bedane karangan argumentasi karo karangan eksposisi?
15.   Ing sawijining sarasehan iku ana paraga-paraga kang duweni jejibahan tartamtu, kaya dene Narasumber, Moderator, lan Notulen. Apa wae jejibahan notulen?