KIDUNG ERENG-ERENG MERAPI
“kula tampi
nikah lan kawinipun Widiastuti binti Suparno kanthi mas kawin Saprangkat
piranti sholat dipunbayar kenceng”kandane Ahman kanthi mantep sinaosa dleweran
kringete.
“sah..sah..sah?”ngendikane
Pak Naib dhateng para rawuh sing padha nyekseni ijab qobul awan kuwi.
“sah”para rawuh
mangusuli pitakonane pak penghulu bareng-bareng.
“alhamdulilahirobilalamin”ngendikane
Pak Naib banjur diterusake donga bareng. Ora liya yaiku dongakake temanten
sarimbit, yaiku Ahman santosa sing wus kelakon sah dhaup klawan putri ragile
Pak Suparno sing mapan ana ing sawetan pasar Muntilan.
Sabanjure,
sabubare acara ijab qobul kaleksanan,
banjur para tamu sing padha rawuh nuli padha jawat asta kanggo sarana paring
donga pangestu kanggo temanten sarimbit. Siji mbaka siji padha tumuju sasana
rinengga, padha ngaturake donga rahayu lan uga padha salam-salaman andum
kabagyan sing uga cetha sumunar saka pasuryane Ahman lan bojo anayare yaiku Widi.
Kekarone katon mesam-mesem tanda bungah ing ati kang tanpa pepindhan. Apa maneh Ahman katon banget
bungahe, wasana bisa palakrama, sianosa rada kasep ing umur 32 taun iki.
Sedhela kumlebat lelakon sing dumadi rikala semana. Carita karo wanita-wanita
sing wis tau nyidra lan ninggalake Ahman rabi karo priya liya. Awit saka
lelakon-lelakon kuwi mau, Ahman dadi keweDen, mengko gek..gek bakal nglakoni
maneh lelakon sing kepungkur kuwi mau
sing marake ngrantes, ananging ndilalah sing jenengane wae jodho. Ndilalah bisa
ketemu karo Kenya ayu sing jenengane Widiastuti, putri saka muntilan sing pakaryane
saben dina mulang ing salah sawijining Sekolah Menengah Kejuruan Negeri ing
jogja.
Cekak ceritane Ahman
kuwi mau tepunga Widi sarana kancane Ahman sing menehake nomer telepone Ahman
kuwi marang Widi. Kabeh cerita iki dumadi jalaran ing wanci kuwi Listrik ing
kontrakane Widi dumadakan mati amarga sekeringe pedhot. Banjur Ahman sing saben
dina pakaryane ing PLN kuwi mau oleh bel dijaluki tulung mbenakake Sekring sing
panggonane Widi, ndilalah kok iya kepeneran ora mung bisa nyambung listrik sing
pedhot ananging bisa nyambung carita karo putrine Mantan Lurah ana Muntilan
kuwi mau.
“mas..mas..kok
ngalamun lho”kandane Widi karo njawil Ahman karo mesem.
“ehh..ehh..iya
dhik..anu..iki mau” gragapan Ahman tangi saka anggone ngalamun ngeling-eling
kadadeyan jaman semana.
“ayo mas gek
kondur, tamune wis entek. Aku iya uwis sayah Mas ” kandane Widi karo mesem semu
isin nuli nggandheng tangane Priya lencir kuning brengos tipis kuwi.
Ahman ora semaur
apa-apa, amung nurut Kenya sing nggandheng tangane kuwi mau. Lakune tumuju omah
joglo sing terase kuwi mau isih kebak kembang-kembang sing ngganda arum,
Gandane angambar kayaa ambune manten anyar sing isih luber ing katresnan lan
rasa asih ing siji lan sijine. Kekarone banjur lumebu ing omah joglo kuwi mau,
sabanjure lumaku mlebu banjur menggok manengen wus tumeka ing sangarepe kamar
sing isih dikunci.
“mbok..mbok..mbok
sarti” Widi bengok-bengok ceceluk.
“enggih
Den,wonten napa Den?”wangsulane wanita
sin umure kira-kira seketan taun kuwi, isih nganggo mbayak kuthu baru, lan
sanggulane wis pating semboyot awit kawit mau wira-wiri reresik omah sak bubare
acara pahargyan temanten kuwi.
“kunci kamarku
simbok beta boten?aku arep ngaso mbok, sayah”Kandane Widi karo wanita sing wis
ngrumat Widiastuti saka cilik,nganti tekan semene gedhene. Amarga kawit Widi
umur limang taun ibune wus tilar donya amarga nandhang Gerah kangker, dadi iya
mbok Sarti kuwi sing ngupakara Widi.
“ouh..niki kula
sing mbeta Den”ature Mbok Sarti karo ngaturke kunci lawang marang kenya alus
lan ayu ing sangarepe kuwi mau.
Ceklek..ceklek.ceklek..ora
ana swara liya kang keprungu kejaba swara lawang sing dibukak. Sawise binuka
lawang kuwi mau banur katon isining kamar sing jembar lan isih kebak kembang-kembang
sing gawe arum papan ngasone penganten. Dipane jembar lan gadhe, digawe saka
kayu jati. Kabeh kawale warna putih resik, gawe sengsem sapa wae kang nyawang.
Uga katon foto-foto temanten sarimbit nalika sak durunge sah minangka garwa,
uga sawernaning seserahan uga katon tinata tharik-tharik ana sajroning kamar
kuwi mau.
“Den Widi, Den Ahman
kula tak teng wingking rumiyin mangke ndak nganggu”kandane mbok Sarti karo
nengenges nyawang Ahman lan Widi banjur lumaku rikat tumuju mburi sajake arep
ngrampungke gawean.
“cleguk..cleguk”keprungu
swara idu sing lumaku ana sanjero Gulune Ahman keprungu ature mbok Sarti, gek
nganggu apa..wong sajake kepenak nek uwong akeh, rame ora nyenyet kaya ngene.
Apa iya tumon kamar gedhe semen ming arep diisi wong loro. Ape meneh iki karo
wong wadon. Astagfirullah mengko nek dumadi bab-bab sing ora-ora banjur kepiye,
mengko gek..gek..waduh blaik..pikirane Ahman malah wus tekan ngendi-ngendi.
“Mas..Mas,..Mas
Ahman”kandane Widi karo mesem banjur njiwit irunge Ahman.
“eh dhik Widi..kaget
aku”kandake Ahman bali tangi maneh saka pangangen angene sing wus kumleyang tekan
ngendi-ngendi kuwi mau.
“surup-surup ora
apik menawa ngalamun ana ngarep lawang kamar mas..apa maneh tumrap manten
anyar”ature Widi ana tansaya caket karo Ahman. Sanalika otot bebayune Ahman
malah kaya dilolosi, lemes kaya kaya ilang dayane amarga lagi pisan kuwi ana
wanita sing micara nganti caket banget karo slirane. Prasaat malah dadi
mrinding wulu githoke kaya bar keweden wewe, ning iki seje sebab musababe, iki
ora kaweden ananging malah kepiye ya..malah angel anggone nggambarake. Prasasat
kaya ana swara saka swarga sing lumebu ana talingane si Ahman, sing gawe ora
daya kabeh wadag badane.
“banjur menawa
surup ngene iki apike apa sing ditindakake dhik”kandane Ahman mesem banjur
nyiwel gemes Kenya ayu ing sangarepe.
“eh”mung sawara kuwi singn kawetu
saka lathine Ahman nalika bojone nggeret Ahman tumuju Kamar sing kebak wewangen
sewu sekar kuwi mau. Embuh kena ngapa Widi sing padatan solah bawane isinan
kuwi mau kuwi mau dumadakan dadi kenes lan sajak kepiye ngono, embuh amarga
hawa sing tansaya adhem ing ereng-ereng merapi kuwi mau, utawa karana udan
grimis rintik-rintik cilik sing wiwit tumiba ing wayah sing wis ngancik surya lintir saka papane lan wus gumanti candra sing
wus jumedhul ing sisih wetan, utawa krana wus dadi garwane Ahman banjur bisa
malih kapribadene Kenya sing pakulitane sawo mateng kuwi mau. Ah embuh, saps
ing ngerti, sajroning segara isih jero atining wanita.
“kreeeeketttttttt,,….jegleg”lawang
banjur ditutup saka njero. Banjur
keprungu swara lawang kang dikancing.
sajake sing ana njero temenan ora kepengin diganggu. Menit gumanti karo
menit, jam gumanti karo jam, tetep wae lawang jati ing kamare Widiastuti kuwi
ora owah. Nganti wektu wengi kuwi wus gumanti wayah kang dikenthong kluruke
Jago wareng ana saburine omah kang dadi sasmita menawa esuk wus tumeka.
“Mbok..mbok Sarti”kaperungu
swarane priyayi kakung sing kena dititik seka suwarane wus yuswa.
“Wonten dhawuh Ndoro?”wangsulane
mbok Sarti nyaket Pak Suparno.
“emm..anu mbok..apa iya Widi karo
mantuku iya durung tangi”ngendikane pak Suparno ndangu Mbok Sarti.
“kadose lawangipun tasih minep
rapet niku ndoro”wangsulane Mbok sarti karo ngampet mesem.
“weleh..ora sabene Widi jam
semene durung tangi, iki nak iya uwis jam setengah pitu ta mbok?”ngendikane
mantan Lurah muntilan kuwi mau karo ngunjuk teh ana ing sangarepe sing wus
dicawisake Mbok Sarti kawit mau.
“halah ndoro niku kados mboten
ngertos kemawon kados menapa manten enggal”ature mbok sarti mangsuli pitakone
bendarane karo isih ngampet guyu.
“hehehe..iya..iya..iya..aku malah
lali menawa anaku kuwi nembe wae dak rabekake ya mbok”keselak-selak anggone
ngunjuk teh anget amarga banjur gumuyu kelingan laline dhewe menawa lagi wingi
kuwi putri kenyane kuwi nembe wae dirabekake karo Jaka saka Jogja.
“maklum mbok..uwis tuwa..akeh
laline”ujare Pak suparno priyayi sing gagah gedhe, sing kondhang juraga mbako
paling gedhe ing wewengkon kono.
“lha menika ndoro ingkang Den Widi”ature
mbok Sarti sing weruh Widi lumaku tumuju jedhing.
“ndhuk..gendhuk..mrenea”ngendikane
Pak Supar nimbali putrine. Sing diundang banjur ora sida tumuju jedhing, andhuk
lan klambi ganti sing digawa mau banjur diselhake ana meja.
“wonten menapa pak?”pitakone Widi
marang bapakne kuwi mau.
“mengko sak uwise adus, bojomu
kon nemoni aku, ana rembug sing kudu dak kandakake”ngendikane Pak Supar karo
wiwit ngempak mbako sing diwenehake ana pipa saka gadhing kuwi.
“lha wonten wigati menapa ta
pak?sajake kok penting sanget”Widi sing durung ngerti dhodhok selehe perkara
isih bingung. Sajak wedi ana bab kang dumadi, aja-aja perkarane bojone sing
dudu wong sugih kuwi dadi perkara maneh. Amarga sak durunge bapakne sarujuk
karo Ahman, pancen perkaka kuwi sing dadi pepalang anggone Widi arep oleh Mas Ahman.
Ananging Widi kasil gawe Bapakne percaya menawa Ahman kuwi sinosa mung wong
prasaja, ananging duwe rasa tanggung jawab minangka wong lanang lan duwe rasa
tresna sejati marang dheweke lan uga rila ngalkkoni apa wae supaya Pak Suparno
kuwi gelem nampa dheweke minangka mantu, ora kaya wong lanang liya sing mung
ngarep-arep bandhane Widi saka warisane bapakne.
“boten perkawis bab
kawontenenipun Mas Ahman ta pak?bapak inggih sampun pirsa piyambak
ta..Bapak”ature Widi rada kuciwa sing katon saka netrane sing wus wiwit
kumembeng luh kang sumadya tetes.
“udu..udu ndhuk cah ayu..iki ora
ana gandheng cenenege karo kuwi kabeh. Tentremna pikirm, Bapak uwis percaya
karo kowe menawa Ahman kuwi priya sing apik lan pancen tresna temenan karo
kowe. Bapak wis nyekseni dhewe kaya ngapa labuh labete Ahman. Bapak ora bakal
tegel njugarake rasa kabgayanmu karo Ahman ndhuk, amarga kabagyanmu iku uga
kabagyane Bapak”ngendikane Pak Supar karo ngelus-elus rambute Kenya ayu sing
sumendhe ana pundhake, katon arep nangis anangin mung kamisesegen ora sida
tumetes eluhe amarga wus diusap nganggo tangane dhewe.
“wis pokoke mengko bojomu kok
aturi nemoni bapak ana teras ngarepan. Wus kana iki wus ngancik awan. Age-age”ngendikane
Pak Supar ndhawhi putrine.
Sing didhawuhi uga age-age tumuju
kamare maneh saperlu arep matur karo garwane bab sing wus diwedharake karo
bapakne kuwi mau. Anggone mlaku rikat karo cincing daster kang dianggo, saperlu
luwih cepet anggone tekan kamare. Swasana omah sing winggi bubar wae kanggo
pahargayna kuwi isih kebak bekakas kang durung
tinata, kayata meja, kursi lan piring kang malusin-lusin kuwi isih
durung ana papane. Gawe lakune Widiastuti tansaya suwe amrga kudu ngliwati
tumpukan-tumpukan bekakas kuwi mau.
“Mas..Mas”swarane Widiastuti
ndodhog lawang, ananging sing ana njero durung ana wangsulan. Suwe lawang kuwi
mau didhodhok tetep wae durung ana wangsulan saka njero. Kaya-kaya wanci awan
kuwi mau bojone sajak isih keturon. Amarga kekeselen sajake kawit wingi ora
bisa turu nganti tekan esuk. Mangkono pamikire Widi. Banur handphone sing ana
sak dastere kuwi mau nuli dijupuk banjur unak-unik mejeti handphone kuwi mau.
“ana apa dhik?”swarane sing
lanang keprungu saka Handphone kuwi mau.
“mas tulung lawange dibukak, aku
arep mlebu. Ana bab sing penting”kandane Widi sajak kesusu anggone omong.
“isih kurang pa dhik, kok sajak
kesusu”swarane Ahman karo mesem sajak nggodha bojo anyare kuwi mau.
“mas kuwi ora sembrono, iki aku
oleh dhawuh saka bapak, cepet dibukak lawange.cepet!”wangsulanae sajak wigati
banget
Lawang nuli dibukak, katon saka
sandhing lawang pasuryane Ahamn sing katon pucet. Angger-angger ana bab sing
ana sambung rapete karo maratuwane kuwi mau mung tansah gawe ciyut atine Ahman.
Dheweke isih kelingan jaman semono nalika dionek-oneke karo calon maratuwane
kuwi amarga wani-wanine nyedhaki anak prawane kuwi. Apa maneh Ahman sing awake
ora patio gedhe lan dhuwur kuwi tansaya mengkeret disuwarani Pak Suparno sing gagah
pideksa kaya Werkudara. Menawa nesu-nesu prasasat langit kebak gludug, panting
jleger ora karuanmesthi wae kimpes kaya krupuk kaclup banyu wewujudane Ahman
nalika Semana.
“bapak ngendika apa dhik?”pitakonen
Ahman keweden karo nyuwelake sarung kotak-kotak sing dianggo kuwi.
“Mas didhawuhi sowan bapak
saiki!”kandane Widi lirih sajak rada wedi.
“ouh yoh aku tak mbrono, ana
ngendi bapak saiki?”Ahman mlebu banjur nyaut klambi ana walik lawang.
“mas..ya siram dhisik ta ya, apa
iya tumon sowan ambune kecute kaya ngono, apa maneh Mas Ahman ndak iya
bubar…emhh”jare Widi isin karo ngondheli sarunge Ahman.
“hehehe iya, mas lali dhik”cengenegesan
Ahman banjur tumuju jedhing nuli adus.
Sakbudhale Ahman
menyang jedhing saperlu adus, Widi uga budhal tumuju pawon saperlu olah-olah
kanggo bojo lan bapakne. Ana kono wis ana Mbok Sarti sing wus wiwit oncek-oncek
bawang, brambang uga bumbu-bumbu liyane. Ana pojokan pawon kuwi luweng sing
digunakake kanggo nggodhog wedang uga wus kemebul nyambut gawe sajak kena
dikongkon. Lan uga anglo wis didadeni karo Mbok Sarti kawit mau. Swasana awan
sing padahang tanpa mendhung kuwi tansaya gawe adreng anggone olah-olah Widi
Kenya ayu sing nembe wae digarwa wong yogja kuwi, katon seneng anggone
olah-olah, kaya-kaya kepengin tenan ngladeni garwane kanthi sak apik-apike, lan
kepengen gawe sengsen Ahman kanthi sarana asil anggone olah-olah.
“mbok lomponge apa iya uwi
dikumbah mbok?’pitakone Widi karo simboke kuwi.
“sampun Den, niku kula etus teng
tambir”wangsulane mbok sarti karo ngguleg bumbu-bumbu.
“matur nuwun nggih mbok, yen ora
ana simbok apa dadine omah iki”dumadakan Widi kanda kaya mengkono kuwi mau karo
sumendhe ana pundhake Mbok Sarti.
“niki pun dados prasetya kula
kaliyan almarhumah Ibu Den, bilih kula sing badhe ngrumat Den Widi lan Griya
menika”wangsulane Mbok Sarti karo ngusap eluh kelingan jaman semana sak durunge
Ibune Widi tilar donya.
“Kira-kira Ibu seneng apa ora ya
mbok saiki ngerteni aku wis sida palakrama karo mas Ahman”swarane Widi lirih.
“ya temtu wae seneng ta Den, Den Ahman
priyayaine prasaja, ora kakehan polah, sregep ngibadah, sopan. Ora kaya
kanca-kancane Den Widi jaman biyen. Senengane pecicilan,katon seka polahe. Ming
kula ajrih ajeng matur kalih Den Widi rikala semanten. Sithik-sithik kongkonan,
end sing kon ngaweke wedang kopi, njaluk madang,assshh jan jare wong sugih
mbelegedhu kok iya tegel njaluk badogan”wangsulane Mbok Sarti ngetokakae
uneg-unege.
“iya ya mbok, alhamdulilah banget
aku bisa dadi garwane Mas Ahman” Widi
mesam-mesem dhewe kelingan lalkon kapungkur
“ Wis mbok dibacutake anggone
olah-oleh. Supaya mengko menawa Bapak karo Mas Ahman kondur seka kebon anggone
olah-olah wis rampung”kandane widi nuli ngrajang lompong ana tambir kuei mau,
banjur diolah osneg-oseng. Anggone olah-olah Widi katon prigel, wus akton saka
meanawa saben dianane Widi mesthi olah-olah ana pawon, lan uga kuwi kabeh asil
dhidhikane Mbok Sarti sing kondhang enak menawa olah-olah. Mula tumon menawa
Olah-olahane widi uga enak lan bisa nguwasani sawernaning masakan jawa.
“enggih Den ayu”wangsulane Mbok
Sarti banjur tansaya ingkul anggone nganggsa bumbu sing ambune wis tekan
ngendi-ngendi, nocog irunge sapa wae sing kambon gandane bumbu osng-oseng sing
digangsa.
Ana kebon mbako
ing ereng-ereng sisih kidul Gunung Merapi sing gagah ngadeg sesandingan karo
Merbabu kuwi mau katon wong lanang cacah loro padha niti priksa kebonan.
Kekarone nuruti dawane galengan kebon sing ora umum dawane. Tanduran mbako sing
wus wiwit ngembang kuwi katon ijo royo-royo gawe resep sapa wae sing mriksani,
apa maneh hawa kang kenpenak, adhem ananging ora adhem banget lan uga keprungu
swara kalen cilik sing kemricik ing pojok kebonan kuwi uga gawe swasana dadi
tansaya kepenak kanggone sapa wae sing mapan ana wewengkon sakiwa tengen kono.
“Pak, menika sampun rampung
anggenipun ngrabuk” kandane salah sawijining
buruh tani karo Pak Supar
“ouh iya man, matur nuwun banget
ya. Ngaso-ngaso dhisik man”wangsulane Pak Supar. Ahman Mung mesam mesem kecut
ora wani nyuwara kepriye-kepriye. Ana batine sarwo gronjal lan keweDen. Wus
kepikiran aja-aja mbesuke Ahman dikongkon maculi kebonan mbako semene jembare.
Waduh cilaka bisa semaput manggon yen carane mangkono. Nyekel garan pacul wae
ora luwes, apa maneh mengko bakal dikongkon maculi kebonan sing jembare ora
umum kuwi maneh. Pikirane Ahman wis ngumbara tekan ngendi-ngendi.
“Man kana kanca-kanca liyane
dikongkon ngaso dhisik menawa gaweyane wis rampung”ngendikane Pak Supar karo
buruh tani kuwi mau.
“nggih pak. Mangga Den”ature
buruh kuwi mau uga manthuk pamitan karo Ahman.
“Nak Ahman, kowe ngerti pora?”Pak
Supar miwiti pacelahon karo mantu anyare.
“ka..kados pundi pak?”wangsulane Ahman
semu kethathelen amarga kaget campur wedi anggone micara.
“aku biyen kuwi iya ming padha
karo Giman buruh tani mbako kuwi mau. Ora duwe apa-apa. Ananging aku ora gelem
ngalah karo kahanan. Kabeh panganggone jenate ibune Widi kae kelakon tak dol
kanggo tuku winih mbako. Tak sebar winih kuwi mau ana lemah warisane simbahmu
biyen. Ndilalah kersane Gusti sithik mbaka sithik anggonku tandur Mbako bisa
kasil nganti bisa nglelang lemahe tangga lan wusanane uga bisa nyalon dadi
Lurah lan oleh lemah pelungguh iki”kandane pak Supar karo nitipriksa tanduran
mbako ana cedhake. Dimatake tenanan wit mbako kuwi kanthi permati. Sing diajak
rembugan mung meneng sinambi umak-umik arep mangsuli ananging isih bingung arep
omong apa.
“Mbako iki telungpuluh lima dina
meneh wis wiwit bisa dipanen”kandane Pak Supar sabubare nyawang godhong mabako
ana sakanan keringe.
“enggih pak”kandane Ahman ngiyani
ngendikane Maratuwane lan ngetutake lakune maratuwane.
“ananging sinaosa kurang delet
meneh anggone Panen tanduran iki, isih akeh proses sing kudu ditindakake kanggo
nggundhuh asile. Isih dipethiki godhonge, Ana sing kwalitase apik kuwi uga kudu
dipriksa kanthi permati karo uwong sing pancen ahli mbako, banjur dipisah karo
mbako-mbako sing dipangan omo, dirajang,
banjur dipepe maneh. Nah!, saka kono lagi bisa ditemtokake kwalitase mbako iki
mau. Mengko nek kwalitase apik bisa payu larang, amarga rasane uga pancen enak.
Ananging sing kwalitase elek iya paling mung didol ombyokan ning pasar. Ajine
ora sepiro. Kowe mudeng?”mengkono andharane Pak Supar dhawa banjur ndangu
mantune
“kersanipun bapak?”Ahman isih durung
ngerti dununge pirembugan apa sing dikarepake Maratuwane. Sak ngertine dheweke
saka ceritane Widi, pancen kaya mengkono carane panen mbako. Awit sak durunge
rabi Ahman asring takon bab mbako lan sapiturute. Dadi sithik akeh Ahman
mangerteni kepriye cara ngrumat lan cara panen mbaku kuwi mau.
“Uwong kuwi uga akeh cacahe,
ananging sing kwalitase apik iku sewu siji. Dibutuhake cara kanggo miji lan
nyeleksi uwong-uwong kuwi mau, supaya dak temokakae pawongan sing paling apik
lan berkwalitas super kanggo Putri sing paling dak tresnani”mengkono kandane
Pak Supar karo lumaku ninggalake Ahman sing isih plenggongan keprungu
ngendikane maratuwane.
“Pak..Pak..nuwun sewu pak, kula
dereng paham”ature Ahman karo nyaketi Bapak Maratuwane kuwi mau.
“sepuranen aku Nak Ahman menawa
sak suwene iki aku kuwi sok nggetak-nggetak kowe, akon-akon kowe maculi kebonan
kene iki, ngguyang sapi, angon wedhus, lan sapiturute. Wuwi mau iya mung caraku
kanggo ngerteni sepira gedhene rasa tresnamu marang Widi” kandane Pak Suparno
karo mesem karo Ahman.
“dados?”Ahaman wus rada mangerti
larah-larahe cerita kang dumadi jaman semana. Nalika dheweke kaya dadi bature
Pak Supar sasuwne sesasi.
“iya Nak, aku mung njajal kowe.
Kabeh kanca-kancane Widi uga tak jajal padha karo kowe. Ananging ana sing ming
sedina rong dina, uga ana ming sing jam-jaman wae wus oncat saka muntilan kene.
Amarga ora kuat ngerkasa. Geneya kowe kuwi bisa ngliwati…eemhh nek cah sekolah
bisa diarani sawernaning ujian..hahahaha”Pak Supar ngguyu kelingan lelakone Ahman
jaman semana.
“kowe pancen bocah apik Nak, wani
ngerkasa kanggo wong sing pancen kok tresnani. Aku ngerti kuwi. Mula aku ikhlas
menehake Putriku lan kebonan mbako iki karo kowe!”kandane Pak Supar marang
Mantune.
“waduh pak kula boten sagah
menawi dikengken maculi kebon semanten ambane. Estu pak” Ahman dumadakan
mangsuli kaya mangkono, amarga wedi menawa kudu pijet saben dina amarga
kekeselen maculi kebonan kang jembare udakara rong hektar kuwi.
“hahahahaha…sapa sing akon kowe
maculi kebon iki meneh Nak, aku menehke kebonan iki sak isine karo kowe.
Pertinen kabeh, iya kuwi kalebu kamulyanen para buruh, tandurane, lemahe, penen
lan sak tekane kirim mbako tekan pabrik pokoke sak kabehe. Saiki iki dhuwekmu.
Bapak wis tuwa, wis kesel menawa kudu ngrembug kuwi kabeh. Mula bapak mung
kepengen lungguh ning ngomah karo momong putu.”mengkono andharane Pak Supar
sing rada bisa gawe tentrem atine Ahman.
“Bapak sampun yakin badhe
maringaken sedaya menika kangge kula?bapak boten ajrih bilih kula mangke saged
njugrugaken sedaya ingkang sampun bapak bangun wiwit alit dumugi sakmenika?”Ahman
nanjihke apa kang diandharake bapakne mau.
“Akuu percaya karo kowe Nak Ahman.”wangsulane
Pak Supar karo mesem
“inggih pak, ananging…”Durung
rampung anggone Wangsulan Pak Supar wus nggethok omongane Ahman
“wis ayo gek mulih, aku wis
ngeleh”kandane Pak Supar banjur lumaku tumuju mobil sing wis diparkir ana pojok
ratan kuwi.
Kekarone banjur lumebu mobil
abang sing cet e isih anyir griss durung ana tatune babar blas. Mesin banjur
diurupake, jan kaya-kaya ora ana swarane sinaosa body mobil kuwi mau gedhe, ananging
alus swara mesine. Pedal gas banjur dipinyak Dening Ahman, kaya dipecut mbil
kuwi mau banjur lumaku tumuju Daleme Pak Suparno ing Sawetan Pasar Muntilan.
Ing sasuwene dalan kuwi mau Ahman isih durung percaya karo apa sing nembe wae
dilakoni Denning dheweke. Ora ngimpi babar pisan bakal nampa kanugrahan sing semene
gedhene. Wis oleh purti ayu saka Muntilan uga diwenehi kapercayan ngrembug
kebon mbako kang semana jembare. Man Ahman kowe kuwi wong lanang kang paling
begja sak donya.
Mobil abang kuwi banjur lumebu
gerbang kang dibuakake karo Mbok Sarti. Mobil kuwi banjur dileboke Garasi sing
mapan ing sisih wetan omah. Dhasar Mobil isih nayar mulane Ahman anggone nggawa
iya ngati-ati banget. Wedi mengkone gawe lecet utawa tatu.
“Pak dhaharanipuns aampun sumadya
wonten meja”ature Mbok Sarti karo bendarane.
Pak Supar banjur tumuju mlebu ana
sajroning omah, saperlu arep dhahar siang. “ Nak Ahman, ayo gek age-age rolasan
dhisik”ngendikane Pak Suparno karo Ahman sing nembe katon metu saka sopiran mobil
abang kuwi.
“kula tak sholat luhur sekedhap
pak”wangsulane Ahman karo nutup lawang mobil kuwi mau, banjur lumaku tumuju
langgar cilik ing saelorl omah joglo kuwi mau.
Langgar cilik kuwi mau pancen
dibangun ana ing pojok joglo kuwi mau, papane caket karo blumbang iwak grameh.
Iwake wus katon gedhe-gedhe, ana kang ukurane wus sak tepas. Grameh kuwi mau
mung dipakani godhong lompong sing thukul ana sakiwa tengene blumbang kuwi mau.
Menawa godhong lompong kuwi mau entek, Mbok Sarti sing kulina makani grameh
kuwi mau banjur mbukak lawang ing kering langgar wus tekan ana sawah. Pancen
daleme pak Supar kuwi mau papane ana tengah sawah ing pojo desa. Swasane isih
adhem lan asri. Menawa ngepasi langite padhang, merapi katon cetha wela-wela
ngadheg ana sisih elor daleme pak Supar kuwi mau.
“loh Pak, Mas Ahman pundi?”pitakonane
Widi dhateng Bapakne sing wus wiwit dhahar ana meja.
“anu..kae susulna sega karo lawuh
iki, bojomu shalat ana langgar”wangsulane
Pak supar karo njupuk Grameh goreng kang cumawis anget ana sadhuwur meja.
“enggih pak”wangsulane Widi karo
njupuk piring banjur diwenehi sega sacukupe, ora lali nyepake lawuh lan uga
grameh kang dijejeri sambel kecap.
“ndhuk, bapak dingengehi sambel
kecape lho ya”ngendikane Pak supar weling karo putrine
“enggih pak, menapa kula
pendhetaken pindhah”wangsulane widi karo njupukake sambel kecap kang ana ing
piring iku.
“nuwun ndhuk, wah lha nek iki iya
tonjo tenan. Ora ana sing bisa ngalahke olah-olahane putrine Pak Supar”ngendikane
Pak Supar nyennegake putrine sing wus kangelan olah-olah kanggo dheweke.
“halah bapak niku, kula tak
ndugeke niki riyin nggih pak”ature widi karo nggwa lengser isis sega lan sayur
uga lawuh kuwi mau metu saka papan dhahar kulawarga tumuju njaba, ora liya iya
tumuju langgar. Sing dipamiti mung manthuk-manthuk ora semaur, katone pancen
nembe ngresepi gurih lan pedhese sambel kecap kang dicawisake karo grameh sing
digoreng garing kuwi.
Anggone lumaku tumuju langgar ing
sisih lor omah kuwi mau alon-alon, wedi menawa lengser kuwi mau temumplak
isine, banjur sisan mampir ana pawon saperlu njupuk wedhang putih sagelas.
Sauwise ngliwati nblumbang grameh, iwak-iwak padha pating dlongo, cangkeme
padha umak amik, kaya-kaya menawa bisa micara sajake wus ngeleh njaluk pangan,
sajake iya kepengen melu rolasan. Ananging kuw mau ora ngendhegake lakune widi,
dheweke banjur terus lumaku tumuju sangarepe langgar cilik kang digawe saka
kayu kuwi mau. Meruhi sing ditunggu isih sholat, dheweke banjur ngenteni ing
sangarepe langgar kuwi mau. Lengser nuli diselehake, dheweke banjur lungguh.
Sauntara sing dienteni durung metu uga saka sajroning langgar. Dheweke lunggu
madhep ratan sing caket karo pager omahe kuwi mau. Sedhel-sedhela ana kang
liwat, embuh kuw bocah sing bali sekolah, apa para among tani sing pdha umbar
ngaso golek panganan. Sedhela-sedhela krikil sing sumebar ana sakiwa tengene
banjur dijupuk siji, nuli dibalangaken ana blumbang kang akeh iwake kuwi mau.
Prasasat dikira dicemplungi pakan, iwak-iwak sing padha pating jegogok kuwi mau
padha gedabigan nggoleki watu kang cumemplung dikira pakan kuwi mau. Rumangsa kasil
ngapusi iwak, sinungging esem ana ing lathine Kenya ayu sawo mateng kuwi.
“mesakake ta dhik, iwak ora kleru
kok diapusi”keprungu swara pawongan, banjur pundake Kenya ayu kuwi mau kaya ana
tangan sing tememplok.
“apa iya iwak bisa ngerti menawa
diapusi?’wangsulane Widi banjur ngranggeh epek-epek tangan ing pundhake kuwi
mau.
“lenggah mriki ta Mas, kula
pengen tanglet e?”kandane Widi nggandhi.
“takon apa lho dhik?bab iwak sing
isa diapusi? Ngono?”wangsulane Ahman banjur lungguh caket bojone.
“Mas ki, senegange mbebeda aku
lho”ujare widi karo njiwit bangkekane. Sing dijiwit bangkekane banjur njerit
krana kaget, banjur males ngithik-ithik bangkekane bojone kuwi mau.
“ampun mas..ampun mas..kula
kapok..keri mas..keri”kandane widi karo ngguyu cekikikan krasa keri
diithi-ithik karo sing lanang.
“salahe kok senengane usil lho,
nek diusili geneya ampun..ampun”wangsulane Ahman banjur mandheg anggone
ngithik-ithik.
Swasana katon sneneg ing antarane
manten anyar kuwi mau. Kaya-kaya senenge pancen saka ati, bungahe pancen gawe
meri sapa wae sing ngerteni. Anggone lungguh wae samya cinaketan siji lan
sijine, tentrem. Sing wedok sumendhe ana pundhake sing lanang. Banjur dielus
rambute sing wadon kebak ing rasa asih. Obahe godhong krana sang bayu nora bisa
njugarake wong kang lagi wuru kasmaran, swara manuk sing padha cemluwit
saut-sautan ana sadhuwure pager kaya-kaya ngrasani anggone wong loro padaha
andum katresnan ana sangarepe langgar sing caket karo blumbang grameh. Swasana
ayem, adhem, asri, lan ora ana rasa kurang ing antara kekarone. Sampurna. Iya
sampurna ora ana sing gothang. Legi kaya-kaya nembe wae necep maduning swarga.
“bapak mau ngedika apa nalika ing
kebon mau mas?”dumadakan pitakonane Widi tuwuh ing satengahing swasana kuwi.
“bapak kepengen aku sing ngrembug
tegalan mbako iki dhik”wangsulane Ahman cekak.
“ouh”wangsulane widi tansaya
cekak.
“kok, ouh tok?”pitakonane Ahman
“aku wus ora kaget mas, Bapak
biyen wus tau ngendika karo aku, menawa sapa sing lulus saka ujiane bakal
diwenehi apa wae sing diduweni bapak”Wangsulane widi ora owah sumendhe saka
pundhake bojone.
“Kalebu kowe dhik?”ujare Ahman
karo mesem. Keprungu wangsulane Ahman widi banjur njenggelek, njunjung sirahe
banjur diadhepake manther ana Merapi nig Sisih lor kana. Swsana dadi ning.
Ahman klisak-klisik wedi menawa omongane kuwi mau gawe tatu atine sing wedok.
“dhik..?aku..ora”kandane Ahman
nyoba mecah swasa sing dirasa wiwit ora kepenak kuwi mau. Ahman rumangsa kleru.
“boten mas, Aku ora diparingake
Bapak kanggo njenengan. Pancen aku sing mulung kalih njenegan, awit sakabehing
sipat asih sing ana ing njenengan”kandane widi ngethok omongane bojone.
“aku kuwi ora duwe apa-apa lho
dhik, bandha ora duwe, urip ming sak anane. Kowe nak iya pirsa dhewe ta
sejatine kahananku”Saiki Ahman sing genti ngrasa menawa dheweke kuwi ora pantes
didhaupke karo putri ayune Juragan.
“Tresna sejati ora dak taker nganggo bandha mas, apa maneh nganggo
kalungguhan. Ananging kepriye anggone uwong kuwi mau netepi prasetya lan ngupaya
nggyuh katresnan kuwi mau sing tak anggep luwih aji tinimbangane liyane. Aku
wus dadi seksi dhewe kaya ngapa labuh labete Mas Ahman rikala semana, dijajal
karo Bapak. Satemene aku ora tega, ananging kuwi pancen sarat sing diparingake
karo bapak” tumetes eluh saka pipine Kenya ayu kuwi mau kelingan lelakon jaman
semana nalika sadurunge Ahman tumeka ana uripe, sing diisi karo pawongan sing
mung kepingin ngalap bandhane widi, wong kang wus ngapusi widi. Mulane pak
Supar nganti gawe reka daya ujian kanggo sapa wae sing nyaketi putrine, saperlu
ora kleru anggone milih mantu.
Eluh sing tumiba ana pipine Widi
kuwi mau banjur diusap nganggo tangane Ahman. Alon lan kebak sih anggone
ngusapa banyu bening sing tumiba ana pipi sisih kiwa kuwi mau.
“matur nuwun dhik”kandane Ahman
banjur ngekep Wanita kang ana ngarepe kuwi mau. Ana pipine uga tumetes eluh
bening amarga trenyuh keprungu kandane bojone. Sing dadi seksi sakabehing
lelakon, sing bisa nampa kaya ngapa wae kahanan uripe Ahman. Sanailka mung rasa
panuwun sing tanpa pepindhan konjuk dhumateng Gusti kang Maha welas lan Asih,
dene wus kersa ngangkat drajate, nudhake dalan urip tumrap dheweke. Saking
trenyuhe eluh-eluh kabagyan kuwi mau
tumiba saka netrane priya lencir kuning kuwi. Pating dlewer tumiba ana klambine
bojone sing dikekep kenceng ora dieculake. Banjur keprungu swara sesenggukan
kang diampet, ananging sepira lirihe tetep bakal keprungu, wong kekarone kuwi
mau caket banget.
“wong lanang kuwi ora pareng
nangis”Kandane widi mesem sinambi ngusap eluhe dhewe. Sing lanang banjur
ngeculake kekepane, nuli melu ngusap eluhe sing isih pating dlewer. Banjur
dielap nganggo tangan tengene.
“hehehe..iki mau ora nangis kok
dhik,iki mau mung..mung amarga kena
sungepe sambel sing ning caketmu kuwi lho”pawadane Ahman selak.
“eh iya mas, nganti kesupen. AKu
mbrene kuwi ngeterake dhaharan kanggo njenengan” Kelingan lengser isi dhaharan
kuwi mau mlah dianggurke ketunggul padha tetangisan amarga ngrasa trenyuh
kelingan sakabehing lelakon kang wus kelakon.
“wah endi dhik..aku iya wis luwe
banget iki, apa iki maeme?”pitakone Ahman katon selak kepngin ngresepi apa kang
dicawisake bojone.
“niki kula sing masak dhewe lho
mas, special kangge Mas Ahman sing bagus dhewe”kandane Widi karo njupukake
grameh goreng kang diwenehake ana sadhuwhure sega.
“aku karo oseng-oseng kuwi wae
dhik..katone enak banget saka ambune, Gramehe kanggo adhik wae”kandane Ahman
karo nuding piring sing isine oseng-oseng.
“loh..boten remen ulam ta mas?”wangsulane
widi
“seneng dhik..ananging kuwi nggo
adhik wae..adhik mesthi iya durung maem ta?”kandane Ahman sajak ngeman banget
bojone. Pancen jenenge manten anyar kuwi prasasat apa wae bisa dadi cara kanggo
nuduhake gedhene rasa tresnane,kalabu pangurbanan kang bisa diduduhake minagka
tandha katresnan amarga iya pancen isih anget-angete geni kasmaran ing antarane
manten anyar kuwi mau.
“Mas Ahman niku lho, kok le
gatekan banget kalih kula. Niki ngge kembulan mawon”ujare widi karo ngulungake
piring kanggo bojone.
“emoh kembulan, dulanggg?”wangsulane
ahman nggandhi.
“eeeaaallllaaahhhh..kok le
nggandhi temenan lho”ujare widi karo ngulungake sega kang wus dikepel lan
diwenehi cuwilan grameh banjur ditutulke sambel kecap.
“eeemmmhh…enake”kandane ahman
karo mamah apa kang didulangake bojone kuwi mau.
“hhuusssshh..nek dhahar boten
pareng kalih ngendikan!”kandane widi karo ndulangake sega kang diwenenhi
oseng-oseng.
Pasuryane Ahman katon seneng
banget, mamah karo mesam-mesem amarga nembe sepisan kuwi diladeni wanita.
Mangkono uga widi sing ngrasa iklas anggone ngladeni pawongan sing pancen
ditresnani.
“wah jan..enak tenan nek iki, iki
oseng-oseng apa ta dhik?wah jan olah-olahane bojoku sing ayu dhewe pancen ora
ana tandhinge”andharane Ahman ngalem bojone. Sing dialem banjur ngrasa isin
mung mesam-mesem.
“oseng-oseng lompong mas”wangsulane
Widi
“aaakkkk…kowe iya kudu ngicipi
dhik”ujare Ahman karo ngulungake oseng-oseng kuwi kangggo bojone.
“halah, kula sampun mas. Pun teng
wingking wau nicipi”semaure widi.
“ananging nek karo didulang Mas
Ahman nak iya beda rasane ta dhik?dadi kaya ana gurih-gurihe piye ngono”kandane
Haman nggodha bojone.
“Ah Mas niku saget mawon
lho..gemes”tangan sing gupak oseng-oseng kuwi mau banjur tememplok ana Irunge
Ahman.
“weleh dhik..dadi pliket ta?”wangsulane
ahman banjur sawise ndemok irunge sing krasa teles.
“loh dhik, aja kok dilate irungku
dhik, mengko plikete malah ora ilang-ilang. Keri dhik, keri pipiku aja kok dilati
ta.hihihhhihih..keri dhik..keri”Kandane Ahman karo klisikan amarga krasa keri.
Ananging sing dijak omongan malah ora semaur. Banjur suwe-suwe ayang-ayange
widi kok tansaya blawur prasasat kaya arep ilang.
“dhikk..dhik widi, kowe nengdi
dhik?”Ahman nyeluk-nyeluk bojone kuwi mau.
“meeeonggg…meeoonggg”sing
keprungu malah swara kucing.
“Jiiiiaannggkrikk…sumingkir seka
kene, trembelane tenan kowe cing”ahman banjur ngipatake kucing sing kawit mau
ndilati raine kuwi mau. Mbok menawa amarga kucing ingon-ingone kuwi mau ngambu
grameh ana ing lambene Ahman sing durung kemu lan sikatan sauwise saur esuk mau.
Ahman banjur Gumregah saka jogan
papane ngglethak, ing sakiwa tengene isih cumepak sega kang wus entek lawuhe,
gari eri-eri grameh sing isish katon dimamah karo si bejo kucing kuwuk
ingon-ingone kuwi mau.
“weleh, wis setengah wolu.
Karipan iki. Bisa kasep iki anggone nyambut gawe, gekno wis kangsenan arep
ndandani sekring pedhot ning Timoho barang e iki.Blaiiikk”ujare Ahman banjur
oncat saka jogan papane turu kuwi mau, nuli mlayu nyaut andhuk tumuju jedhing.