I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi
milih wangsulan sing paling bener yaiku A, B, C, D, utawa E ing lembar jawab sing
wus cumawis !
1. Dadi uwong kuwi aja nganti mblenjani janji. Tembung kang kacithak kandel tegese..
A. netepi D. sumelang
B. nuhoni E. gawe
C. cidra
2. Tembung ing ngisor iki sing duweni surasa njarag
ditindakake, yaiku.. ....
A. karubuhan
B. kasurupan
C. katiban
D. katendhang
E. kasampluk
3. Kabutuhaning manungsa sing ora bisa ditinggalake babar
pisan yaiku…
A. sandang D. bandha
B. Pangan E. Pakaryan
C. Papan
4. Kowe nemu dhompet, banjur kok wenehke marang ibu sing
duwe dompet iku. Kepriye anggonmu matur sing bener..
A. Bu, iki lho dhompetmu tiba.
B. Bu menika dhompetipun dhawah, kula diparingi arta
nggih.
C. Nuwun sewu bu, menika dhompetipun panjenengan?menawi
ngaten kula dipunparingi arta nggih?
D. Nuwun sewu bu, menika dhompet kagungan panjenengan
E. Bu, iki dhompetmu dudu ya
5. Ing ngisor iki purwakanthi guru sastra yaiku ....
A. Sluman slumun slamet
B. Adigang adigung adiguna
C. Atut runtut
D. Nunjang palang
E. Runtang runtung
6. Pitik walik saba kebon. Saka ukara kuwi temtokna
jejere..
A. Walik
B. Pitik Walik
C. Saba
D. Saba Kebon
E. Pitik Walik Saba
7. Bapak tindak dhateng Surabaya kala wingi dalu. Saka
ukara kuwi temtokna katrangan wektune..
A. Dhateng
B. Surabaya
C. Kala wingi
D. Surabaya kala wingi
E. Bapak
8. Apa Kang diarani pawarta ....
A. Palapuran ngenani kadadyen sing durung dumadi
B. Palapuran ngenani kadadeyan sing ora bakal dumadi
C. Palapuran ngenani kadadeyan sing lagi wae dumadi
D. Palapuran ngenani kadadeyan sing arep dumadi
E. Pelapuran ngenani kadadeyan sing wus suwe dumadi
9. Pawongan sing pagaweyane nglumpukake pawarta diarani..
A. Editor
B. Reporter
C. kameramen
D. Sutradara
E. Kurator
10.
Pawarta kuwi duwe
sesambungan karo 5W+1H. Pratelan ing ngisor iki sing nuduhake papan dumadine
pawarta, yaiku..
A. Kemis legi, 28 April
2016
B. Jam 20.00
C. Lurah, Camat
D. Tukang kayu
E. Gedangsari, Klaten, Jawatengah
11.
Wong jawa ora
bisa migunakake basa jawa, amarga..
A. Rumangsa isin yen nggunkake basa jawa
B. Rumangsa wiring migunkake basa jawa
C. Rumangsa repot yen nggunkake bas jawa
D. Rumangsa asor yen migunakake basa jawa
E. Ora gelem ngulinakake lan ora gelem sinau basa jawa.
12.
Wong jawa wus ora
bisa migunakake basa lan unggah-ungguh
kabudayan jawa. Kadadeyan iku cocok karo paribasan…
A. Sapa salah seleh
B. Bathok bolu isi madu.
C. Emban cinde emban siladan
D. Wong jawa ilang jawane
E. Gegedhen empyak kurang cagak. D
13.
Basa iku salah
sawijining piranti kanggo…ing antarane wong siji lan sijine.
A. Kombinasi
B. Kondisi
C. Komunikasi
D. Konfirmasi
E. Klarifikasi
14.
Amarga ora
ngati-ati agawe dheweke nandhang kacilakan. Nandhang tegese..
A. Antuk rezeki
B. Nampa bebungah
C. Uwal saka
D. nemu
E. ditinggal
15.
Sapa sing salah
bakal seleh. Apa tegese paribasan iki..
A. Wong salah bakal sumeleh pikirane
B. Wong sing salah malah sumeleh
C. Wong sing salah bisa sumeleh
D. Wong sing salah bakal nagging tumindake dhewe.
E. Wong sing salah bakal oleh kamulya.
16.
Anane kadadeyan
kang gawe isin iku awit saka ngasorake marang bangsa manca. Mula sing becik
tumrap sapadhane bangsa iku kudu..
A. Ajen-angajeni
B. Memungsuhan
C. Rumangsa beda
D. Rumangsa bisa
E. Rumangsa unggul
17.
Swara kang kerep
bisa ngganggu tumrap wong kang lagi sinau yaiku..
A. Swarane manuk ngoceh
B. Swara jago kluruk
C. Swara montor mabur liwat
D. Swaran gludug
E. Swara televisi
18.
Prabu Dasamuka
iku raja ing negara Ngalengka. Saka ukara kuwi temtokna katrangan papane..
A. Raja
B. Negara
C. Negara Ngalengka
D. Prabu Dasamuka
E. Iku
19.
Kadospundi menawi budaya katimuran
menika dipuntinggal?
A. Kelangan
kapribaden
B.
Bisa dadi wong pinter.
C.
Bisa ngelongi beban
D. Mundhak
disenengi wong liya.
E.
Diajeni karo wong liya.
20.
Geguritan dumados saking tembung gurit, tegesipun
tembung gurit menika menapa?
A. Nggambar
B.
Nggelar
C.
Ngrakit
D. Nulis
E.
Nembang
21.
Tembang saged dipunwasatani karya sastra terikat awit
anggenipun damel kedhah nggatosaken paugeran. Ananging menawi geguritan
anggenipun damel boten kedhah ngginakaken paugeran tartamtu, pramila geguritan
saged dipunwastani karya sastra..
A.
Anyar
B.
Lawas
C.
Bebas
D.
Kalsik
E.
Ilmiah
22.
Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen tan melu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Menapa isi geguritan ing
inggil?
A. Urip
ing jaman edan
B. Anane
jaman edan
C. Kabeh
uwong seneng urip ing jaman edan
D. Jaman
saiki wis edan
E.
Angele urip ing jaman edan
23.
Kaliren tegesipun..
A.
Wareg
B.
Ngeleh
C.
Seneng
D.
Akeh
E.
Bungah
24.
Ukara ing ngisor iki
siing ora nyebutake jejere yaiku..
A. Ati-ati yen mlaku
B. Dhik sing eling
lan waspada
C. Kowe kudu lila
D. Kembang mlathi ditandur ing pinggir kali
E. Gethuk goring rasane legi
25.
Pranatacara
anggone migunakake basa kudu migunkake basa sing bener, tegese ...
A. Basa rinengga
B. Basa kang dakik-dakik
C. Basa sing angel dimangerteni
D. Basa sing bisa dimangerteni dening sapa kang
mirengake.
E. Basa kang rucah.
26.
Bocah sing ora
duwe sedulur iku diarani ....
A. Panegak
B. Pambayun
C. Lola
D. Sukerta
E. Wuragil
27.
Wingi sore aku
budhal menyang Ngayogyakarta. Temtokna sing dadi Katrangan wektune....
A. Wingi sore
B. Budhal
C. Ngayogyakarta,
D. Aku
E. Menyang Ngayogyakarta
28. Dawa tangane tegese....
A. Seneng tetulung
B. Seneng njupuk barang kang dudu duweke
C. Seneng nyambut gawe
D. Seneng tumindak deksia
E. Seneng golek dhuwit
29.
Jembar segarane tegese
...
A. Pinter D. Drengki
B. Gedhe pangapurane E. Sumeh
C. Wicaksana
30. Dawa ususe tegese..
A. Sabar
B. Wasis
C. Sregep
D. Sumeh
E. Wegig
31.
Purwakanthi
kadadeyan saka tembung purwa sing duwe teges.. ....
A. Wusana D. Wiwitan
B. Wurung E. Widada
C. Wuyung
32.
Wong sing
pagaweyane nembang ana ing keseninan karawitan diarani ...
A. Dhalang D.Pradangga
B. Sindhen E. Wiyaga
C. Niyaga
33.
Angka penting
merupakan angka hasil ....
A. Taksiran D. Pengukuran
B. Pembulatan E.
Perkalian
C. Perkiraan
34.
Ana unen-unen
“nulung nanging banjur menthung” kuwi tegese apa ....
A. Rekane aweh pitulungan ananging malah gawe rekasa
awake dhewe
B. Rekane aweh
pitulungan banjur gawe reksa wong ding ditulung
C. Rekane nulung wong liya tanpa pamrih
D. Nulung ananging ora ngrampungi
E. Nulung ananging duwe pamrih.
35.
Wacanen tembang campursari ing Ngisor iki!
Mas..mas..mas aja
dipleroki
Mas..mas..mas aja dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngerti
cara
Aja ditinggal kapribaden
ketimuran
Mengko gek keri ing jaman
Mbok ya sing eling
Eling bab apa
Iku budaya
Pancene bener kandanmu
apa wos/isi tembang iki..
A. Nek
ana uwong aja dipleroki
B.
Seneng karo budaya
C.
Eling karo budaya jawa
D. Bener
nek budayakuwi keri ing jaman
E.
Dadi uwong kudu mesam-mesem.
36.
Dipleroki tegese..
A. Didelokake
B.
Diesemi
C.
Diguyoni
D. Ditangisi
E.
Dinesoni
37.
Menapa ingkang dipunmaksud budaya ketimuran?
A. Budaya
Aceh
B.
Budaya Padang
C.
Budaya Jawa
D. Budaya
Papua
E.
Budaya Nusa Tenggara Timur
38.
Cacahing gatra
saben sapada diarani ....
A. Guru lagu D. Guru gatra
B. Guru wilangan E.
Guru sastra
C. Guru Swara
39.
Tibaning swara
ing pungkasaning gatra diarani ....
A. Guru lagu D. Gur wilangan
B. Guru sastra E. Guru Swara
C. Guru gatra
40.
Pawarta sing
metune saben dina diarani ....
A. Kalawarti D. Kala-kala
B. Ariwarti E. Sambekala
C. Kalabandana
41.
Kang sinebut
satriya iku kudu duweni watak....
A. Ora wani ngadhepi mungsuh
B. Ora wani ngadhep wong kang tumindak ala
C. Ora wani marang bebaya
D. Wani marang wong tuwane
E. Wani ngadhepi kasunyatan
42.
Tembung
“gedhang”menawa dipehot wandane sing bener yaiku ...
A. Ged-hang D. Gedhang
B. G-edhang E. gedha-ng
C. Ge-dhang
43.
Tembung “langgam”
menawa dipehot wandane sing bener yaiku....
A. La-anggam
B. Langg-am
C. Lang-gam
D. Langga-am
E. Langga-m
44.
Saben wulan
barang-barang padha mundhak regane. Sing dadi jejer saka ukara kuwi yaiku ....
A. Saben wulan
B. Padha
C. Barang-barang
D. Mundhak
E. Regane
45.
Wong maca geguritan kuwi
kudu nggatekake 4W, yaiku .....
A. Wicara, Wirama, Wiraga, Wirasa
B. Wirama, wibawa,
Widada, Wirasa
C. Wibawa, Wicara,
Wiraga, WIrama
D. Wrama, wicara, wiraga, Widodo
E. Widada, wirama,
wicara, wiraga
46.
Sing diarani wirasa kuwi duwe sesambungan karo
.....
A. Cetha apa orane geguritan kang diwaca
B. Ekspresi nalika maca geguritan
C. Dhuwur cendhek
nada nalika maca geguritan
D.Tindak
tanduking badan nalika maca geguitan
E. Banter rindhike
swara nalika maca geguritan
47.
Sing diarani
wirama kuwi duwe sesambungan karo .....
A. Cetha apa orane
geguritan kang diwaca
B. Ekspresi nalika maca geguritan
C. Dhuwur cendhek
nada nalika maca geguritan
D. Tindak
tanduking badan nalika maca geguitan
E. Banter rindhike
swara nalika maca geguritan
48.
Sing diarani
wiraga kuwi duwe sesambungan karo .....
A. Cetha apa orane
geguritan kang diwaca
B. Ekspresi nalika maca geguritan
C. Dhuwur cendhek
nada nalika maca geguritan
D. Tindak
tanduking badan nalika maca geguitan
E. Banter rindhike
swara nalika maca geguritan
49.
?zebutBevJ|t\.
Ukara ing dhuwur padatan ditemokake ana ngendi ....
A.
Dalan kampung
B.
Dalan gedhe
C.
Dalan TOL
D.
Dalan sawah
E.
Dalan Buntu
50.
?[w=oslhbk[kS[lh.
Waosanipun inggih menika....
A.
Wong dalah bakal sèlèh
B.
Wang
seleh bakal salah
C.
Wong
salah bakal saloh
D.
Wong
salah bakal sèlèh
E.
Wang
salah bakal sèlèh
II. Jawablah Pertanyaan Berikut dengan Benar !
51.
Saben ukara ing basa jawa kuwi dumadi saka
Jejer, wasesa, lesan, lan katrangan. Coba temtokna Jejer, Wasesa, lesan lan
Katrangan saka ukara ing ngisor iki!
“Simbok angsak sega kuning ana pawon”
52. Pawarta kuwi digiyarake migunake basa kang
lugu/prasaja lan ora migunkake basa rinengga utawa basa kang endah kaya kang
digunake pranatacara. Kenapa pawarta digiyarake migunkake basa kang lugu?
53. Wacanen perangan pawarta ing ngisor iki kanthi
permati!
Presidhen Mantu
Bapak Ibu Joko Widodo netepi darmaning asepuh, ngomah-ngomahake
putra pembayun kang asma MAs Gibran antuk putrid Solo mbak Silvi. Kaleksanan
dina Kemis, tanggal 11 Juni 2015, mapan ana ing Saba Buwana kagungane pribadi.
Tata cara kang ginelar isih mligi mugunake tatacara dat Jawa, wiwit nembung,
paningsetan, midodareni, lan panggih.
Saka perangan pawarta ing
dhuwur, coba temtokna isining pawarta!
54. Sawijining bab sing padatan diwedharake lumantar media
cithak, media elektronik, siaran, internet
utawa kanthi lisan kang isine kabar anyar ngenani sawijining bab diarani…
55. Wacanen carita
pengalaman ing ngisor iki kanthi permati
!
LHA WONG BUMBUNE
Bengi iki aku jaga kamling karo Pak Wakhid
lan Pak Surip. Jabang bayi aku dingengehi bathang tikus wirog sing kari separo
karo sithole kucing kampung. Aku banjur mulih njupuk kresek trus bathang tikus
arep tak buwang. Jebul ing Pos Rondha Pak Wakhidlan Pak Surip lagi lungguh
mendelikki papan catur. Ing mburi pos rondha ana obong-obongan kayu dinggo
anget-angetan. Kresek isi tikus banjur tak sumpelke ana mawa kayu kono. Krungu
kresak-kresek Pak Wakhidpitakon ”Dingarengasik?”. Ndilalah ing njero geni
keprungu swara dhus, dhas, dhus. Wah gawat pikirku wong loro mau mesthi ngerti
sing takobong. TulungdhikPai, kaspeneolak-aliken, yen wis mateng gawanen mrene
wetengku selak kroncongan. Mak trata batiku ,jebul genine nggo mbakar pohung
wah yen konangan iso ajur awakku. Banjur aku
njupukkaspe sing paling gedhi katone wis empur. ”Wah gurih tenan kaspene.
”Ujare Pak Surip. Endi ora enak wong penyedhape sisane thole sikucing kampung
batinku. Aku ngadoh karo lambeku komat-kamit supaya diarani melu mangan.
PanjebarSemangat no. 48 tanggal 25
Nop 2000
Adhedhasar
carita pengalaman ing dhuwur, coba temtokna paraga carita (sapa), papan carita
(ana ngendi), lan kapan carita iki dumadi, lan kepriye kahanan ing carita iki
(kepriye)!
56. Wacanen Geguritan ing ngisor iki kanthi permati!
Pahlawanku
Dening : R.
Tantiningsih
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika.
Saka geguritan kanthi irah-irahan
“Pahlawanku” ing dhuwur, coba temtokna isinie geguritan iki!
57.
Paribasan yaiku
unen-unen sing duweni teges kang ngemu pitutur utawa piwulang. Apa tegese
paribasan “sapa sing nandur bakale ngundhuh”. Terangna kanthi cekak!
58.
Wong enom marang wong tuwa kuwi menawa micara
kudu migunakake basa sing trep. Coba gawenen pacelathon/percakapan panyuwunan
saka anak marang wong tuwane migunakake basa sing trep!
59. Ing jaman saiki ngrembakaning acara ing TV iku tansaya
akeh banget, ananging ora kabeh acara ing Tv iku bisa weneh tuntunan
satemah mung dadi tontonan. Sing becik
acara TV kuwi kudu bisa dadi tontonan lan tuntunan, coba andharna/terangna apa
tegese tontonan kang bisa dadi tuntunan!
60. Tulisen
ukara mawi aksara jawa iki, dadi aksara latin!
?[wo=zebutBklBev J|t\.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar