Rabu, 22 Juni 2016

CERKAK: KIDUNG ERENG-ERENG MERAPI







KIDUNG ERENG-ERENG MERAPI

“kula tampi nikah lan kawinipun Widiastuti binti Suparno kanthi mas kawin Saprangkat piranti sholat dipunbayar kenceng”kandane Ahman kanthi mantep sinaosa dleweran kringete.
“sah..sah..sah?”ngendikane Pak Naib dhateng para rawuh sing padha nyekseni ijab qobul awan kuwi.
“sah”para rawuh mangusuli pitakonane pak penghulu bareng-bareng.
“alhamdulilahirobilalamin”ngendikane Pak Naib banjur diterusake donga bareng. Ora liya yaiku dongakake temanten sarimbit, yaiku Ahman santosa sing wus kelakon sah dhaup klawan putri ragile Pak Suparno sing mapan ana ing sawetan pasar Muntilan.
Sabanjure, sabubare  acara ijab qobul kaleksanan, banjur para tamu sing padha rawuh nuli padha jawat asta kanggo sarana paring donga pangestu kanggo temanten sarimbit. Siji mbaka siji padha tumuju sasana rinengga, padha ngaturake donga rahayu lan uga padha salam-salaman andum kabagyan sing uga cetha sumunar saka pasuryane Ahman lan bojo anayare yaiku Widi. Kekarone katon mesam-mesem tanda bungah ing ati kang  tanpa pepindhan. Apa maneh Ahman katon banget bungahe, wasana bisa palakrama, sianosa rada kasep ing umur 32 taun iki. Sedhela kumlebat lelakon sing dumadi rikala semana. Carita karo wanita-wanita sing wis tau nyidra lan ninggalake Ahman rabi karo priya liya. Awit saka lelakon-lelakon kuwi mau, Ahman dadi keweDen, mengko gek..gek bakal nglakoni maneh lelakon sing kepungkur  kuwi mau sing marake ngrantes, ananging ndilalah sing jenengane wae jodho. Ndilalah bisa ketemu karo Kenya ayu sing jenengane Widiastuti, putri saka muntilan sing pakaryane saben dina mulang ing salah sawijining Sekolah Menengah Kejuruan Negeri ing jogja.
Cekak ceritane Ahman kuwi mau tepunga Widi sarana kancane Ahman sing menehake nomer telepone Ahman kuwi marang Widi. Kabeh cerita iki dumadi jalaran ing wanci kuwi Listrik ing kontrakane Widi dumadakan mati amarga sekeringe pedhot. Banjur Ahman sing saben dina pakaryane ing PLN kuwi mau oleh bel dijaluki tulung mbenakake Sekring sing panggonane Widi, ndilalah kok iya kepeneran ora mung bisa nyambung listrik sing pedhot ananging bisa nyambung carita karo putrine Mantan Lurah ana Muntilan kuwi mau.
“mas..mas..kok ngalamun lho”kandane Widi karo njawil Ahman karo mesem.
“ehh..ehh..iya dhik..anu..iki mau” gragapan Ahman tangi saka anggone ngalamun ngeling-eling kadadeyan jaman semana.
“ayo mas gek kondur, tamune wis entek. Aku iya uwis sayah Mas ” kandane Widi karo mesem semu isin nuli nggandheng tangane Priya lencir kuning brengos tipis kuwi.
Ahman ora semaur apa-apa, amung nurut Kenya sing nggandheng tangane kuwi mau. Lakune tumuju omah joglo sing terase kuwi mau isih kebak kembang-kembang sing ngganda arum, Gandane angambar kayaa ambune manten anyar sing isih luber ing katresnan lan rasa asih ing siji lan sijine. Kekarone banjur lumebu ing omah joglo kuwi mau, sabanjure lumaku mlebu banjur menggok manengen wus tumeka ing sangarepe kamar sing isih dikunci.
“mbok..mbok..mbok sarti” Widi bengok-bengok ceceluk.
“enggih Den,wonten napa Den?”wangsulane  wanita sin umure kira-kira seketan taun kuwi, isih nganggo mbayak kuthu baru, lan sanggulane wis pating semboyot awit kawit mau wira-wiri reresik omah sak bubare acara pahargyan temanten kuwi.
“kunci kamarku simbok beta boten?aku arep ngaso mbok, sayah”Kandane Widi karo wanita sing wis ngrumat Widiastuti saka cilik,nganti tekan semene gedhene. Amarga kawit Widi umur limang taun ibune wus tilar donya amarga nandhang Gerah kangker, dadi iya mbok Sarti kuwi sing  ngupakara Widi.
“ouh..niki kula sing mbeta Den”ature Mbok Sarti karo ngaturke kunci lawang marang kenya alus lan ayu ing sangarepe kuwi mau.
Ceklek..ceklek.ceklek..ora ana swara liya kang keprungu kejaba swara lawang sing dibukak. Sawise binuka lawang kuwi mau banur katon isining kamar sing jembar lan isih kebak kembang-kembang sing gawe arum papan ngasone penganten. Dipane jembar lan gadhe, digawe saka kayu jati. Kabeh kawale warna putih resik, gawe sengsem sapa wae kang nyawang. Uga katon foto-foto temanten sarimbit nalika sak durunge sah minangka garwa, uga sawernaning seserahan uga katon tinata tharik-tharik ana sajroning kamar kuwi mau.
“Den Widi, Den Ahman kula tak teng wingking rumiyin mangke ndak nganggu”kandane mbok Sarti karo nengenges nyawang Ahman lan Widi banjur lumaku rikat tumuju mburi sajake arep ngrampungke gawean.
“cleguk..cleguk”keprungu swara idu sing lumaku ana sanjero Gulune Ahman keprungu ature mbok Sarti, gek nganggu apa..wong sajake kepenak nek uwong akeh, rame ora nyenyet kaya ngene. Apa iya tumon kamar gedhe semen ming arep diisi wong loro. Ape meneh iki karo wong wadon. Astagfirullah mengko nek dumadi bab-bab sing ora-ora banjur kepiye, mengko gek..gek..waduh blaik..pikirane Ahman malah wus tekan ngendi-ngendi.
“Mas..Mas,..Mas Ahman”kandane Widi karo mesem banjur njiwit irunge Ahman.
“eh dhik Widi..kaget aku”kandake Ahman bali tangi maneh saka pangangen angene sing wus kumleyang tekan ngendi-ngendi kuwi mau.
“surup-surup ora apik menawa ngalamun ana ngarep lawang kamar mas..apa maneh tumrap manten anyar”ature Widi ana tansaya caket karo Ahman. Sanalika otot bebayune Ahman malah kaya dilolosi, lemes kaya kaya ilang dayane amarga lagi pisan kuwi ana wanita sing micara nganti caket banget karo slirane. Prasaat malah dadi mrinding wulu githoke kaya bar keweden wewe, ning iki seje sebab musababe, iki ora kaweden ananging malah kepiye ya..malah angel anggone nggambarake. Prasasat kaya ana swara saka swarga sing lumebu ana talingane si Ahman, sing gawe ora daya kabeh wadag badane.
“banjur menawa surup ngene iki apike apa sing ditindakake dhik”kandane Ahman mesem banjur nyiwel gemes Kenya ayu ing sangarepe.
“eh”mung sawara kuwi singn kawetu saka lathine Ahman nalika bojone nggeret Ahman tumuju Kamar sing kebak wewangen sewu sekar kuwi mau. Embuh kena ngapa Widi sing padatan solah bawane isinan kuwi mau kuwi mau dumadakan dadi kenes lan sajak kepiye ngono, embuh amarga hawa sing tansaya adhem ing ereng-ereng merapi kuwi mau, utawa karana udan grimis rintik-rintik cilik sing wiwit tumiba ing wayah sing wis ngancik surya  lintir saka papane lan wus gumanti candra sing wus jumedhul ing sisih wetan, utawa krana wus dadi garwane Ahman banjur bisa malih kapribadene Kenya sing pakulitane sawo mateng kuwi mau. Ah embuh, saps ing ngerti, sajroning segara isih jero atining wanita.
“kreeeeketttttttt,,….jegleg”lawang banjur ditutup saka njero.  Banjur keprungu swara lawang kang dikancing.  sajake sing ana njero temenan ora kepengin diganggu. Menit gumanti karo menit, jam gumanti karo jam, tetep wae lawang jati ing kamare Widiastuti kuwi ora owah. Nganti wektu wengi kuwi wus gumanti wayah kang dikenthong kluruke Jago wareng ana saburine omah kang dadi sasmita menawa esuk wus tumeka.
“Mbok..mbok Sarti”kaperungu swarane priyayi kakung sing kena dititik seka suwarane wus yuswa.
“Wonten dhawuh Ndoro?”wangsulane mbok Sarti nyaket Pak Suparno.
“emm..anu mbok..apa iya Widi karo mantuku iya durung tangi”ngendikane pak Suparno ndangu Mbok Sarti.
“kadose lawangipun tasih minep rapet niku ndoro”wangsulane Mbok sarti karo ngampet mesem.
“weleh..ora sabene Widi jam semene durung tangi, iki nak iya uwis jam setengah pitu ta mbok?”ngendikane mantan Lurah muntilan kuwi mau karo ngunjuk teh ana ing sangarepe sing wus dicawisake Mbok Sarti kawit mau.
“halah ndoro niku kados mboten ngertos kemawon kados menapa manten enggal”ature mbok sarti mangsuli pitakone bendarane karo isih ngampet guyu.
“hehehe..iya..iya..iya..aku malah lali menawa anaku kuwi nembe wae dak rabekake ya mbok”keselak-selak anggone ngunjuk teh anget amarga banjur gumuyu kelingan laline dhewe menawa lagi wingi kuwi putri kenyane kuwi nembe wae dirabekake karo Jaka saka Jogja.
“maklum mbok..uwis tuwa..akeh laline”ujare Pak suparno priyayi sing gagah gedhe, sing kondhang juraga mbako paling gedhe ing wewengkon kono.
“lha menika ndoro ingkang Den Widi”ature mbok Sarti sing weruh Widi lumaku tumuju jedhing.
“ndhuk..gendhuk..mrenea”ngendikane Pak Supar nimbali putrine. Sing diundang banjur ora sida tumuju jedhing, andhuk lan klambi ganti sing digawa mau banjur diselhake ana meja.
“wonten menapa pak?”pitakone Widi marang bapakne kuwi mau.
“mengko sak uwise adus, bojomu kon nemoni aku, ana rembug sing kudu dak kandakake”ngendikane Pak Supar karo wiwit ngempak mbako sing diwenehake ana pipa saka gadhing kuwi.
“lha wonten wigati menapa ta pak?sajake kok penting sanget”Widi sing durung ngerti dhodhok selehe perkara isih bingung. Sajak wedi ana bab kang dumadi, aja-aja perkarane bojone sing dudu wong sugih kuwi dadi perkara maneh. Amarga sak durunge bapakne sarujuk karo Ahman, pancen perkaka kuwi sing dadi pepalang anggone Widi arep oleh Mas Ahman. Ananging Widi kasil gawe Bapakne percaya menawa Ahman kuwi sinosa mung wong prasaja, ananging duwe rasa tanggung jawab minangka wong lanang lan duwe rasa tresna sejati marang dheweke lan uga rila ngalkkoni apa wae supaya Pak Suparno kuwi gelem nampa dheweke minangka mantu, ora kaya wong lanang liya sing mung ngarep-arep bandhane Widi saka warisane bapakne.
“boten perkawis bab kawontenenipun Mas Ahman ta pak?bapak inggih sampun pirsa piyambak ta..Bapak”ature Widi rada kuciwa sing katon saka netrane sing wus wiwit kumembeng luh kang sumadya tetes.
“udu..udu ndhuk cah ayu..iki ora ana gandheng cenenege karo kuwi kabeh. Tentremna pikirm, Bapak uwis percaya karo kowe menawa Ahman kuwi priya sing apik lan pancen tresna temenan karo kowe. Bapak wis nyekseni dhewe kaya ngapa labuh labete Ahman. Bapak ora bakal tegel njugarake rasa kabgayanmu karo Ahman ndhuk, amarga kabagyanmu iku uga kabagyane Bapak”ngendikane Pak Supar karo ngelus-elus rambute Kenya ayu sing sumendhe ana pundhake, katon arep nangis anangin mung kamisesegen ora sida tumetes eluhe amarga wus diusap nganggo tangane dhewe.
“wis pokoke mengko bojomu kok aturi nemoni bapak ana teras ngarepan. Wus kana iki wus ngancik awan. Age-age”ngendikane Pak Supar ndhawhi putrine.
Sing didhawuhi uga age-age tumuju kamare maneh saperlu arep matur karo garwane bab sing wus diwedharake karo bapakne kuwi mau. Anggone mlaku rikat karo cincing daster kang dianggo, saperlu luwih cepet anggone tekan kamare. Swasana omah sing winggi bubar wae kanggo pahargayna kuwi isih kebak bekakas kang durung  tinata, kayata meja, kursi lan piring kang malusin-lusin kuwi isih durung ana papane. Gawe lakune Widiastuti tansaya suwe amrga kudu ngliwati tumpukan-tumpukan bekakas kuwi mau.
“Mas..Mas”swarane Widiastuti ndodhog lawang, ananging sing ana njero durung ana wangsulan. Suwe lawang kuwi mau didhodhok tetep wae durung ana wangsulan saka njero. Kaya-kaya wanci awan kuwi mau bojone sajak isih keturon. Amarga kekeselen sajake kawit wingi ora bisa turu nganti tekan esuk. Mangkono pamikire Widi. Banur handphone sing ana sak dastere kuwi mau nuli dijupuk banjur unak-unik mejeti handphone kuwi mau.
“ana apa dhik?”swarane sing lanang keprungu saka Handphone kuwi mau.
“mas tulung lawange dibukak, aku arep mlebu. Ana bab sing penting”kandane Widi sajak kesusu anggone omong.
“isih kurang pa dhik, kok sajak kesusu”swarane Ahman karo mesem sajak nggodha bojo anyare kuwi mau.
“mas kuwi ora sembrono, iki aku oleh dhawuh saka bapak, cepet dibukak lawange.cepet!”wangsulanae sajak wigati banget
Lawang nuli dibukak, katon saka sandhing lawang pasuryane Ahamn sing katon pucet. Angger-angger ana bab sing ana sambung rapete karo maratuwane kuwi mau mung tansah gawe ciyut atine Ahman. Dheweke isih kelingan jaman semono nalika dionek-oneke karo calon maratuwane kuwi amarga wani-wanine nyedhaki anak prawane kuwi. Apa maneh Ahman sing awake ora patio gedhe lan dhuwur kuwi tansaya mengkeret disuwarani Pak Suparno sing gagah pideksa kaya Werkudara. Menawa nesu-nesu prasasat langit kebak gludug, panting jleger ora karuanmesthi wae kimpes kaya krupuk kaclup banyu wewujudane Ahman nalika Semana.
“bapak ngendika apa dhik?”pitakonen Ahman keweden karo nyuwelake sarung kotak-kotak sing dianggo kuwi.
“Mas didhawuhi sowan bapak saiki!”kandane Widi lirih sajak rada wedi.
“ouh yoh aku tak mbrono, ana ngendi bapak saiki?”Ahman mlebu banjur nyaut klambi ana walik lawang.
“mas..ya siram dhisik ta ya, apa iya tumon sowan ambune kecute kaya ngono, apa maneh Mas Ahman ndak iya bubar…emhh”jare Widi isin karo ngondheli sarunge Ahman.
“hehehe iya, mas lali dhik”cengenegesan Ahman banjur tumuju jedhing nuli adus.
Sakbudhale Ahman menyang jedhing saperlu adus, Widi uga budhal tumuju pawon saperlu olah-olah kanggo bojo lan bapakne. Ana kono wis ana Mbok Sarti sing wus wiwit oncek-oncek bawang, brambang uga bumbu-bumbu liyane. Ana pojokan pawon kuwi luweng sing digunakake kanggo nggodhog wedang uga wus kemebul nyambut gawe sajak kena dikongkon. Lan uga anglo wis didadeni karo Mbok Sarti kawit mau. Swasana awan sing padahang tanpa mendhung kuwi tansaya gawe adreng anggone olah-olah Widi Kenya ayu sing nembe wae digarwa wong yogja kuwi, katon seneng anggone olah-olah, kaya-kaya kepengin tenan ngladeni garwane kanthi sak apik-apike, lan kepengen gawe sengsen Ahman kanthi sarana asil anggone olah-olah.
“mbok lomponge apa iya uwi dikumbah mbok?’pitakone Widi karo simboke kuwi.
“sampun Den, niku kula etus teng tambir”wangsulane mbok sarti karo ngguleg bumbu-bumbu.
“matur nuwun nggih mbok, yen ora ana simbok apa dadine omah iki”dumadakan Widi kanda kaya mengkono kuwi mau karo sumendhe ana pundhake Mbok Sarti.
“niki pun dados prasetya kula kaliyan almarhumah Ibu Den, bilih kula sing badhe ngrumat Den Widi lan Griya menika”wangsulane Mbok Sarti karo ngusap eluh kelingan jaman semana sak durunge Ibune Widi tilar donya.
“Kira-kira Ibu seneng apa ora ya mbok saiki ngerteni aku wis sida palakrama karo mas Ahman”swarane Widi lirih.
“ya temtu wae seneng ta Den, Den Ahman priyayaine prasaja, ora kakehan polah, sregep ngibadah, sopan. Ora kaya kanca-kancane Den Widi jaman biyen. Senengane pecicilan,katon seka polahe. Ming kula ajrih ajeng matur kalih Den Widi rikala semanten. Sithik-sithik kongkonan, end sing kon ngaweke wedang kopi, njaluk madang,assshh jan jare wong sugih mbelegedhu kok iya tegel njaluk badogan”wangsulane Mbok Sarti ngetokakae uneg-unege.
“iya ya mbok, alhamdulilah banget aku bisa  dadi garwane Mas Ahman” Widi mesam-mesem dhewe kelingan lalkon kapungkur
“ Wis mbok dibacutake anggone olah-oleh. Supaya mengko menawa Bapak karo Mas Ahman kondur seka kebon anggone olah-olah wis rampung”kandane widi nuli ngrajang lompong ana tambir kuei mau, banjur diolah osneg-oseng. Anggone olah-olah Widi katon prigel, wus akton saka meanawa saben dianane Widi mesthi olah-olah ana pawon, lan uga kuwi kabeh asil dhidhikane Mbok Sarti sing kondhang enak menawa olah-olah. Mula tumon menawa Olah-olahane widi uga enak lan bisa nguwasani sawernaning masakan jawa.
“enggih Den ayu”wangsulane Mbok Sarti banjur tansaya ingkul anggone nganggsa bumbu sing ambune wis tekan ngendi-ngendi, nocog irunge sapa wae sing kambon gandane bumbu osng-oseng sing digangsa.
Ana kebon mbako ing ereng-ereng sisih kidul Gunung Merapi sing gagah ngadeg sesandingan karo Merbabu kuwi mau katon wong lanang cacah loro padha niti priksa kebonan. Kekarone nuruti dawane galengan kebon sing ora umum dawane. Tanduran mbako sing wus wiwit ngembang kuwi katon ijo royo-royo gawe resep sapa wae sing mriksani, apa maneh hawa kang kenpenak, adhem ananging ora adhem banget lan uga keprungu swara kalen cilik sing kemricik ing pojok kebonan kuwi uga gawe swasana dadi tansaya kepenak kanggone sapa wae sing mapan ana wewengkon sakiwa tengen kono.
“Pak, menika sampun rampung anggenipun ngrabuk” kandane salah sawijining  buruh tani karo Pak Supar
“ouh iya man, matur nuwun banget ya. Ngaso-ngaso dhisik man”wangsulane Pak Supar. Ahman Mung mesam mesem kecut ora wani nyuwara kepriye-kepriye. Ana batine sarwo gronjal lan keweDen. Wus kepikiran aja-aja mbesuke Ahman dikongkon maculi kebonan mbako semene jembare. Waduh cilaka bisa semaput manggon yen carane mangkono. Nyekel garan pacul wae ora luwes, apa maneh mengko bakal dikongkon maculi kebonan sing jembare ora umum kuwi maneh. Pikirane Ahman wis ngumbara tekan ngendi-ngendi.
“Man kana kanca-kanca liyane dikongkon ngaso dhisik menawa gaweyane wis rampung”ngendikane Pak Supar karo buruh tani kuwi mau.
“nggih pak. Mangga Den”ature buruh kuwi mau uga manthuk pamitan karo Ahman.
“Nak Ahman, kowe ngerti pora?”Pak Supar miwiti pacelahon karo mantu anyare.
“ka..kados pundi pak?”wangsulane Ahman semu kethathelen amarga kaget campur wedi anggone micara.
“aku biyen kuwi iya ming padha karo Giman buruh tani mbako kuwi mau. Ora duwe apa-apa. Ananging aku ora gelem ngalah karo kahanan. Kabeh panganggone jenate ibune Widi kae kelakon tak dol kanggo tuku winih mbako. Tak sebar winih kuwi mau ana lemah warisane simbahmu biyen. Ndilalah kersane Gusti sithik mbaka sithik anggonku tandur Mbako bisa kasil nganti bisa nglelang lemahe tangga lan wusanane uga bisa nyalon dadi Lurah lan oleh lemah pelungguh iki”kandane pak Supar karo nitipriksa tanduran mbako ana cedhake. Dimatake tenanan wit mbako kuwi kanthi permati. Sing diajak rembugan mung meneng sinambi umak-umik arep mangsuli ananging isih bingung arep omong apa.
“Mbako iki telungpuluh lima dina meneh wis wiwit bisa dipanen”kandane Pak Supar sabubare nyawang godhong mabako ana sakanan keringe.
“enggih pak”kandane Ahman ngiyani ngendikane Maratuwane lan ngetutake lakune maratuwane.
“ananging sinaosa kurang delet meneh anggone Panen tanduran iki, isih akeh proses sing kudu ditindakake kanggo nggundhuh asile. Isih dipethiki godhonge, Ana sing kwalitase apik kuwi uga kudu dipriksa kanthi permati karo uwong sing pancen ahli mbako, banjur dipisah karo mbako-mbako sing dipangan omo,  dirajang, banjur dipepe maneh. Nah!, saka kono lagi bisa ditemtokake kwalitase mbako iki mau. Mengko nek kwalitase apik bisa payu larang, amarga rasane uga pancen enak. Ananging sing kwalitase elek iya paling mung didol ombyokan ning pasar. Ajine ora sepiro. Kowe mudeng?”mengkono andharane Pak Supar dhawa banjur ndangu mantune
“kersanipun bapak?”Ahman isih durung ngerti dununge pirembugan apa sing dikarepake Maratuwane. Sak ngertine dheweke saka ceritane Widi, pancen kaya mengkono carane panen mbako. Awit sak durunge rabi Ahman asring takon bab mbako lan sapiturute. Dadi sithik akeh Ahman mangerteni kepriye cara ngrumat lan cara panen mbaku kuwi mau.
“Uwong kuwi uga akeh cacahe, ananging sing kwalitase apik iku sewu siji. Dibutuhake cara kanggo miji lan nyeleksi uwong-uwong kuwi mau, supaya dak temokakae pawongan sing paling apik lan berkwalitas super kanggo Putri sing paling dak tresnani”mengkono kandane Pak Supar karo lumaku ninggalake Ahman sing isih plenggongan keprungu ngendikane maratuwane.
“Pak..Pak..nuwun sewu pak, kula dereng paham”ature Ahman karo nyaketi Bapak Maratuwane kuwi mau.
“sepuranen aku Nak Ahman menawa sak suwene iki aku kuwi sok nggetak-nggetak kowe, akon-akon kowe maculi kebonan kene iki, ngguyang sapi, angon wedhus, lan sapiturute. Wuwi mau iya mung caraku kanggo ngerteni sepira gedhene rasa tresnamu marang Widi” kandane Pak Suparno karo mesem karo Ahman.
“dados?”Ahaman wus rada mangerti larah-larahe cerita kang dumadi jaman semana. Nalika dheweke kaya dadi bature Pak Supar sasuwne sesasi.
“iya Nak, aku mung njajal kowe. Kabeh kanca-kancane Widi uga tak jajal padha karo kowe. Ananging ana sing ming sedina rong dina, uga ana ming sing jam-jaman wae wus oncat saka muntilan kene. Amarga ora kuat ngerkasa. Geneya kowe kuwi bisa ngliwati…eemhh nek cah sekolah bisa diarani sawernaning ujian..hahahaha”Pak Supar ngguyu kelingan lelakone Ahman jaman semana.
“kowe pancen bocah apik Nak, wani ngerkasa kanggo wong sing pancen kok tresnani. Aku ngerti kuwi. Mula aku ikhlas menehake Putriku lan kebonan mbako iki karo kowe!”kandane Pak Supar marang Mantune.
“waduh pak kula boten sagah menawi dikengken maculi kebon semanten ambane. Estu pak” Ahman dumadakan mangsuli kaya mangkono, amarga wedi menawa kudu pijet saben dina amarga kekeselen maculi kebonan kang jembare udakara rong hektar kuwi.
“hahahahaha…sapa sing akon kowe maculi kebon iki meneh Nak, aku menehke kebonan iki sak isine karo kowe. Pertinen kabeh, iya kuwi kalebu kamulyanen para buruh, tandurane, lemahe, penen lan sak tekane kirim mbako tekan pabrik pokoke sak kabehe. Saiki iki dhuwekmu. Bapak wis tuwa, wis kesel menawa kudu ngrembug kuwi kabeh. Mula bapak mung kepengen lungguh ning ngomah karo momong putu.”mengkono andharane Pak Supar sing rada bisa gawe tentrem atine Ahman.
“Bapak sampun yakin badhe maringaken sedaya menika kangge kula?bapak boten ajrih bilih kula mangke saged njugrugaken sedaya ingkang sampun bapak bangun wiwit alit dumugi sakmenika?”Ahman nanjihke apa kang diandharake bapakne mau.
“Akuu percaya karo kowe Nak Ahman.”wangsulane Pak Supar karo mesem
“inggih pak, ananging…”Durung rampung anggone Wangsulan Pak Supar wus nggethok omongane Ahman
“wis ayo gek mulih, aku wis ngeleh”kandane Pak Supar banjur lumaku tumuju mobil sing wis diparkir ana pojok ratan kuwi.
Kekarone banjur lumebu mobil abang sing cet e isih anyir griss durung ana tatune babar blas. Mesin banjur diurupake, jan kaya-kaya ora ana swarane sinaosa body mobil kuwi mau gedhe, ananging alus swara mesine. Pedal gas banjur dipinyak Dening Ahman, kaya dipecut mbil kuwi mau banjur lumaku tumuju Daleme Pak Suparno ing Sawetan Pasar Muntilan. Ing sasuwene dalan kuwi mau Ahman isih durung percaya karo apa sing nembe wae dilakoni Denning dheweke. Ora ngimpi babar pisan bakal nampa kanugrahan sing semene gedhene. Wis oleh purti ayu saka Muntilan uga diwenehi kapercayan ngrembug kebon mbako kang semana jembare. Man Ahman kowe kuwi wong lanang kang paling begja sak donya.
Mobil abang kuwi banjur lumebu gerbang kang dibuakake karo Mbok Sarti. Mobil kuwi banjur dileboke Garasi sing mapan ing sisih wetan omah. Dhasar Mobil isih nayar mulane Ahman anggone nggawa iya ngati-ati banget. Wedi mengkone gawe lecet utawa tatu.
“Pak dhaharanipuns aampun sumadya wonten meja”ature Mbok Sarti karo bendarane.
Pak Supar banjur tumuju mlebu ana sajroning omah, saperlu arep dhahar siang. “ Nak Ahman, ayo gek age-age rolasan dhisik”ngendikane Pak Suparno karo Ahman sing nembe katon metu saka sopiran mobil abang kuwi.
“kula tak sholat luhur sekedhap pak”wangsulane Ahman karo nutup lawang mobil kuwi mau, banjur lumaku tumuju langgar cilik ing saelorl omah joglo kuwi mau.
Langgar cilik kuwi mau pancen dibangun ana ing pojok joglo kuwi mau, papane caket karo blumbang iwak grameh. Iwake wus katon gedhe-gedhe, ana kang ukurane wus sak tepas. Grameh kuwi mau mung dipakani godhong lompong sing thukul ana sakiwa tengene blumbang kuwi mau. Menawa godhong lompong kuwi mau entek, Mbok Sarti sing kulina makani grameh kuwi mau banjur mbukak lawang ing kering langgar wus tekan ana sawah. Pancen daleme pak Supar kuwi mau papane ana tengah sawah ing pojo desa. Swasane isih adhem lan asri. Menawa ngepasi langite padhang, merapi katon cetha wela-wela ngadheg ana sisih elor daleme pak Supar kuwi mau.
“loh Pak, Mas Ahman pundi?”pitakonane Widi dhateng Bapakne sing wus wiwit dhahar ana meja.
“anu..kae susulna sega karo lawuh  iki, bojomu shalat ana langgar”wangsulane Pak supar karo njupuk Grameh goreng kang cumawis anget ana sadhuwur meja.
“enggih pak”wangsulane Widi karo njupuk piring banjur diwenehi sega sacukupe, ora lali nyepake lawuh lan uga grameh kang dijejeri sambel kecap.
“ndhuk, bapak dingengehi sambel kecape lho ya”ngendikane Pak supar weling karo putrine
“enggih pak, menapa kula pendhetaken pindhah”wangsulane widi karo njupukake sambel kecap kang ana ing piring iku.
“nuwun ndhuk, wah lha nek iki iya tonjo tenan. Ora ana sing bisa ngalahke olah-olahane putrine Pak Supar”ngendikane Pak Supar nyennegake putrine sing wus kangelan olah-olah kanggo dheweke.
“halah bapak niku, kula tak ndugeke niki riyin nggih pak”ature widi karo nggwa lengser isis sega lan sayur uga lawuh kuwi mau metu saka papan dhahar kulawarga tumuju njaba, ora liya iya tumuju langgar. Sing dipamiti mung manthuk-manthuk ora semaur, katone pancen nembe ngresepi gurih lan pedhese sambel kecap kang dicawisake karo grameh sing digoreng garing kuwi.
Anggone lumaku tumuju langgar ing sisih lor omah kuwi mau alon-alon, wedi menawa lengser kuwi mau temumplak isine, banjur sisan mampir ana pawon saperlu njupuk wedhang putih sagelas. Sauwise ngliwati nblumbang grameh, iwak-iwak padha pating dlongo, cangkeme padha umak amik, kaya-kaya menawa bisa micara sajake wus ngeleh njaluk pangan, sajake iya kepengen melu rolasan. Ananging kuw mau ora ngendhegake lakune widi, dheweke banjur terus lumaku tumuju sangarepe langgar cilik kang digawe saka kayu kuwi mau. Meruhi sing ditunggu isih sholat, dheweke banjur ngenteni ing sangarepe langgar kuwi mau. Lengser nuli diselehake, dheweke banjur lungguh. Sauntara sing dienteni durung metu uga saka sajroning langgar. Dheweke lunggu madhep ratan sing caket karo pager omahe kuwi mau. Sedhel-sedhela ana kang liwat, embuh kuw bocah sing bali sekolah, apa para among tani sing pdha umbar ngaso golek panganan. Sedhela-sedhela krikil sing sumebar ana sakiwa tengene banjur dijupuk siji, nuli dibalangaken ana blumbang kang akeh iwake kuwi mau. Prasasat dikira dicemplungi pakan, iwak-iwak sing padha pating jegogok kuwi mau padha gedabigan nggoleki watu kang cumemplung dikira pakan kuwi mau. Rumangsa kasil ngapusi iwak, sinungging esem ana ing lathine Kenya ayu sawo mateng kuwi.
