Selasa, 11 Juli 2017

TEGEL



TEGEL
Sewu dalan kang wus dak liwati, atusan papan sing wis tau dak tapaki, lan uga esem, gandhes luwes lan kabeh crita antaraning aku lan sliramu tumeka mak breg  beberengan kaya banyu kang disokakae saka tandhon.nggrojog ngebaki pikir sing wis tansaya ora karuan. Prasetya sing kudune ditetepi, gelem ora gelem kudu dipupus sak durunge kebacut.
 Bebarengan karo udhaling  ambeganku sing dak rasa seseg  lan tangan sing kawit mau uwak-uwek nalekake  tali sepatu, sing dak rasa ora pener-pener. Embuh apa sebab e, dak rasa bisa uga amerga pamikirku uga wis ora kepenak, tangan kang wus ktrasa gemeter kawit mau, ananging dak coba tak kuat-kuatake. Kebak pitakokonan kang ora bisa dak wangsuli, akeh rasa sing dak rasa ora adil , ananging aku ora bisa malikake kahanan. Dadi ming barang sepele wae ora jegos ngrampungke, atase ming nali sepatu wae ora nganggo kepeneran, uga rasane kepenging age-age ninggalake omahamu.
“aku pamit” udhal swaraku karo ngadeg sinambi ngrapekake klambiku sing sakjane isih rapi, mung kanggo nyingitake rasaku.
Ora ana tembung sing keprungu saka pawongan sing dak pungkuri, ming swara motor sing semliwer ing ngarep lurung ing sore kuwi sing ngisi sepining swasana.
Dumadakan keprungu maneh swara tangis sesenggukan sing kaya-kaya diampet karo sing duwe,sajak uwong ing ngarepe aja nganti ngerti menawa dheweke kuwi lagi sesenggukan.
“hhhuuuuuuffffftthhhh”aku unjal ambegan maneh nata ati arep jumangkah saka sangarepe omahmu. Nembe wae oleh pirang jangkah, keprungu swara nyeluk jenengku.
“Birowo?”swara kuwi mau kawetu saka wanita ayu lencir kuning ing sangarep lawang omah limasa kuwi mau, netrane sing ndamar kanginan abang kambang-kambang kebak eluh sing wus sumadya tumetes.
Aku ora semaur, ananging aku ming noleh banjur mesem kecut karo dheweke. Manthuk, banjur tak kuat-kuatke jumangkah tumuju motor vespa sprint biru sing dak parkir ing nggisor uwit pelem kuwi mau. Dak slah sepisan, vespa kuwi mau banjur murup. Lathi iki kaya-kaya ora duwe daya maneh kanggo pamitan karo wanodya kang netrane tanasaya abang lan pipine kang wus kebak eluh. Sakjane akeh bab kang kepengin dak andharke, anaging dhadha iki seseg, kabeh peranganing raga uga uwis ora duwe daya. Wusana aku mung bisa nyawang wanodya mau, sing kawetu ming esem kecut. Tak ulir gas vespa kuwi mau, kebule mulek  ing mburi. Alon-alaon vespaku kuwi mau wis mundhak adoh saka sawijining omah model kolonia ing sapininggiring kutha Ngayogyakarta.
“tess..tesss,,tess” barang bening kuwi mau uga tak rasake nelesi pipiku. “assuuuuuuu…bajiiiiingan”vespa kuwi mau tansaya tak getog tenagane. Dalan-dalan ing kutha Pelajar kuwi mau tansaya cepet tak lalap, kepengin rasane cepet-cepet ninggalake kutha kuwi. Sakjane ana rasa eman, ananging kepiye maneh, ora ana pawadan liya kanggoku sakliyane mupus pangimpenku kanggo sesandhingan karo wanodya sing sejatine wis dadi pengimpenku. Wanodya kang dak anggep sampurna, sing bisa ngerteni kabeh apa sing dak karepake, wong sing sabar ngadhepi pawongan angel kaya aku, wong sing atos uga grusah-grusuh.
Vespa banjur  dak tunggangi mangulon, tugu bablas mangulon, prapatan pingit banjur menggok manengen tumuju jalan magelang. Saben-saben dak sawang dalan-dalan ana ing sangarepku, dumadakan kabeh crita sing tau dak lakoni karo sliramu ing dalan kono kuwi mau kaya-kaya diputer maneh ing mata iki. Nambahi sumpeg ing dhadha. Kaya-kaya mangaribawani aku supaya nyelaki apa kang wus dak tetepake kawit aku mau mangkat saka omahku ing wewengkon Grabag, Magelang . menawa ngeling-eling kaendahaning wanodya kuwi mau, gandhes luwese marang aku, kaya ngapa dheweke anggene nggatekake aku sak suwene aku pepacangan karo dheweke sing wis lumaku arep karotengah taun iki, lan uga kabeh crita-crita lelakon endahku karo dheweke. Kabeh kuwi mau kaya-kaya ngrayu aku supaya ora sida netepi apa kang wus dak antepi, ananging kepiye maneh. Aku kudu mupus rasa iki.
Sak tekane jembatan kali krasak vespa banjur dak pinggirake, tak standarake. Helm putih iki tansaya krasa abot, nuli  dak copot, sirahku banjur tak sumendhekake ana ing speedometer. Abot rasane, cumleng, buneg kabeh rasa ora kepenak dadi siji.
“aaahhhh…..jinggggaannnnn”swaraku mbengok banjur njenggelek madhep ngulon namatake mega-mega mendhug sing katon ngampak-ampak nututpi srengene sing arep angslup.
Gremeng-gremeng tangan grayah-grayah sak jaket jeans sing dak anggo. Nggoleki rokok sing dak gawa kawit mau. “krtitk….kritik…huuuuuffftthhh…”rokok kuwi mau dak empak banjur dak serot dawa. 
“buuuullll” kebule mulek ana ing ngarepe raiku, let sedhela kabur katut angin sore sing dak rasake tansaya adhem, kaya-kaya mratandhani menawa udan ora suwe maneh bakal tumiba.
“Kenging menapa kedhah kula Gusti,,kenging menapa kedhah kula ingkang kadhah nampi. Kenging menapa Gusti kula kedhah nguculaken menapa ingkang kawit rumiyin kula impek-impekakaen Gusti? Kenging Menapa?” kandaku kebak pitakon karo namatake langit sing tansaya peteng nedhake mangsa sing wus mlebu surup kuwi.
Dumadakan wiwit dak rasake maneh eluh sing arep tumetes ing mripatku, wis tak adhang-adhangi , tak kuat-kuatke. Dak empak maneh udu sing kari separo kuwi mau. Dak serot maneh nganti gari setelon. Nanging saking sumpeg e dhadha iki, lan aku dhewe uga wis ora kuat nangguli lan ngapusi awaku dhewe, eluh kuwi mau banjur tumetes maneh liwat mripat sisih kiwa.
“Kula boten kiyat Gusti, kula boten kiyatt..kula..boten,,,Gusti”age-age tanganku ngilangi eluh sing tumiba ing rai iki, isin menawa ana sing ngerti dene ana pawongan Gerang kok surup-surup nangis ing pinggir jembatan.
“trisna..trisna, muga-muga mbuh sesuk kapan kowe bakal ngerteni sakabehe. Kabeh iki dak lakoke amarga aku ora kepengin menawa kowe bakal ngerkasa krana aku. Ben kabeh tak tanggunge dhewe, aku ora lila menawa wong sing tak tresnani bakal ngerkasa amarga aku dhewe”ujarku karo grayah-grayah nggoleki udud sik dak saka ana jaketku kuwi mau.
Udu banjur dak empak maneh, dak serot jero-jero nganti pucuke katon mobyar-mobyar kaya mawa kang didadeni.
“uhuk..uhuk..uhuk,,uhuk”watuk sengkil kuwi mau tumeka bebarengan karo kebul kang metu saka tutuk iki , dak tutupi nganggo tangan karo dak cekeli dhadha iki sing krasa sengkil lan perih ora karu-karuan.
“uhuk-uhuk..uhuk..uhuk..”dlamakan tangan kang tak gunakake kanggo nutupi watuk kuwi mau krasa teles, riak abang campur getih ireng kang kenthel kuwi mau wis nggebaki dlamakan iki. Tangan iki banjur grayah-grayah nggoleki  kacu  kanggo ngelap getih kuwi mau. Dak lap getih ing dlamakan kuwi mau nganggo kacu sing rupane wis malih,ora putih maneh, amarga uwis saking kerepe kanggo nggelap getih sing kawetu saben-saben watuk nginggkil kuwi mau tumeka.
“hehe..sajake wayahe wis tansaya cedhak tris”ujarku karo mesem kecut meruhi kahanan kaya ngono mau.
“kritik..kritik..kritik”grimis wis tumiba, tansaya suwe tansaya gedhe banyu kang tumeka saka langit surup kuwi mau. Helm banjur tak anggo, lan vepa tas slah. Presneling banjur dak lebokake, gass lak ulir alon-alon. Vespa sprint kuwi jumangkah mangalor terus ninggalake wates kutha Ngayogyakarta lumaku ngalor terus tumuju Magelang. Satekane wewengkon Muntilan watuk sing kawit mau tumeka uga durung gelem leren. Sedhela-sedhela lengen jaket sing wis wiwit klebes iki dak enggo nutupi tutukku nalika watuk nganti saking akehe getih sing nemplek ing lengen jaket kuwi mau ora katon maneh, amarga dak rasa saking kerepe anggonku ngelap getih sing metu saben wayah nalika watuk sengkil kuwi mau lan uga banyu udan sing wis tansaya deres tumiba nelesi awak iki nyamunake getih ing lengen sisih kiwa kuwi mau.
Vespa banjur tak ulir gass e, tak getok sak pol-pol e. embuh arep tekan ngendi awak iki isih bisa ngulir gass Vespa iki mau, embuh bisa tekan apa ora vespa kuwi mau bisa nggeterake raga sing wis wiwit kentekan daya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar