Keris utawi
tosan aji utawi
curiga punika salah satunggal gaman utawi sanjata tradhisional masyarakat
Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanèsipun
turangga,
wisma,
wanita kaliyan
kukila. Curiga utawi
keris punika anggadhahi makna
jantan, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler)
Jawa punika kedah tangguh, sanggup nglindungi piyambakipun,
kulawarga, saha saged mbéla
negari.
[1]
Sujarah
Dèrèng wonten asil panalitèn ingkang kasil nemtokaken kalapunapa
tiyang Jawa miwiti mangertosi keris, wonten keris Jawa sampun anggadhahi
wujud ingkang sampurna nalika jaman
Krajan Majapait.
Ing jaman rumiyin, keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged
dados hadiyah ingkang paling saé utaminipun menawi hadiyah keris saking
raja.
Mupangat
Jaman sapunika fungsi keris sampun kirang, umumipun namung dados
barang kolèksi ugi kanggé parlengkapan adicara-adicara saha ritual adat.
Jaman rumiyin sanesipun anggadhahi fungsi
sanjata, keris ugi saged kanggé tandha status sosial,
jengjang
pangkat ugi hadiah. Keris ing jaman rumiyin ugi saged dados lambang
paseduluran ingkang dipuntandhai adicara ijol-ijolan keris, malah punika
dados simbol paseduluran ingkang paling inggil. Wonten
praktekipun ingkang kaanggep
klenik, keris dipunanggep
jimat kaliyan medhia/griya kanggé
lelembut.
 |
cara nggagem keris |
Ricikan
Keris gadhah 49 bageyan. Bageyan-bageyan punika anggadhahi bageyan-bageyan malih inggakng langkung detail ingkang wujudipun umumipun ukiran. Ukiran ing bageyan-bageyan keris Jawa anggadhahi makna kaliyan karakter ingkang benten-benten. . 49 ricikan keris inggih punika:
 |
nama aran perangan keris |
|
- Pesi
- Metuk
- Gonjo
- Greneng
- Rondo Nunut
- Buntut Cecak
- Punukan
- Dho
- Ri Pandan (8+9 = Ron Dho)
- Tingil
- Sraweyan
- Bungkul
- Janur
- Sogokan
- Poyuhan
- Pejetan/Blumbangan
- Gandik
- Tikel Alis
- Jenggot
- Sekar Kacang utawi Kembang Kacang
- Jalen
- Lambe Gajah
- Pundak utawi Sumping
- Pudak Sa'tegal Depan
- Pudak Sa'tegal Belakang
- Adha-adha utawi Geger Sapi
- Lis-lisan
- Gusen
- Kruwingan utawi Gulo Milir
- Kruwingan Cucuk Manuk
- Pucukan Mbuntut Tumo
- Pucukan Anggabah Kopong
- Sogokan Sampir utawi Sinebo
- Bawang Sebungkul
- Sekar Kacang Pogok
- Lambe Gajah Rangkep
- Gonjo Wuwung
- Gonjo Kelap Lintah
- Gonjo Wilut
- Kanyut
- Wetengan Gonjo
- Sirah Cecak
- Buntut Cecak Sebit Lontar
- Sirak Cecak Melinjo utawi Nyangkem Kodok
- Buntut Cecak Nguceng Mati
- Gandik Pethuk utawi Laler Mengeng
- Mendhak
- Ukir utawi Deder
- Kinatah emas
Wilah
 |
wilah |
Wilah utawi pesi menika bagian utaminipun keris. Bahan kagem wilah
menika dipun damel saking macem-macem bahan, nanging ingkang umum saking
watu météor, wesi, lan baja. Proses ndamelipun ngagem teknologi lipat,
yaiku wesi utawi baja dipunpanasi, ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa,
ditekuk ngoten terus ngantos katah lipatanipun. Cacahipun lipatan menika
saking 16 lipatan (keris-keris blambangan) ngantos ewonan lipatan
(keris majapahit,
mataram
lan sapanunggalanipun). Amargi prosès menika, ndadosaken wilah keris
kuat sanget, teknologi menika ugi dipuncakaken wonten industri plywood.
Warangka
 |
warangka |
Warangka inggih punika sarung keris utawi wadhahipun keris. Warangka
keris punika kadadosan saking pérangan-pérangan poko, inggih punika
pendhok, mendhak, gagang, kaliyan warangka. Miturut jinisipun, warangka
keris kaperang dados kalih, inggih punika warangka gayaman kaliyan
warangka ladrang. Warangka gayaman punika wujudipun wonten kalih, inggih
punika gayaman gaya
Yogyakarta
kaliyan gayaman gaya Surakarta. Semanten ugi warangka ladrang ugi
kapérang dados kalih corak utawi gaya, inggih punika cara Yogyakarta
kaliyan cara
Surakarta.
Hulu
Gaman utawi gagang inggih punika bageyan ingkang dipuncekel,
panggenanipun wonten sangandhaping wilah utawi pesi. Manpangatipun
inggih punika kagem nyekeli wilah kaliyan kagem dipuncekel nganggé asta.
Hulu anggadhahi kathah macem motifipun. Keris
Bali
wonten ingkang wujudipun kados patung dewa, patung padende, patung
raseksa, patung penari, pertapa, alas, ugi wonten ingkah kinatah
emas lan watu mulya. Keris
Sulawesi nggambaraken manuk liyar, minangka pralambang kangge profesi masyarakat Sulawesi ingkang mujudaken pelaut. Déné
peksi
mujudaken lambang kaslametan dunya. Kadosta motif mustaka manuk ingkang
dipunginakaken ing keris Riau Lingga, lan kanggé panggenan sanesipun
minangka
pengembangan tosan aji kadosta
Acèh,
Bangkinang (Riau),
Palembang,
Sambas,
Kutai,
Bugis,
Luwu,
Jawa,
Madura, kaliyan
Sulu anggadhahi ukiran lan pralambang ingkang benten. Materi ingkang dipunginakaken asalipun saking manéka warna bahan kadosta
gadhing,
balung, logam, ingkang apling asring dipunginakaken inggih punika kayu.
Hulu keris Jawa muturut garis besaripun kapérang dados sirah wingking,
liling, cigir, cetek, bathuk, madharan, kaliyan bungkul.
Pamor
 |
tuladha jinis pamor keris |
Ingkang dipunwastanii pamor keris punika ugi saged wonten ing tosan aji sanèsipun, kadosta
tumbak,
wedung,
pedhang, lan sapanunggalanipun. Déné pamor ingkang pilihan, biyasanipun kanggé
tiyang-tiyang ingkang anggadhahi kalenggahan tartamtu utawi watek tartamtu. Pramila, langkung saé dipun
tayuh rumiyin supados pirsa cocog botenipun, déné ingkang boten pilihan saged dipungadhahi sinten kémawon. Sejatosipun pamor punika
gambaran/kesan utawi
image wingit ingkang timbul saking ukiran ingkang wonten ing
wilah keris utawi
gegaman tradhisional sanèsipun. Gambaran wingit punika medal saking asil tempa campuran
tosan ingkang dados bahan dhasar kanggé ndamel/nempa keris . Èlmu pamor ing
gaman punika namung dipunkuwaosi déning para
mpu. Jinising pamor inggih punika:
Ricikan Keris
No. |
Pamor |
Katrangan |
01. |
Wos Wutah |
Pamor jinis punika paling kathah dipuntemokaken, wujudipun boten teratur lan umumipun kasebar ing permukaan
wilah. Wonten ingkang anggadhahi pamikiran pamor punika pamor gagal,
nalika empu kepengin ndamel pamor, nanging gagal. Pamikiran punika
dipunbantah lan pirang-pirang empu, pamor punika estu dipunsengaja
dipundamel. Pamor punika ugi dipunwastani pamor tiban. Pamor wos wutah
nggadhahi tuwah ingkang sae kangge katentreman lan kaselamatan ingkang
gadhah pamor punika, cukup wibawa, lan disayang tiyang ingkang wonten
ing sakupengipun. Pamor punika kalebet pamor ingkang boten pamilih.[11] |
02. |
Udan Mas |
Pamor punika kathah dipunpadosi tiyang, utaminipun para bakul lan
pangusaha. Wujudipun kados puseran utawi gelang-gelang ingkang nggadhahi
lapis, paling sekedhik tigang lapis. Panggenanipun boten aturan lan
wonten ingkang nyebar. Pamor punika asring berkombinasi kaliyan
pamor wos wutah utawi tunggak semi. Tuwahipun pamor punika inggih punika
kangge madosi rejeki. Pamor udan mas kalebet pamor ingkang boten
pamilih.[11] |
03. |
Tambal |
Wujude kaya goresan kuwas kang gedhé ing bidhang lukisan. Tuwahé
biyasané bisa nambah kawibawaan lan bisa munggahaké kariré sing nduwé.
Miturut kapitayan wong Jawa, pamor iki bisa mungghaké drajadé kang nduwé. Pamor iki kalebu pamor kang pamilih, mula ora kabèh wong bisa nduwèni pamor iki.[11] |
04. |
Kulit Semangka |
Wujudé arep kaya kulit semangka, tuahé kaya Sumsum Buron.
Pamor jinis iki manpangaté kanggo nggampangaké dalan golèk rejeki sarta
nggampangaké dhedhapukan karo sapa waé. Pamor jinis iki kalebu pamor
kang ora pamilih lan cocok dianggo sapa waé.[11] |
05. |
Gumbolo Geni |
Pamor jinis iki asring sinebut pamor Gumbolo Agni utawa Gumbolo Gromo.
Panggonan pamor iki ana ing tengah sor-soran lan gambaré kaya kewan
kala kanthi buntut kang kaya bisa ngentup. Tuwahé apik, yaiku bisa
ngunggahaké wibawané kang nduwé, lan uga bisa kanggo singkir baya. Pamor
Gumbolo Geni apik diduwèni dening pimpinan sipil utawa militer. Pamor
jinis iki kalebu jinis pamor kang pamilih, mula ora sembarang wong bisa
nduwèni pamor iki. [11] |
06. |
Tunggak Semi |
Pamor tunggak semi manggon ing tengahé sor-soran. Wujudé kaya digambar saka pinggir. Pamor iki biyasané berkombinasi
karo pamor wos wutah. Tuwahé pamor iki yaiku bisa nggampangaké entuk
rejeki, sanajan iku sithik. Pamor jinis iki kalebu pamor pamilih, mula
ora kabèh wong bisa nduweni pamor iki.[11] |
07. |
Sekar Kopi |
Ing tengah wilah ana pamor kang kaya garis kandel saka sor-soran
nganti pucuk wilah. Ing kiwa tengen garis kandel iki ana
bunderan-bunderan kang nggrombol utawa kelompok. Sakelompoke kaperang
saka loro utawa telung bunderan lan nèmpèl ing garis kandel kaya-kaya
wiji kopi kang nèmpèl ing gagangé. Tuwah pamor iki bisa nglancaraké
rejeki. Pamor iki kalebu jinis pamor kang ora pamilih, ananging pamor
iki kalebu pamor kang langka, mula angèl ditemokaké jinis pamor iki.[11] |
08. |
Pulo Tirto |
Pamor jinis punika kados pamor wos wutah, nanging namung gumpalan
gambaripun kapisah radi adoh, kados wujud pulo wonten peta.Tuwahipun ugi
sami kaliyan pamor wos wutah. |
09. |
Sumsum Buron |
Pamor jinis punika inggih sami kaliyan pamor wos wutah,
gumapalanipun ugi kapisah radi ados kadosta pamor pulo tirto nanging
radi langkung ageng kaliyan langkung dados satunggal. Tuwahipun sae,
inggih punika tahan gudha kaliyan gampil rejekinipun. Pamor jinis punika
kalebet pamor ingkang boten pamilih. |
10. |
Mlati Rinonce |
Wujudipun pamor puniki mirip pamor rante, ananging umumipun
bunderanipun langkung alit kaliyan boten boten bolonganipun. Bunderan
punika awujud puseran-puseran ingkang sami kaliyan pamor udan mas,
ananging langkung ageng. Tuwahipun kangge pados rejeki kaliyan numpuk
kasugihan. Kangge pargaulan ugi sae. Pamor jinis punika kalebet pamor
ingkang boten pamilih lan saged dipunagem kangge sinten kemawon.[12] |
11. |
Rante |
Wujudipun pamor rante kados pamor mlati rinonce, nanging bentenipun
ing bunderan alit ingkang wonten kados gambar bolongan. Tuwah pamor
punika kangge nampung lan ngembangaken rejeki ingkang sampun
dipunangsal. Pamor punika saged ngirangi sipat boros, anging boten
pelit. Pamor jinis punika cocog kangge sinten kemawon kangge sadeyan
utawi usaha. |
12. |
Adeg |
Pamor adeg kathak dipuntemokake. Pamor jinis punika kalebet pamor
pamilih, nanging langkung kathah ingkang cocog timbang boten. Tuwahipun
kangge tolak balak, kadosta guna-guna, wabah, angin ribut, banjir, lan
sapanunggalane. WOnten ingkang nolak satunggal sipat, wonten saperangan
sipat panolakan. |
13. |
Mrambut |
Pamor punika kados pamor adeg, malahan wonten ugi ingkang nggadhahi
pamikiran pamor punika dipunwastani pamor adeg-mrambut. Padhahal
samesthine benten. Pamor mrambut aluripun pedhot-pedhot. Tuwahipun badhe
sami kaliyan pamor adeg. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang
pamilih, pramila boten sembarang tiyang saged gadhah pamor jinis punika. |
14. |
Sekar Lampes |
Tuwahipun pamor sekar lampes punika mirip kaliyan pamor tumpal keli.
ananging namung pamor sekar lampes umumipun ugi ngandhut tuwah ingkang
saged nambah kawibawaan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten
pamilih. |
15. |
Ilining Warih |
Rejeki ingkang lumintu, sanadyan sekedhik nanging sekedhik mbaka
sekedhik wonten terus. Tuwah sanesipun inggih punika sae kangge
pargaulan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih,
pramila cocog kangge sinten kemawon. |
16. |
Blarak Ngirid |
Pamor jinis punika ugi dipunwastani pamor Blarak Sinered,
ananging ugi wonten ingkang mastani pamor blarak ngirid benten kaliyan
pamor blarak sinered. Tuwahipun kangge nambah kawibawaan lan sae kangge
pargaulan amargi dipunsayangi kaliyan tiyang ingkang wonten ing
sakupenge. Pamor blarak ngririd kalebet pamor pamilih. |
17. |
Ron Pakis |
Pamor ron pakis mirip kaliyan pamor blarak ngirid, namung wonten ing
bageyan pinggiripun kados sowekan. Pamor jinis punika kalebet pamor
ingkang pamilih. Tuwahipun kangge kawibawaan sarta keberanian. Pamor jinis punika cocog dipuncekel dening tiyang ingkang ngasta ing militer utawi prajurit. |
18. |
Korowelang |
Pamor punika ugi badhe sami kaliyan pamor blarak ngrid utawi ron
pakis, ananging ronipun langkung ageng lan langkung dados satunggal.
Tuwahipun ugi badhe sami kaliyan tuwah blarak ngirid, ananging manpangat
pargaulanipun langkung ageng tinimbang manpangan wibawanipun. Keris
kanthi pamor punika (boten sedaya) sae kangge pados rejeki. Pamor
korowelang kalebet pamor ingkang pamilih. |
19. |
Ron Genduru |
Wonten ingkang nyingkat rongenduru utawi mastani ron kenduru.
Radi sami kaliyan ganggeng kanyut ananging susunanipun relatif langkung
teratur lan rapi. Tuwahipun kangge kawibawaan lan rejeki. Sae kangge
para pangusaha ingkang anggadhahi kathah anak buwah. Pamor Ron Genduru
kalebet pamor ingkang pamilih. |
20. |
Mayang Mekar |
Wujudipun kados ron sledri. Tuwahipun kangge nglancaraken pargaulan
kaliyan dimisakakeni dening tiyang ingkang wonten ing sakipenge, Wonten
ingkang anggadhahi tuwah pangasihan. Pamor Mayang mekar kalebet pamor
ingkang pamilih. |
21. |
Wiji Timun |
Wujudipun kados wiji timun. Pamor wiji timun badhe sami kaliyan
pamor uler lulut ananging langkung alit lan lonjong. Tuwahipun kangge
pados rejeki. Ugi wonten ingkang kangge kawibawaan. Pamor jinis wiji
timun sae kangge bakul kaliyan pangusaha. Pamor wiji timun kalebet pamor
ingkang pamilih. |
22. |
Kenanga Ginubah |
Tuwahipun kangge narik prehatenipun tiyang. Tuwahipun ugi kangge pargaulan. Pamor Kenanga Ginubah kalebet pamor ingkang pamilih. |
23. |
Walang Sinunduk |
Wujudipun mirip kaliyan pamor satai belalang. posisi walangipun
saged miring mangiwa, kaliyan manengen. Tuwahipun kangge mengaruhi
tiyang sanes. Wibawane ageng, pramila sae kangge para pamuka masyarakat,
guru, pamimpin politik. Pamor Walang Sinunduk kalebet pamor pamilih. |
22. |
Tumpal Keli |
Tuwahipun sae kangge pargaulan. Ugi saged nunjang karir amargi
ingkang gadhah bakal disayang dhuwuranipun. Pmor Tumpal Keli kalebet
jinis pamor ingkang boten pamilih. |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar