LATIHAN SOAL UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA TAHUN 2016 KELAS III SMK MUHAMMADIYAH 1 YOGYAKARTA
|
A.
Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi
nyukani tandha ( X ) ing wangsulan a, b, c, utawi d ingkang leres!
1. Supaya pakaryan sing abot bias dadi entheng,
ditindakake kanthi cara…
A. Ditandangi dhewe
B. Dirampungke dhewe
C. Diayahi dhewe
D. Gotong royong
E. Kongkonan wong liya
2. Rerukunan kuwi kudu lelandhesan ati..
A. Nelangsa
B. Prihatin
C. Owel
D. Lila
E. legawa
3. saben ana perkawa dirembug kanthi bebarengan, mula ana
ing masyarakat iku ora ana pasulayan. Kahanan kang kaya mengkono kuwi diarani..
A. rukun
B. cengkah
C. derdah
D. gijeh
E. horeg
4. Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani?
A. Brosur
B. Selebaran
C. Wara-wara
D. Sedhahan
E. lelayu
5. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang
utawa papan diarani…
A. Iklan
B. Brosur
C. Sayembara
D. Lelayu
E. Majalah
6. Unsur kang ambangun sesorah ana telu, apa wae….
A. Pambuka, panutup
B. Isi, panutup
C. Pambuka, isi
D. Pambuka, Panutup, isi
E.
Pambuka, isi, lan panutup
7. “Mekaten atur kula, mbok bilih anggen kula matur
kathah kelenta-kelentunipun, kirang subasita mboten
naming kulo nyadong sih
agunging samudra pangaksama.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb. “
ana ing sesorah, ukara ing ndhuwur dipunsebut….
A. Pambuka sesorah
B. Wigating atur
C. Pangajeng-ajeng
D. Atur penutup
E. Adangiyah
Wacanen sesorah ing nggisor
iki!!
Inggih amargi, para mudha samenika menawi
sampun rena dhateng samubarang ingkang nuwuhaken raos sekeca lajeng awrat
menawi nilaraken. Kawiwitan saking pepenginan kagem nyobi, kasambet faktor
kanca ingkang asring migunakaken satemah ndadosaken para mudha langkung celak
kaliyan narkoba. Prelu dipunmangertosi dening sinten kemawon mliginipun dhateng
para mudha minangka agul-aguling bangsa, bilih kanthi migunakaken narkoba menika
ateges nyelaki dhateng kasangsaran saha kacilakan, kadosta sumbering sesakit
fisik saha mental.
8. Sesorah ana ing dhuwur duweni tema apa…
A. Kasarasan
B. Pendidikan
C. Bencana alam
D. Agama
E. Gesang
9. Paraga sing kulinanae nyandra panganten iku disebut
apa..
A. Pranatacara
B. Tanggapwara
C. Tatcara
D. Adicara
E. upacara
10. panyandra tumrap perangane awak :idep yaiku..
A. nawon kemit
B. nudup turi
C. miji timun
D. nraju mas
E. tumenga ing tawang
11. Gugoh tuhon kang isis wewaler yaiku..
A. Aja dumeh ayu banjur kemayu
B. Aja turu sore kaki
C. Aja wani karo wong tuwa
D. Aja mangan brutu
E. Aja seneng udut
12. Pasemon minangka titihan panguwasing kang Maha kwasa..
A. Gajah
B. Panitis
C. Pangapit
D. Godheg
E. alis
13. Basa Jawa ragam krama inggil digunakake saka sapa
kanggo sapa….
A. Sepuh marang tiyang enem
B. Enem marang sapadhane
C. Bapak marang garwane
D. Enem marang tiyang sepuh
E. Enem kaliyan enem
14. “Bapak mangan sega goreng karo maca koran.”
Ukara ing dhuwur iki
menawa digawe nganggo karma sing bener kepriye…
A. Bapak mangan sekul goreng kaliyan maos koran
B. Bapak dhahar sekul goreng saha maca koran
C. Bapak dhahar sekul goreng karo maos koran
D. Bapak dhahar sekul goreng saha maos koran
E. Bapak maem sekul goreng saha maos koran
15. Bapak sampun .... kantor, nalika kula nembe ....
ukara ing dhuwur
isenana nganggo ukara sing pener..
A. Tindak lan adus
B. Lunga lan adus
C. Tindak lan siram
D. Muleh lan adus
E. Tindak lan gebyur
wacanen pacelathon ing dhuwur iki !
Sena : “Pak, menawi panjenengan sampun kondur saking
makarya, kula tumbaske buku nggih !”
Bapak : “ya le, mengko bapak tukokke !”
16. Aturipun Budi ingkang klentu wonten ing tembung….
A. Kondur
B. Makarya
C. Panjenengan
D. Tumbaske
E. Menawi
17. “Adhiku lagi mangan wonten kamar ananging kula dhahar
wonten meja.”
Tembung endi sing ora bener pangggone saka
ukara ing dhuwur….
A. Mangan
B. Dhahar
C. Meja
D. Ananging
E. lagi
18. Menawa nampa peparing saka wong liya kuwi becike
nganggo tangan tengen lan ngucapake…
A. Kula nuwun
B. Matur nuwun
C. Nywuwn pamit
D. Sembah nuwun
E. Nywun pangestu
19. Kabudayan jawa lan manca sejatine duwe pernah
dhewe-dhewe. Mula saka kuwi sing becik dienggo diguwang barang sing…
A. Pihuna
B. Ala
C. Cetha
D. Nyata
E. sampurna
20. mangan lan ngombe miturut kabudayan jawa sing becik
kudu…
A. karo ngadeg
B. mlaku-mlaku
C. sinambi omongan
D. karo turu
E. lungguh kang prayoga
21. managan ana ngarep lawang iku ora ilok amarga..
A. lawang iku akeh dhemite
B. hawane kepenak ing nggarep lawang
C. bias karo nyawang sing pada liwat
D. ngganggu wong sing padha liwat
E. rasane luwih enak mangan ana lawang.
22. Apa ancas/tujuane migunakake basa karma inggil iku…
A. Kangge ngurmati tiyang ingkang sepuh
B. Kangge sinau basa Jawi kanthi leres
C. Kangge mbudidaya basa Jawi
D. Kangge ngurmati marang sapadhane
E. Kangge nglestantunanken budaya.
Wacanen
pacelathon ing ggisor iki !
Pak Tejo : “menawi badhe
ngendika marang Pak Lurah, kedah ngginakaken basa jawi ragam krama inggil
menapa mboten?”
Pak Sri : “inggih Pak ! leres, amargi Pak Lurah menika
saking abdi dalem kraton”
23. Pacelathon ing dhuwur iki migunakake basa jawa ragam
apa….
A. Ngoko
B. Ngoko lugu
C. Krama madya
D. Krama inggil
E. Krama ndesa
24. Manahipun Bapak radi kuciwa amargi putranipun mboten
saged mbiyantu makarya.
Tembung manah lan makarya duwe teges….
A. Ati lan asil karya
B. Madosi kerja lan ati
C. Ati lan nyambut damel
D. Ati lan kasusahan
E. Ati lan pikiran
25. Simbah nembe tilem ing kamar amarga nandhang gerah
sampun dangu. Sanajan sampun ngombe obat taksih dereng waras.
Tembung sing kleru ing ukara kasebut, yaiku….
A. Tilem lan gerah
B. Gerah lan waras
C. Ngombe lan waras
D. Tilem lan ngombe
E. Sanajan an Taksih
26. Kejem, sombong,
ugungan, kumingsun, lembah manah, sumeh. Iku kalebu..
A. Paraga
B. Watak
C. Alur
D. Latar
E. amanat
27. kabeh wae duwe kuwajiban memayu hayuning…
A. bawana
B. kusuma
C. wanodya
D. wanita
E. bale wisma
28. Ana ing ngalas, wayah wengi, iku kalebu peranagane…
A. purusa
B. tema
C. watak
D. latar
E. pesen
29. (1) Atur puji syukur dhateng
Pangeran,
(2) Salam Pambuka,
(3) Atur Kasugengan,
(4) wedharing gati,
(5) panutup,
(6) atur nyuwun pangapunten
Cengkorongan medhar sabda sing bener yaiku….
a. 2-1-3-4-6-5
b. 2-3-1-6-4-5
c. 2-3-4-1-6-5
d. 2-4-1-3-6-5
e. 2-3-4-5-6-1
30. Urut-urutaning sesorah sakdurunge atur panutup yaiku….
A. Pangajeng-ajeng lan pangajak
B. Atur pambuka sesorah
C. Wigatining atur sesorah
D. Atur puji syukur lan panuwun
E. Pandonga
31. (1) Pambuka kanthi salam
(2) Pendahuluan ingkang sedkedikipun ngambaraken isi.
(3) Isi utawi materi sesorah kanthi cara sistematis : teges,
ancas, sasaran, rencana,langkah-kangkah lsp.
(4)Penutup (dudutan, pramayogi, salam panutup, lsp)
Kasusuna
kerangka sesorah ingkang sae, kanthi urut….
A.
1, 3, 2, 4
B.
2, 3, 4, 1
C.
1, 2, 3, 4
D.
3, 2, 1, 4
E.
2, 3, 4, 1
32. Saderangipun kita damel
sesorah kita kedah damel kerangka pokok
sesorah supados….
a. Gampil anggenipun damel sesorah
b. Gampil anggenipn ngapalaken sesorah
c. Gampil anggenipun maos sesorah
d. Gampil anggenipun bikak sesorah
e. Gampil anggenipun nemtokaken pirembagan.
33. Wacan ingkang kalebet cariyos narasi lan wosipun
nyariosaken prastawa kang dialami dening paraga kanthi urutan wektu tinamtu dipunsebut….
A. Cerkak
B. Sesorah
C. Wacana
D. Paragraf
E. Geguritan
34. Kabeh pepinginan iku bias kasembadan menawa anggone
nindakake kanthi cara
A. Ngati-ati
B. Grusa-grusu
C. Kesusu
D. Kebat kliwat
E. sumengka
35. ngati-ati bakale nir ing bilahi, wasapada nir ing
sambekala. Nir tegese, yaiku..
A. nemahi
B. uwal saka
C. antuk
D. oleh
E. nemu
36.
semaken gambar wayang ngisor iki!

Sapa jenenge paraga wayang ing dhuwur iki..
A. Gareng
B. Petruk
C. semar
37. unen-unen iku bacutna, prayitna bakale yuwana, lena
tumekaning...
A. panggonan
B. tujuan
C. sampurna
D. pralaya
E. wibawa
38. Cerkak kadadean saking kalih tembung inggih menika….
A. Cerita cekak
B. Cerita ngakak
C. Cerita mancak
D. Cerita cecak
E. Cerita Rancak
39. Unsur-unsur ingkang
mbangun teks sastra inggih menika….
A. Unsur intrinsik lan unsur internal
B. Unsur eksternal lan unsur ekstrinsik
C. Unsur ekstrinsik lan unsur alami
D. Unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik
E. Unsur langsung saha boten langsung.
40. Cariyos menika dipun perang dados kalih jinis, inggih
menika….
A. Nyata lan non fiksi
B. Non fiksi lan alamiah
C. Fiksi lan imajinasi
D. Fiksi lan non fiksi
E. Sastra lan non sastra
41. Unsur ingkang mbangun wonten ing salebeting cariyos
dipunsebut….
A. Unsur ekstrinsik
B. Unsur intrinsik
C. Unsur paraga
D. Latar belakang
E. Point of view
Wacanen wacan ing nggisor iki !
kanthi permati !
“lho, kowe sida arep lunga ta, Pur?” pitakonne embokne
Purwanti karo miyak kain minangka gantine lawang kamare Purwanti.
Purwanti ora enggal caos wangsulan.
Tangane ubeg ienggo mbenakake saperangan panggonan kangkawawas kurang pas
sapisan-pisan pandelengane manter ing salah sawijining kaca pangilon cilik kang
gumantung ing tembok kamar.
Kapethik saking : Djaka Lodang No. 09 28/
7/ 2012
42. Wacan ing nginggil menika gadhah piwulang menapa….
A. Menawi sekolahan prei menika ingkang leres mbiyantu
tiyang sepuhipun makarya
B. Dados siswa menika kedah sinau ingkang temenan sanajan
sekolahan menika prei
C. Menawi badhe tindakan luwih becik bilih pamit rumiyin
kaliyan tiyang sepuhipun
D. Putra menika kedhah njagi sopan-santun saha tata krama
kaliyan tiyang sepuhipun
E. Dados putra menika kedhah damel tiyang sepuh remen.
43. Inti utawi ide dhasar ing sawijining cariyos
dipunsebut….
A. Tema
B. Alut
C. Latar
D. Konflik
E. Paraga
Wacanen wacan ing nggisor iki !
Dina iki Purwanti ora mlebu sekolah
jalaran sekolahane prei. Ora kaya adat saben, janji wektu prei menawa tangi
esukrasane aras-arasen. Nanging beda karo kang ditindakake dening Purwanti
wektu iki. Dheweke tangi luwih gasik. Sawise adus banjur dandan kaya lumrahe
kenya remaja sing isih sekolah ana ing SMA.
Kapethik saking : Djaka Lodang No. 09 28/
7/ 2012
44. Ana ngendi setting/latar saka wacan ing dhuwur….
A. Sekolahipun Purwanti
B. Dalemipun Purwanti
C. Kamaripun Purwanti
D. Griya sakit
E. Kampungipun Purwanti
45. Papan panggonan,wektu lan budhaya ingkang pinangka
panggung kadadeyan wonten ing sajroning cariyos dipunsebut….
A. Penokohan
B. Alur
C. Setting
D. Amanat
E. Paraga
46. Lakuning cariyos
utawi urut-urutaning cariyos dipunwastani….
A. Tema
B. Setting
C. Alur
D.
Sudut pandang
E.
Paraga
47. Karakter utawi
sikep ingkang dpungadhahi saben paraga ing sajroning cariyos dipunsebut....
A.
Penokohan
B.
Watak
C.
Alur
D.
Setting
E.
Point of view
Kawaosa cariyos ing ngandhap menika
Dayane wong nyekel dhuwit, sanajan
kulinane ora tau njajan, kok banjur pengen tuku soto. Dhasare saka ngomah
durung klebon apa-apa. Mula aku banjur mampir warung soto. Andhok entekk rong
mangkok, isih tambah babat loro. Rasane jan nikmat tenanan. Linak lijo, lingga
lica, ngono kae.
Kapethik saking : Djaka Lodang No.07 2007
SUMIMPEN ING POJOK ATI
Dening : Tatiek Kalingga
Kanthi
ati kang krasa rinujit,
Kepengin
ndak rakit gurit,
Sanajan
krasa perih lan sakit,
Nyangga
panandhang kang kudu dilampahi.
Nggoleki
apa maknane saripati,
Yen
ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam
krasa panas bumi uga nangis,
Lan
amarah tan bisa diendhani,
Nanging
aku yakin isih ana sunar suci,
Sih
katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
Ing pojok ati
Uga
rasa tulus lan luhuring budi pekerti.
Donga
ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
47. Tanpa
kendhat nyuwun berkahing Gusti
Kang
dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku …
A.
Ati kang bungah
B.
Ati kang kelara-lara
C.
Rasa kang
mantep
D.
Ati kang kelegan
E.
Ati kang serakah
48. Wos surasane paragraf kapisan
yaiku …
A.
Gegambaran ati kang kelara-lara
B.
Ngerteni kahanan kang endah
C.
Tumindak kang
nalisir
D.
Donga marang Gusti
E.
Ora bisa kecukupan
49. Wos
surasane paragraf kapindho yaiku …
A.
Gegambaran ati kang kelara-lara
B.
Ngerteni kahanan kang endah
C.
Tumindak kang nalisir
D.
Donga marang Gusti
E.
Ora bisa kecukupan
50. Tegese
tembung ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba
jampi urip iki yaiku …
A. esuk
B. surup
C. awan
D. bengi
E. sore
51. Watakipun tokoh ‘aku’ wonten cariyos ing nginggil
menika yaiku….
A. Seneng tetulung
B. Mikir awakke dhewe
C. Gampang nesu
D. Kelalen
E. Pinter
52. Ingkang dipunarani geguritan inggih menika….
A. Puisi jawa modern kang kaiket kaya dene tembang
macapat lan duweni basa kang endah lan mentes
B. Puisi jawa modern kang kaiket kaya dene tembang
macapat kang basanipun baku lan mentes
C. Puisi jawa modern kang mboten kaiket kaya dene tembang
macapat kang basanipun baku lan mentes
D. Puisi jawa modern kang mboten kaiket kaya dene tembang
macapat lan duweni basa kang endah lan mentes
E. Satuggaling karya sastra ingkang gadhah paugeran
tartamtu.
Kawaosa geguritan ing ngandhap menika !
Ibu
Ibu......
Panjenengan wus ngandhut aku 9 wulan..
Panjenengan ngetohake nyawamu
Kanggo aku lair neng donya
Panjenengan wis ngrawat aku
Saengga aku bisa sekolah
Kanggo mujudake gegayuhanku
Kapethik saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
53. Tembung gegayuhan
ing geguritan, tegesipun….
A. Apa-apa kang njalari alangan
B. Apa-apa kang musna
C. Apa-apa kang didohi
D. Apa-apa kang dikarepake
E. Apa wae kang
ana ing donya
Kawaosa geguritan ing ngandhap menika !
Ibu......
Nek
aku lagi sedhih lan duwe masalah
Panjenengan
mesti maringi panglipur
Lan maringi saran kanggo ngrampungake masalahku
Ibu......
Jasamu ora bisa tak bales nganggo apa-apa
Nanging jasamu mung isa tak simpen neng
ati
Lan eling-eling saben dina
Kapethik
saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
54. Wosipun geguritan “ibu” ing nginggil menika yaiku….
A. Putra menika mboten saged mbales budinipun tiyang
sepuh sanajan kanthi menapa kemawon
B. Putra menika saged mbales budinipun tiyang sepuh
kanthi menapa kemawon kang dipunremeni
C. Tiyang sepuh menika ingkang maringi panggesangan
dhateng putranipun ngantos saklawase
D. Jasanipun tiyang sepuh menika namung saged dipun
simpen wonten manahipun putra
E. Dadi anak kuwi kudu isa ngerti marang wong tuwa.
55. Temanipun geguritan “ibu”, inggih menika….
A. Pendhidhikan
B. Kasarasan
C. Budi pekerti
D. Tetanen
E. Pasrawungan.
56. Nilai moral geguritan ‘ibu’ ing nginggil, inggih
menika….
A. Putra kedhah ngurmati saha ngajeni marang tiyang
sepuhipun
B. Putra menika namung saged nyuwun marang tiyang
sepuhipun
C. Tiyang sepuh menika mboten nyuwun balesan dhateng
putranipun
D. Tiyang sepuh menika namung remen bilih putranipun
migunani
E. Anak boten saged males kasaenanipun tiyang sepuh.
57.
?[w=oslhbk[kS[lh.
Waosanipun inggih menika....
A.
Wong dalah bakal sèlèh
B.
Wang
seleh bakal salah
C.
Wong
salah bakal saloh
D.
Wong
salah bakal sèlèh
E.
Wang
salah bakal sèlèh
58.
?zebutBevJ|t\.
Ukara ing nginggil menika adatipun kaserat ing ....
A.
Dalan kampung
B.
Dalan gedhe
C.
Dalan TOL
D.
Dalan sawah
E.
Dalan Buntu
59. Wong kang dipunsuwuni informasi lan
pitakenan-pitakenan wonten ing kegiyatan wawancara dipunwastani….
A. Pewawancara
B. Pambiwara
C. Narasumber
D. Reporter
E. Penyiar
Kawaosapawartos ing ngandhap menika !
Kutha Yogyakarta namane wus kuncara ing
sadengah papan. Kutha yogyakarta kalebu kutha perjuangan, pendhidhikan lan
budaya. Saben taun pisan pase tanggal 7 Oktober tansah dipengeti. Kanggo taun
2009 pengetan kaadani ing alun-alun balaikota Yogyakarta kanthi upacara mawa
busana Jawa Mataraman sing disepuhi dening walikota H.herry Zudianto
Pengetan 253 taun kutha yogyakarta kajaba
diadani upacara ing lingkungan pemkot Yogyakarta uga diadani pentas kesenian
ing kelurahan sawilayah kutha Yogyakarta.
Kapethik saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
60. Wosipun pawartos ing nginggil, inggih menika….
A. 7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi
upacara mawa busana Jawa
B. 7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi
upacara nglilingi kutha
C. 7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi
upacara agama
D. 7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi
upacara bendera
E. 7 Oktober 2009, Kutha Yogyakarta mengeti madege kutha kaping 253 taun kanthi
upacara kirab budaya.
61. Miturut pawartos ing nginggil inggih menika, kajaba
diadani upacara pengetan madege kutha yogyakarta uga diadani….
A. Konvoi sepedha motor
B. Pentas kesenian ing kelurahan
C. Arak-arakan sesajen
D. Arak-arakan kesenian
E. Jalan sehat saha senam masal.
62. Tembung kuncara wonten
ing wacan, nggadhahi artos….
A. Dipunremeni sanget
B. Misuwur banget
C. Maju sanget
D. Nyenengake sanget
E. Damel bungah
63. Karya jurnalistik ingkang sae inggih menika….
A. Aktual lan subjektif
B. Subjektif lan deduktif
C. Dangu lan informatif
D. Aktual lan objektif
E. Faktual saha subyektif
64. Karya jurnalistik kang ngemot pawartos kanthi apa
ananipun dipunsebut sikep….
A. Faktual
B. Subjektif
C. Objektif
D. Selektif
E. Orientatif
Kawaosa pawartos ing ngandhap menika !
Usaha kerajinan ukir watu ing Gunung kidul
wektu iki wus bangkit meneh saperlu nindhakake kegiyatane. Nadyan ing sawetara
wektu kepungkur usahane ngalami pepalang jalaran dumadine prahara lindhu gedhe.
Nanging saiki wis normal maneh. Kajaba bisa produksi meneh usaha kerajinan ukir
watu saka tlatah gunung kidul wus bisa dodolan sacara ekspor menyang
negara-negara Amerika, Singapura,
Australia, italy lan China.
Kapethik saking : Djaka Lodang N0. 31 2006
65. Wosipun pawartos ing nginggil inggih menika….
A. Usaha kerajinan ukur watu saking gunung kidul samsaya
surut lan ajeng bangkrut amargi mboten saged ekspor
B. Usaha kerajinan watu saking gunung kidul saiki wus
katon normal meneh jalaran nindhakake ekspor
C. Usaha kerajinan watu saking gunung kidul wus bangkit
meneh nadyan wektu kepungkur nandhang prahara lindu
D. Amerika, Singapura, Australia, italy lan China dados
negara importir saking kerajinan Gunung Kidul
E. Usaha kerajinan ing Gnung kidul wis kalah karo sektor pariwisatane.
Kawaosa artikel ing ngandhap menika!
Kesenisn musik Jawa kang katelah
campursari saiki tetela tansaya mekar lan ngrembaka. Ora mung neng kutha-kutha
ing Yogyakarta, Jawa Tengah, lan Jawa Timur, kang pancen papan panggone won
jawa, nanging uga nrabas tekan Jakarta,
Jawa Barat, Bali sartakutha-kutha ing Pulo Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, NTB,
NTT, Papua lan liyane, kang ing kono akeh sedulur Jawaurip bebara. Luwih saka
iku lagu-lagu campursari jebul uga padha disenengi ing tlatah mancakayata ing
Malaysia, Hongkong, timor Leste, Belanda lan Suriname.
Kapethik saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
66. Wosipun pawartos kasebut, inggih menika….
A. Kesenian musik Jawa,campursari saya suwe samsaya
mboten dipunremeni dening masyarakat
B. Kesenian musik Jawa, campursari saiki tansaya mekar
lan ngrembaka ing masyarakat
C. Kesenian musik Jawa, campursari saiki ngrambah ing
pulo-pulo Indonesia sanesipun
D. Kesenian musik Jawa, campursari saiki tansaya kathah
dipunpentasaken ing Jawa
E. Keseninan musik jawa, campursari saiki tansaya ora
diminati.
67. Temanipun artikel ing inggil, inggih menika….
A. Kasarasan
B. Pendhidhikan
C. Kesenian
D. Becana alam
E. Tamtama
Kawaosa
artikel ing ngandhap menika!
Kesenisn musik Jawa kang katelah
campursari saiki tetela tansaya mekar lan ngrembaka. Ora mung neng kutha-kutha
ing Yogyakarta, Jawa Tengah, lan Jawa Timur, kang pancen papan panggone won
jawa, nanging uga nrabas tekan Jakarta,
Jawa Barat, Bali sartakutha-kutha ing Pulo Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, NTB,
NTT, Papua
Kapethik saking Djaka Lodang No. 27 5/ 12/ 2009
68. Tembung
ngrembaka miturut ukara wonten artikel ing nginggil, nggadhahi artos inggih
menika….
A. Berkembang
B. Misuwur
C. Nguciwani
D. Nyenengake
E. Kondhang
Kawaosa
cariyos ing ngandhap menika!
Piye kuwi? Lali ana lali bojo, lali tangga
lali kanca, ha-ha-haa. Aku ngguyu batin dhewe. Prekara mblanja wong ngomahan
mengko tibo keri. Metu saka warung soto atiku nog-nig nog-nig, arep tuku apa
mneh iki? Aku banjur kelingan yen kertas HVS ku wis nipis. Bablas mampir toko
buku lan alat-alat tulise. Sire mung arep tuku kertas HVS sarim, bareng anu
mbrentek-mbrentek tuku apa-apa.
Kapethik saking : Djaka Lodang No.07 2007
69. Nilai moral wonten cariyos kasebut inggih menika….
A. Dados manungsa menika langkung sae nuruti
kapentinganipun piyambak runiyin tinimbang tiyang sanes
B. Dados manungsa menika kedhah mentingake kabetahan
ingkang utama rumiyin tinimbang sanesipun
C. Menawi gadhah arta langkung sae bilih dipunsisihaken
kangge sedekah marang sanesipun
D. Manungsa menika nggadhahi sikep ingkang sae lan luput,
pramila kedah ngatos-ngatos
E. Wong urip kuwi lumrah menawa duweni sipat lali
70. Wosipun cariyos ing nginggil, inggih menika….
70. Wosipun cariyos ing nginggil, inggih menika….
A. ‘Aku’ lagi mangan neng warung soto entek rong mangkok,
isih tambah babat loro
B. ‘Aku’ tuku kertas HVS sarim neng toko buku sisan tuku
alat-alat tulise kang dibutuhke
C. ‘Aku’ kang lagi dhuwe dhuwit banjur mblanjakake dhuwit
neng warung soto lan toko buku
D. ‘Aku’ tuku kertas HVS sarim, banjur mbrentek-mbrentek
tuku apa-apa neng toko buku
E. ‘Aku’ menyang tuku kertas HVS ananging ora nggawa
dhuwit.
B.
Kawangsulana pitakenan wonten ing ngandhap menika
kanthi cekak aos!
1. Wayang menika gadhah teges ingkang maneka warna.
Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung Ayang-ayang minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang
mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “WAyahe sembahYANG” ingkang tegesipun?
2. Kadamelna ukara panyuwun anak marang bapakipun kanthi
unggah-ungguh basa Jawi ingkang leres !
3. Ukara ing ngandhap menika dadosna ukara krama inggil !
a. Ibu lunga neng pasar tuku klambi karo jarik
b. Simbah lagi mangan sega lan ngombene teh panas
c. Bapak lunga menyang sawah arep nandur pari
d. Ibu lan bapak lagi wae menehke dhuwit dingo tuku
sepeda motor.
4. Ing adicara manten gagrag Ngayogyakarta Hadiningrat,
adicara menpa ingkang kaangep paling wigati utawi penting?
5. Coba kasebutna urut-urutanipun adicara penganten
gagarag Ngayogyakarta kanthi trep!
6. Menapa ancasipun adicara siraman tumrap calon
panganten menika?
7. Menapa tegesipun paribasan ing anhap menika.
Sapa
sing nandur bakal ngundhuh
8. Tulisen paribasan menika ngginakaken aksara jawa
“Adigang, Adigung,
Adiguna
9. Tulisen paribasan menika ngginakaken aksara jawa
“sadhumuk bathuk
sanyari bumi’
10. Apa tegese paribasan ing Ngisor iki.
a.
Sapa sing nandur bakal ngundhuh
b.
Anak polah bapak kepradah
11. Paraga
wayang ing ngisor iki diarani Pandhawa lima.
Coba sebutna jenenge para paraga pandhawa kuwi urut
saka ngarep!
12. Nalika
panggih penganten utawa kirab temanten tumuju sasana rinengga utawi pelaminan.
Padatan pranatacara bisa nyandra lakuning acara prosesi adat, tuladhanipun
nalika prosesi balangan gantal, ranupada, sungkeman lan liya-liyane. Apa kang
diarani panyandra iku?terangna kanthi cetha!
13. Wacanen aksara jawa ing ngisor iki, banjur saline
nganggo kasara latin!
?sugihtnPbnD,mn=tnPz[so/rke.
14. Tulisen ukara ing ngisor iki migunakake aksara jawa
“memayu hayuning
bawana”
15. Jaman saiki
kuwi wus kalebu jaman modern
lan uga bisa diarani jaman globalisasi. Akeh budaya manca sing mlebu ing
budayane dhewe, satemah budaya asli jawa tansaya suwe malah tansaya ilang.
Minangka generasi muda, kepriye carane supaya budaya asli jawa kuwi tetep bisa
lestari ing jaman globalisasi iki! terangna
miturut awakmu dhewe!