Senin, 04 Januari 2016

Wayang (wul 1 kls XII sem 2)



KESENIAN TRADISIONAL
                                                    WULANGAN 1 KLS XII SEM 2

PAGELARAN WAYANG

Nyemak carita wayang
Wayang yaiku jenenge tontonan kanthi pepethan uwong, kewan kang ginawe saka walulang utawa kulit kewan, kayu, godhong, kain lan sapanunggalane.
Wayang iku ana wiwit taun 939 jaman Sri Jaya Baya jumemeng nata ing kedhiri, wektu iku wayang ginawe saka godhong tal, banjur ditutugake raden panji ing jenggala.
Ing jaman para sunan,salah sawijining sunana kang migunakake wayang kanggo sarana dakwah nepungake agama islam yaiku Sunan Kalijaga.

A.    JINIS-JINIS WAYANG
Wayang kulit utawa wayang purwa yaiku wayang sing digawe saka walulang (kulit). Nyaritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata. Kajaba wayang kulit, ana sawetara jenis wayang liyane, kayata:
1.      Wayang wong
Wayang sing paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata.
2.      Wayang beber
Yaiku mori kang digambari wayang ditontonake sarana dibeber, yen wis rampung banjur digulung maneh. Nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji.
Miturut Kitab Sastra Mirudo, wayang beber kadamel taun 1283 (gunaning Bujangga nembah Ing Dewa), Muncul lan ngrembaka ing jaman Majapahit. Wayang beber tertua wonten ing tlatah Pacitan, dusun Gelaran desa Bejiharjo Karang Mojo Gunung Kidul.
3.      Wayang gedhog
Wayang sing nyeritakake lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lsp.
(bentuknya hampir sama dengan wayang purwa. Wayang gedhog diciptakan oleh Sunan Giri tahun 1485 (Gaman Naga Kinaryeng Bathara) saat mewakili Raja Demak yang melakukan penyerbuan ke Jawa Timur. Wayang gedhog berasal dari pertunjukan wayang yang tanpa diiringi dengan kecrek sehingga bunyinya hanya ”dog” yang dominan. dan berkembang pada jaman Majapahit)
4.      Wayang klitik (krucil)
Wayang sing digawe saka kayu gepeng, nyriyakake Prabu Kenya, Damarwulan, Menak Jingga, lsp. Critane saka kerajaan Pajajaran nganti zaman prabu Brawijaya Majapahit. Gamelan kang digunakake sangat sederhana.
5.      Wayang golek (thengul)
Wayang sing digawe saka kayu awujud golek,nyritakake wong Agung Menek, Umar Maya, lsp. Wayang golek dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku wayang golek Asep Sunarya saka Sunda.
6.      Wayang madya
Wayang kulit sing nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki diciptakake dening Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo wayang gedhog. Crita Kang terkenal ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma.
7.      Wayang potehi
Wayang golek kanthi cerita lelakone wong Cina. Potehi yaiku wayang khas Tiong Hoa berasal saka Cina Selatan kesenian iki digawa dening para perantauan etnis Tiong Hoa.
Potehi saka tembung Pou (kain) Te (kantong) Hi (wayang), artine wayang boneka kang digawe saka kain. Potehi ada sejak Dinasti jin (265-420 M) lan masuk Indonesia abad 16-19 M.
8.      Wayang sadat
Wayang sing nyritakake lakon agama Islam
9.      Wayang suluh
Wayang sing nyritakake sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan
10.  Wayang suket
Wayang kang digawe saka suket, critane babagan kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur utawa kritik marang pemerintah. Asring digunakake bocah cilik kanggo dolanan.

B.   Paraga sing Nyengkuyung Pagelaran Wayang
1.       Dhalang yaiku sing nglakokake lakuning pagelaran.
2.       Sindhen/waranggana yaiku sing nglagokake tembang-tembang  ngrengga iramaning gamelan.
3.       Niyaga/pengrawit yaiku paraga sing nabuh gamelan anut larasing gendhing.

C.      Piranti pagelaran Wayang
1.       Kelir, nggambarake langit utawa angkasa
2.       Blencong, nggambarake srengenge rembulan lan lintang
3.       Debog, nggambarake bumi
4.       Kothak, nggamabrake sangkan paran
5.       Cemala, nggambarake samsitaning urip.
6.       Keprak, nggambarake ilining banyu utawa getih,
7.       Wayang, nggambarake manungsa
8.       Gamelan, nggambarake mobah mosiking kahanan jagad saisine.
9.       Kayon, nggambarake gunung, alas, geni, segara, prhara, angina, lan sapanunggalane.

Pandhawa lima, saka ngarep: puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, Sadewa, 


D.      Urut-urutanine pagelaran wayang kulit sawengi
1.       Jejer kedhaton, paseban njaba, bodholan
2.       Limbukan
3.       Jejer sabrang
4.       Perang gagal
5.       Gara-gara
6.       Perang kembang
7.       Perang bubrah
8.       Tancep kayon

E.       Sumber Crita donyaning pakeliran wayang
1.    Kitab Ramayana, anggitane pujangga agung walmiki, nyaritakake lelakone Prabu Sri Ramawijaya lan Dewi Sinta.
2.    Kitab Mahabarata, anggitane pujangga agung Wiyasa, nyaritakake lelakone pandhawa lan kurawa.

 * kangge mirsani referensi nama lan wujud wayang ingkang jangkep saged dipunpadosi wonten wonten ngriki

Wawancara (wul 1 XI SEM 2)



Wulangan 1 kelas XI semester 2
Kompetensi Dasar:
·         mendengarkan dan merangkum isi pembicaraan dalam wawancara
·         Presentasi hasil penelitian secara runtut dengan menggunakan bahsa yang baik dan benar
·         Membacakan berita dengan intonasi,lafal, dan sikap membaca yang baik
·         Menulis karya ilmiah seperti hasil pengamatan, dan penelitian dan mempresentasikan.


WAWANCARA


Wong kang lagi wawancara

1.       Nyemak Wawancara
awancara yaiku rembugan antarane wong siji kang minangka wong siji kang minangka wong sing takon karo wong sisjine sing minangka paranpitakonan, kanthi pangajab bias oelh katerangan saka wong sing minangka paranpara kasebut.
Supaya anggone wawancara oleh katrangan kang jumbuh kang jumbuh karo apa kang dikarepakake, mula kudu nggatekake bab-bab kayata:
1.       Apa sing ditakokekake
2.       Sapa sing nindake: sapa sing dadi panakon, sapa sing dadi paranpara (narasumber)
3.       Kapan anggone nindakake
4.       Papane ana ngendi
5.       Apa wae asile wawancara

Cara nindake Wawancara:
1.       Nganggo sandhangan sing sopan
2.       Polatane kang grapyak semanak)
3.       Nganggo basa kang sopan lan miturut unggah-ungguh basa.
4.       Miwiti pitakonan kanthi uluk salam sing prayoga/apik
5.       Pitakon kang mbutihaken katrangan, dudu asipat jajal kawruhe paranpara.
6.       Aja manehi pitakon-pitakon kang wangsulane “iya” utawa”ora”
7.       Ngaturaken panuwun marang paranpara  saparipurnaning/sarampunging wawancara.

Tuladha Wawancara
caranipun nanem klapa kanthi bener supados asilipun katah

Sawijining dina pakdheku, kang asma Sawiji ditekani pawongan saka RRI, dheweke ana perlu wawancara ngenani carane nandur klapa kang bener. Pakdheku pancen pinter tetanem mligine tetanen klapa. Kebon klapane akeh tur wite uga subur subur. Mangakene iki wawancarane Pakdheku karo pawongan saka RI kang asma Mico Cassah.

Mico : "Sugeng siyang Pak Sawiji."

Sawiji: "inggih sugeng siyang mas. Mangga pinarak lenggah wonten mriki!"

Mico: "inggih inggih, matur suwun. Mekaten lho pak, Kula asma Mico Cassah saking RRI badhe nyuwun pirsa kaliyan bapak, babagan caranipun nanem klapa kanthi bener supados asilipun katah"
 
Nanem klapa

Sawiji: "O...mekaten. Inggih mas. Ingkang sepisan kedah nyawisaken pasiten. Pasiten dipun damel jogangan, ingkang badhe dipun tanemi kedah mawur. Dipunpacul lebetipun antawis 25-30 cm lan panjangipun kajumbuhaken kaliyan bibitipun."

Mico: "Lha... Caranipun ndamel bibit kados pundi Pak Waji?"

Sawiji: "Gampil kemawon kok mas. langkung rumiyin kapilah klapa ingkang sepuh utawi garing. Kasimpen ing papan eyom dangunipun kirang langkung setunggal wulan. Klapa bibit kaseset utawi dipun kepras secalakipun panggenan thikilan kirang langkung 5 cm lajeng kacelupaken larutan ozardrin 0,1 %. Sasampunipun kacelupaken larutan ozardin lajeng dipunkecambahaken ing bedhengan ingkang sampun kacawisaken. Kaprayogekaken madhep mangetan kaangkah bongkotipun klapa wonten wetan. Kaurug watara pupuk thikilan lan dipun sirami enjing sonten. Menawi sampun thukul watara 3cm bibit lajeng kapindhah dhateng bak utawa pholiback."

Mico: "Woalah... janjane gampil nggih pak? Lajeng larutan ozadrin wau mundhutipun wonten pundi?"

Sawiji: "Panjenengan nyuwun kemawon wonten toko bahan bahan kimia, mesthi wonten. Mangga lho mas, dipununjuk rumiyin wedangipun."

Mico: Inggih matur nuwun, Pak Waji."
Kapethik saking www.gerbangilmu.com, kisenojogja.files.wordpress.com

Minggu, 03 Januari 2016

Kontrak Belajar Bahasa Jawa siswa
  1.  Siswa harus memiliki prosentase kehadiran minimal 80%
  2.  Siswa harus memiliki buku catatan bahasa jawa khusus, tidak boleh dicampur dengan mata pelajaran lain.
  3. Siswa harus bisa menerapkan sopan santun yang baik di dalam kelas.
Dasar penilaian Mata Pelajaran Bahasa Jawa
  1. Buku catatan
  2. Tugas
  3. Nilai Ulangan Harian
  4. Nilai Ujian Tengah Semester (uts) dan Ujian Akhir Semester (UAS)
  5. Perilaku