GLADHEN
BASA JAWA
PTS
KELAS
XII

Jawablah pertanyaan berikut dengan benar pada
lembar jawab yang telah tersedia !
1.
Apa sing diarani sesorah?
2.
Sesorah iku bisa diperang/dibagi dadi 4 jinis yaiku
sesorah kanthi cara apalan, kanthi cara naskah, kanthi cara dadakan utawa
impromptu, lan sesorah kanthi cara ekstemporan. Coba terangna apa kang diarani
jinis sesorah kanthi cara naskah/teks....
3.
Sangune wong sing arep maju medharake sesorah iku kudu
duweni patrap utawa sikep sing becik. Kepriye prayogane patrap utawa sikep
pawongan sing arep medharake sesorah. Sebutna paling sithik 2 wae!
4.
Pawongan kang bakal medharake sesorah uga kudu
migunakake busana kang pantes. Kepriye mungguh panganggone busana kang pantes
tumrap pawongan kang bakal medhar sesorah?terangna kanthi cekak aos/ singkat!
5.
Wacanen perangan crita wayang ing nggisor iki kanthi
permati!
Wisrawa Dewi Sukesi
Sang Resi Wisrawa nemoni Prabu Sumali kanthi
tujuan nglamar Dewi Sukesi supaya gelem dadi garwa danaraja. Prabu Sumali
mangsui yen panglamar sing ditampa yaiku panglamar sing bisa mbabar Serat sastra Jendra.
Sapa
sejatine Resi Wisrawa iku?
6.
Adhedhasar
perangan Carita wayang kanthi irah-irahan Wisrawa Dewi Sukesi ing
dhuwur, tembung mbabar duweni
teges/arti….
7.
Ing Perangan Crita wayang ing dhuwur, Dewi Sukesi
mujudake wanita ayu putrinipun Prabu Sumali. Banjur Prabu Sumali kuwi Raja ing
Kraton ngendi….
8.
Pasang tarub tumrape pawongan sing arep duwe gawe mantu
ditandhani kanthi masang bleketepe. Apa sing diarani bleketepe kuwi
9.
Tetuwuhan/ wit-witan sing dipajang ana tarub kuwi
maneka warna jinise. Ana pisang, pari, klapa gadhing, tebu wulung, canthel,
godhong kaluwih, ringin, lan sapanunggalane. Sebutna werdine/filosofi saka
tuwuhan sing dipajang ana tarub kuwi mau!
10. Semaken
ukara ing nggisor iki, banjur gawenen dadi ukara kang migunakake basa karma.
“Bapak
nek ngombe paling seneng wedhang teh sing panas. Apa meneh legi lan kenthel.
Jarene rasane tonjo tenan”
11. Wacane
perangan pacelathon/percakapan ing nggisor iki. Isinen ceceg-ceceg sing kothong
migunakake tembung kang trep!
Sapta : Sugeng enjing mbah.
Mbah
Margo : ooo..kowe ta le,
mrene-mrene. Kadingaren kowe(1)………mrene
Sapta : inggih mbah, sowan kula
dhateng simbah badhe ngaturaken ulem menika.
Mbah
Margo : ulem acara apa iki le?
Sapta : Ulem kangge acara Merti
Dusun mbah. Panjenengan dipunaturi(2)……….ing Bale desa.
Mbah
Margo :Oalah..yoh..yoh, aku mesthi
teka nek kanggo acara desa kaya ngene iki le.
Sapta :
inggih mbah, matur nuwun sanget. Kula badhe(3)……….rumiyin mbah, tasih badhe
ngaturaken ulem kangge warga sanes. Parengg mbah
Mbah Margo :yoh,
sing ngati-ati.
12. Acara
midodareni ing adicara adat penganten gagarag Ngayogyan padatan diadani ing
wanci…lan sadurunge acara….
13. Sak
durunge acara ijab qabul katindakake. Diadani acara siraman tumprap calon
pinanganten. Apa werdi/ ancas/tujuan diadani acara siraman tumrap calon
pinanganten…
14. Gawenen
wicara pasrah temanten kang ringkes!
15. Tulisen
ukara ing nggisor iki migunakake aksara jawa
“Tumpeng iku digawe saka sega kuning lawuhane
ingkung pitik jawa”