Senin, 20 Februari 2017

GLADHEN SOAL PTS KELAS 3 SMK GENAP FEBRUARI 2017



1.       Sesorah masrahake calon manten kakung ing kaluwargane calon temanten putri lan sewalike kalebu tuladha sesorah…
2.       Pawongan sing duweni jejibahan menehi/medhar sawijining ngelmu/ seserepan bab kang namung ana ing dhiskusi kalebu pakaryane?
3.       Unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper diarani..
4.       Narasi kang duwe ancas menehi ngerti para maos supaya tambah pangertene diarani?
5.       Apa sing diarani sarasehan iku..
6.       Ing sawijining sarasehan iku ana paraga-paraga kang duweni jejibahan tartamtu, kaya dene Narasumber, Moderator, lan Notulen, .Tulisna apa jejibahan/ tugasModerator Sarasehan ?
7.       Perangan awaking manungsa kuwi iku bisa dicandra sak pucuk rambut tekan sikil, mula cacahe akeh banget. Sebutna tuladha candrane perangane awak, paling sithik telu wae?
8.       Ora ming panyandra bab peranganing awak wae, ananing solah bawa/ tindak tanduking manungsa kuwi uga bisa dicandra. Sebutna tuladha Panyandra solah bawa, paling sethithik 3 wae?
9.       Diskusi ing sawijing forum kuwi bisa lumaku kanthi rancag/ lancer menawa pasarta lan pamedhar sabda/ narasumbere kuwi bisa nindakake dhiskusi kanthi cara sing pener. Kepriye carane nglaksanankake dhiskusi kang becik?
10.   Pasarta ing sawiining dhiskusi iku mneka warna. Sipating para pasarta dhiskusi kuwi mau uga bakal mangaribawani/ mempengaruhi lakuning dhiskusi. Apa wae tengerane peserta dhiskusi kang becik?
11.   Micara ing sanagrepe wong akeh kanthi tujuan/ancas kang gumathok diarani..
12.   Sesorah utawa pidato kuwi jinise ana akeh. Salah sijine yaiku sesorah tanggap wacana. Apa kang diarani tanggap wacana?
13.   Pawongan sing arep nindakake jejibahan sesorah kuwi kudu nyamektakake samubarang kang ana gayutane karo sesorah kuwi mau, supaya samangko anggone sesorah bisa apik kang kaya dikarepake. Apa wae sanguine juru sesorah?
14.   Jinise karangan iku ana loro, yaiku karangan Argumentasi karo karangan eksposisi. Jlentrehna apa bedane karangan argumentasi karo karangan eksposisi?
15.   Ing sawijining sarasehan iku ana paraga-paraga kang duweni jejibahan tartamtu, kaya dene Narasumber, Moderator, lan Notulen. Apa wae jejibahan notulen?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar