Rendheng Tanpa Ketiga
Wengi-wengi
lumaku ora kaya adat sabene, hawane tansaya krasa kekes. Rasane tansaya
ngremet-ngremet pikir kang ora jenjem. Tlethak-tlethik swara banyu kang tumiba
saka tawang , ora katon saka papanku
nibakake raga ing amben, amarga kaling-kalingan gendheng-gendheng kripik kang
direnggani sawang-sawang. Tansaya suwe udan ana njaba tansaya deres, katitik
saka swaraning banyu kang tansaya keprungu banter adu atos karo
gendheng-gendheng ing sadhuwurku, angin wengi sedhela-sedhela uga melu nambahi
kekesing wengi iki, ngobat-ngabitke dian ana pojokan, kang uga melu ngobahake
ayang-ayangku kang kawit mau klisak-klisik ora bisa meremake netra iki.
Kekarone tansaya wengi ora gelem dak eremake, kepara tansaya wengi malah
tansaya padhang netra iki, maung padha kethap-kethip. Terkadhang malah ana banyu kang ngembeng ana kekarone , banjur
tumiba lumantar pipi iki.
“dhik, saiki
sliramu bisa nimbali aku dokter Rujita” kandhane pawongan nggantheng lencir
kuning lan duwe brengos tipis kuwi, banjur mesem karo aku. Saben-saben mesem
brengos tipis kuwi ngetutake lathine kang kumucap gawe sengsem sapa wae kang nyawang. Apa maneh
sesandhangan kang prasaja ananging resik kuwi katon pantes karo pawongan kang
asma Rujita, priyayi saka Ngayogya kang kawit telung taun kapungkur ngebaki
papan lodhang ana sajroning ati lan uripku.
“enggih..pak
dokter Rujita” kandhaku karo nyiwel pipine amarga saking gemregete.
“kok
malah diciwel lho?”pitakone Mas Rut karo nyekel tanganku, mangkono padatan
anggonku nimbali pacanganku iki.
“ya
ora dadi apa ta Mas, wong duweku kuwi dak apa-apake iya ora dadi apa” mangkono
wangsulanku karo cekikikan.
“woooo…yen
mengkono tak ngenekake ora dadi apa ya dhik” wangsulane mas Rut karo
ngithik-ithik bangkekanku, saking kerine aku dadi ngguyu cekikikan, sinambungan
Mas Rujita kang melu ngguyu kepingkel-pingkel. Sauwise kesel anggone gegojegan
lan sirat-siratan banyu ana pinggiring segara kuwi krana krasa kesel aku lan dheweke banjur lungguh ing gisiking segara
Parangtritis ing sore iku.
Kelingan
wewayangan limang sasi kapungkur kuwi terkadhang gawe esem sinungging ana
lathiku, anaging sak uwise kuwi uga tumeka wewayangan sabanjure kang njalari
tansaya sumpeg dhadha iki.
Segara kang
jembar nganti ora katon pucuke. Swaraning banyu tansaya suwe tansaya gemremeng
anggone polah, tansaya ngancik wengi tansaya gedhe anggone mbeksa nggulung
alun. Sawetara suwe ing antarane Aku lan Mas Rut ora ana tembung sing kawetu. Aku
lan Mas Rut mung nyawang ana adoh ana ing sapucuking segara sing wus wiwit
malih dadi tansaya abang ing sisih kulon. Ajeg keprungu swara banyu sing lumaku
ana sadhuwure wedhi-wedhi, banjur nggremet tumeka ing sela-selaning driji sikilku. Ora
suwe binarung swara ombak kang nguncalake banyu kuwi “byuuuurrrr” ana swara
kang mecah sepining kahanan.
“mbesuk sak
uwise aku tugas ana Borneo, kowe dak lamar ya dhik” dumadhakan kandhane
Pawongan kang lugguh ana jejerku, banjur mandeng aku tenanan. Sawetara wektu lakuning getih ing ragaku kaya mandheg
mbegegeg, jantung sing ngompa getih ing awak iki kaya-kaya mbegegeg ora obah.
Kaget anggonku nampa ngendikane Mas Rut kuwi mau. Durung nganti aku kumucap,
wis diselani pawongan nggantheng kuwi.
“ora suwe kok
dhik, aku mung enem wulan ana Kana minangka njangkepi jejibahan Dinas. kowe nak
iya saguh ngenteni ta?”kandane nakyinake marang aku. Saka sorot netra kang
njingglengi tekan sajroning mripatku, kaya-kaya lumaku alon tekan sajroning
atiku, Ngendikane Mas Rujita kuwi mau wus bisa dak rasake menawa ngendikane
kuwi pancen tenanan lan duwe adreng kang satuhu arep nindakake Prasetya suci
nyambung talining sih Palakrami.
Aku ora bisa
semaur kepiye-kepiye, mung eluh bening iki tumetes ana netra sisih kiwaku,
banjur disusul saka netra sisih tengenku. Embuh kenapa prasasat batin lan atiku
krasa bungah kang ora bisa dak wujudake nganggo ukara.
“loh? Kok malah
nangis dhik” ngendikane Mas Rut karo ngusap eluh kang ndlewer ana pipiku iki,
banjur Mas Rut mapanake sirahku iki ana pundhake, banjur tangan iki digenggem
raket.
“Kowe kudu ngenteni
aku dhik, aku ora suwe. Mangsa Ketiga sabanjure aku bakal ana kene lan bakal
mujudaken apa kag dadi prasetyaku marang adhik” ngendikane Mas Rut nggedhekake
atiku.
Dumadakan raga
iki ora bisa kuwawa ngondheli tangan lan awaku sing banjur oncat ngekep Salirane, wutah tagisku ana dhadhane
pawongan kang ana sandhingku iki, bebasan donga lan impen kang kawit telung tau
kapungkur dak konjukake dhumateng Gusti Kang Maha Sih bakal dadi
kasunyatan.kaya ngapa senenge bakal bisa urip sesandhingan klawan wong sing dak
tresnani kuwi tansaya caket, wewayangan urip bagya mulya duweni garwa dokter
kaya-kaya wus katon nyata ana sangarepe mripat iki.
“tes..tes..tes”
ora krasa eluh-eluh iki ngebaki mripat kang wus abang mbranang wanci ratri iki.
Tumetese tansaya deres ngliwati pipi sing wiwit teles saking akehe eluh sing
kawit mau kawetu. Tetes sithik mbaka sithik banjur dak elap nganggo salembar
dluwang kang dak cekel iki. Dikaya ngapa wae eluh iki tetep mili beberengan
swara tangis kang dak ampet nganti sesenggukan. Eluh kuwi banjur tumiba ana ing
dluwang kandhel sing kawit mau dak cekeli, dak remet-remet, tak sawang-sawang
kanthi permati kaya-kaya ora percaya karo apa kang sinerat ana dluwang werna
abang sinunggingan seratan warna emas.
“tes..tes..tes” tlethak
tlethik eluh iki wus gawe saperangan dluwang werna abang kang awujud persegi
kuwi mau tansaya teles. Isih kurang marem dak jingglengi maneh dluwang kuwi
mau. Dak bukak banjur dak tutup maneh, dak olak-alik dluwang salembar kang
dilempit dadi loro kuwi. Sapa ngerti anggonku maca kleru. Ananging kaping pira
wae dak wangsuli anggonku maca, datan ana klerune. Ana seratan ing sangarepe
dluwang kuwi kang seratabe kaya mangkene “katur: Wahyuni, S.Pd” seratan kuwi
mau cetha negesake dluwang kuwi pancen ditujokake kanggo Aku. Dak bukak meneh
ana sajroning dluwang kuwi mau, dak waca alon-alon sinambi nata ambegan kareben
bisa ngampet gronjaling ati. Saben-saben
tumekan ana ing sawalike dluwang kuwi mau,
awak krasa lemes ora duwe daya, apa maneh nalika dak sawang ana foto
priya ngantheng lencir kuning brengos tipis kuwi mesem nyawang wanita sing
nganggo busana putih kang mligi sragame para dokter. “tes..tes..tes” tetese eluh
iki tumiba pas ana ing fotomu ing
dluwang abang iki.