TEGEL
Sewu
dalan kang wus dak liwati, atusan papan sing wis tau dak tapaki, lan uga esem,
gandhes luwes lan kabeh crita antaraning aku lan sliramu tumeka mak breg beberengan kaya banyu kang disokakae saka
tandhon.nggrojog ngebaki pikir sing wis tansaya ora karuan. Prasetya sing
kudune ditetepi, gelem ora gelem kudu dipupus sak durunge kebacut.
Bebarengan karo udhaling ambeganku sing dak rasa seseg lan tangan sing kawit mau uwak-uwek
nalekake tali sepatu, sing dak rasa ora
pener-pener. Embuh apa sebab e, dak rasa bisa uga amerga pamikirku uga wis ora
kepenak, tangan kang wus ktrasa gemeter kawit mau, ananging dak coba tak
kuat-kuatake. Kebak pitakokonan kang ora bisa dak wangsuli, akeh rasa sing dak
rasa ora adil , ananging aku ora bisa malikake kahanan. Dadi ming barang sepele
wae ora jegos ngrampungke, atase ming nali sepatu wae ora nganggo kepeneran,
uga rasane kepenging age-age ninggalake omahamu.
“aku
pamit” udhal swaraku karo ngadeg sinambi ngrapekake klambiku sing sakjane isih
rapi, mung kanggo nyingitake rasaku.
Ora
ana tembung sing keprungu saka pawongan sing dak pungkuri, ming swara motor
sing semliwer ing ngarep lurung ing sore kuwi sing ngisi sepining swasana.
Dumadakan
keprungu maneh swara tangis sesenggukan sing kaya-kaya diampet karo sing
duwe,sajak uwong ing ngarepe aja nganti ngerti menawa dheweke kuwi lagi
sesenggukan.
“hhhuuuuuuffffftthhhh”aku
unjal ambegan maneh nata ati arep jumangkah saka sangarepe omahmu. Nembe wae
oleh pirang jangkah, keprungu swara nyeluk jenengku.
“Birowo?”swara
kuwi mau kawetu saka wanita ayu lencir kuning ing sangarep lawang omah limasa
kuwi mau, netrane sing ndamar kanginan abang kambang-kambang kebak eluh sing
wus sumadya tumetes.
Aku
ora semaur, ananging aku ming noleh banjur mesem kecut karo dheweke. Manthuk,
banjur tak kuat-kuatke jumangkah tumuju motor vespa sprint biru sing dak parkir
ing nggisor uwit pelem kuwi mau. Dak slah sepisan, vespa kuwi mau banjur murup.
Lathi iki kaya-kaya ora duwe daya maneh kanggo pamitan karo wanodya kang
netrane tanasaya abang lan pipine kang wus kebak eluh. Sakjane akeh bab kang
kepengin dak andharke, anaging dhadha iki seseg, kabeh peranganing raga uga
uwis ora duwe daya. Wusana aku mung bisa nyawang wanodya mau, sing kawetu ming esem
kecut. Tak ulir gas vespa kuwi mau, kebule mulek ing mburi. Alon-alaon vespaku kuwi mau wis
mundhak adoh saka sawijining omah model kolonia ing sapininggiring kutha
Ngayogyakarta.
“tess..tesss,,tess”
barang bening kuwi mau uga tak rasake nelesi pipiku. “assuuuuuuu…bajiiiiingan”vespa
kuwi mau tansaya tak getog tenagane. Dalan-dalan ing kutha Pelajar kuwi mau
tansaya cepet tak lalap, kepengin rasane cepet-cepet ninggalake kutha kuwi.
Sakjane ana rasa eman, ananging kepiye maneh, ora ana pawadan liya kanggoku
sakliyane mupus pangimpenku kanggo sesandhingan karo wanodya sing sejatine wis
dadi pengimpenku. Wanodya kang dak anggep sampurna, sing bisa ngerteni kabeh
apa sing dak karepake, wong sing sabar ngadhepi pawongan angel kaya aku, wong
sing atos uga grusah-grusuh.
Vespa
banjur dak tunggangi mangulon, tugu
bablas mangulon, prapatan pingit banjur menggok manengen tumuju jalan magelang.
Saben-saben dak sawang dalan-dalan ana ing sangarepku, dumadakan kabeh crita
sing tau dak lakoni karo sliramu ing dalan kono kuwi mau kaya-kaya diputer
maneh ing mata iki. Nambahi sumpeg ing dhadha. Kaya-kaya mangaribawani aku
supaya nyelaki apa kang wus dak tetepake kawit aku mau mangkat saka omahku ing wewengkon
Grabag, Magelang . menawa ngeling-eling kaendahaning wanodya kuwi mau, gandhes
luwese marang aku, kaya ngapa dheweke anggene nggatekake aku sak suwene aku
pepacangan karo dheweke sing wis lumaku arep karotengah taun iki, lan uga kabeh
crita-crita lelakon endahku karo dheweke. Kabeh kuwi mau kaya-kaya ngrayu aku
supaya ora sida netepi apa kang wus dak antepi, ananging kepiye maneh. Aku kudu
mupus rasa iki.
Sak
tekane jembatan kali krasak vespa banjur dak pinggirake, tak standarake. Helm
putih iki tansaya krasa abot, nuli dak
copot, sirahku banjur tak sumendhekake ana ing speedometer. Abot rasane,
cumleng, buneg kabeh rasa ora kepenak dadi siji.
“aaahhhh…..jinggggaannnnn”swaraku
mbengok banjur njenggelek madhep ngulon namatake mega-mega mendhug sing katon
ngampak-ampak nututpi srengene sing arep angslup.
Gremeng-gremeng
tangan grayah-grayah sak jaket jeans sing dak anggo. Nggoleki rokok sing dak
gawa kawit mau. “krtitk….kritik…huuuuuffftthhh…”rokok kuwi mau dak empak banjur
dak serot dawa.
“buuuullll”
kebule mulek ana ing ngarepe raiku, let sedhela kabur katut angin sore sing dak
rasake tansaya adhem, kaya-kaya mratandhani menawa udan ora suwe maneh bakal
tumiba.
“Kenging
menapa kedhah kula Gusti,,kenging menapa kedhah kula ingkang kadhah nampi.
Kenging menapa Gusti kula kedhah nguculaken menapa ingkang kawit rumiyin kula
impek-impekakaen Gusti? Kenging Menapa?” kandaku kebak pitakon karo namatake
langit sing tansaya peteng nedhake mangsa sing wus mlebu surup kuwi.
Dumadakan
wiwit dak rasake maneh eluh sing arep tumetes ing mripatku, wis tak
adhang-adhangi , tak kuat-kuatke. Dak empak maneh udu sing kari separo kuwi
mau. Dak serot maneh nganti gari setelon. Nanging saking sumpeg e dhadha iki,
lan aku dhewe uga wis ora kuat nangguli lan ngapusi awaku dhewe, eluh kuwi mau
banjur tumetes maneh liwat mripat sisih kiwa.
“Kula
boten kiyat Gusti, kula boten kiyatt..kula..boten,,,Gusti”age-age tanganku
ngilangi eluh sing tumiba ing rai iki, isin menawa ana sing ngerti dene ana
pawongan Gerang kok surup-surup nangis ing pinggir jembatan.
“trisna..trisna,
muga-muga mbuh sesuk kapan kowe bakal ngerteni sakabehe. Kabeh iki dak lakoke
amarga aku ora kepengin menawa kowe bakal ngerkasa krana aku. Ben kabeh tak
tanggunge dhewe, aku ora lila menawa wong sing tak tresnani bakal ngerkasa
amarga aku dhewe”ujarku karo grayah-grayah nggoleki udud sik dak saka ana jaketku
kuwi mau.
Udu
banjur dak empak maneh, dak serot jero-jero nganti pucuke katon mobyar-mobyar
kaya mawa kang didadeni.
“uhuk..uhuk..uhuk,,uhuk”watuk
sengkil kuwi mau tumeka bebarengan karo kebul kang metu saka tutuk iki , dak
tutupi nganggo tangan karo dak cekeli dhadha iki sing krasa sengkil lan perih
ora karu-karuan.
“uhuk-uhuk..uhuk..uhuk..”dlamakan
tangan kang tak gunakake kanggo nutupi watuk kuwi mau krasa teles, riak abang
campur getih ireng kang kenthel kuwi mau wis nggebaki dlamakan iki. Tangan iki
banjur grayah-grayah nggoleki kacu kanggo ngelap getih kuwi mau. Dak lap getih
ing dlamakan kuwi mau nganggo kacu sing rupane wis malih,ora putih maneh,
amarga uwis saking kerepe kanggo nggelap getih sing kawetu saben-saben watuk
nginggkil kuwi mau tumeka.
“hehe..sajake
wayahe wis tansaya cedhak tris”ujarku karo mesem kecut meruhi kahanan kaya
ngono mau.
“kritik..kritik..kritik”grimis
wis tumiba, tansaya suwe tansaya gedhe banyu kang tumeka saka langit surup kuwi
mau. Helm banjur tak anggo, lan vepa tas slah. Presneling banjur dak lebokake,
gass lak ulir alon-alon. Vespa sprint kuwi jumangkah mangalor terus ninggalake
wates kutha Ngayogyakarta lumaku ngalor terus tumuju Magelang. Satekane
wewengkon Muntilan watuk sing kawit mau tumeka uga durung gelem leren. Sedhela-sedhela
lengen jaket sing wis wiwit klebes iki dak enggo nutupi tutukku nalika watuk
nganti saking akehe getih sing nemplek ing lengen jaket kuwi mau ora katon maneh,
amarga dak rasa saking kerepe anggonku ngelap getih sing metu saben wayah
nalika watuk sengkil kuwi mau lan uga banyu udan sing wis tansaya deres tumiba
nelesi awak iki nyamunake getih ing lengen sisih kiwa kuwi mau.
Vespa
banjur tak ulir gass e, tak getok sak pol-pol e. embuh arep tekan ngendi awak
iki isih bisa ngulir gass Vespa iki mau, embuh bisa tekan apa ora vespa kuwi
mau bisa nggeterake raga sing wis wiwit kentekan daya.