“mesakake ta dhik, iwak ora kleru kok diapusi”keprungu swara pawongan, banjur pundake Kenya ayu kuwi mau kaya ana tangan sing tememplok.
“apa iya iwak bisa ngerti menawa diapusi?’wangsulane Widi banjur ngranggeh epek-epek tangan ing pundhake kuwi mau.
“lenggah mriki ta Mas, kula pengen tanglet e?”kandane Widi nggandhi.
“takon apa lho dhik?bab iwak sing isa diapusi? Ngono?”wangsulane Ahman banjur lungguh caket bojone.
“Mas ki, senegange mbebeda aku lho”ujare widi karo njiwit bangkekane. Sing dijiwit bangkekane banjur njerit krana kaget, banjur males ngithik-ithik bangkekane bojone kuwi mau.
“ampun mas..ampun mas..kula kapok..keri mas..keri”kandane widi karo ngguyu cekikikan krasa keri diithi-ithik karo sing lanang.
“salahe kok senengane usil lho, nek diusili geneya ampun..ampun”wangsulane Ahman banjur mandheg anggone ngithik-ithik.
Swasana katon sneneg ing antarane manten anyar kuwi mau. Kaya-kaya senenge pancen saka ati, bungahe pancen gawe meri sapa wae sing ngerteni. Anggone lungguh wae samya cinaketan siji lan sijine, tentrem. Sing wedok sumendhe ana pundhake sing lanang. Banjur dielus rambute sing wadon kebak ing rasa asih. Obahe godhong krana sang bayu nora bisa njugarake wong kang lagi wuru kasmaran, swara manuk sing padha cemluwit saut-sautan ana sadhuwure pager kaya-kaya ngrasani anggone wong loro padaha andum katresnan ana sangarepe langgar sing caket karo blumbang grameh. Swasana ayem, adhem, asri, lan ora ana rasa kurang ing antara kekarone. Sampurna. Iya sampurna ora ana sing gothang. Legi kaya-kaya nembe wae necep maduning swarga.
“bapak mau ngedika apa nalika ing kebon mau mas?”dumadakan pitakonane Widi tuwuh ing satengahing swasana kuwi.
“bapak kepengen aku sing ngrembug tegalan mbako iki dhik”wangsulane Ahman cekak.
“ouh”wangsulane widi tansaya cekak.
“kok, ouh tok?”pitakonane Ahman
“aku wus ora kaget mas, Bapak biyen wus tau ngendika karo aku, menawa sapa sing lulus saka ujiane bakal diwenehi apa wae sing diduweni bapak”Wangsulane widi ora owah sumendhe saka pundhake bojone.
“Kalebu kowe dhik?”ujare Ahman karo mesem. Keprungu wangsulane Ahman widi banjur njenggelek, njunjung sirahe banjur diadhepake manther ana Merapi nig Sisih lor kana. Swsana dadi ning. Ahman klisak-klisik wedi menawa omongane kuwi mau gawe tatu atine sing wedok.
“dhik..?aku..ora”kandane Ahman nyoba mecah swasa sing dirasa wiwit ora kepenak kuwi mau. Ahman rumangsa kleru.
“boten mas, Aku ora diparingake Bapak kanggo njenengan. Pancen aku sing mulung kalih njenegan, awit sakabehing sipat asih sing ana ing njenengan”kandane widi ngethok omongane bojone.
“aku kuwi ora duwe apa-apa lho dhik, bandha ora duwe, urip ming sak anane. Kowe nak iya pirsa dhewe ta sejatine kahananku”Saiki Ahman sing genti ngrasa menawa dheweke kuwi ora pantes didhaupke karo putri ayune Juragan.
“Tresna sejati  ora dak taker  nganggo bandha mas, apa maneh nganggo kalungguhan. Ananging kepriye anggone uwong kuwi mau netepi prasetya lan ngupaya nggyuh katresnan kuwi mau sing tak anggep luwih aji tinimbangane liyane. Aku wus dadi seksi dhewe kaya ngapa labuh labete Mas Ahman rikala semana, dijajal karo Bapak. Satemene aku ora tega, ananging kuwi pancen sarat sing diparingake karo bapak” tumetes eluh saka pipine Kenya ayu kuwi mau kelingan lelakon jaman semana nalika sadurunge Ahman tumeka ana uripe, sing diisi karo pawongan sing mung kepingin ngalap bandhane widi, wong kang wus ngapusi widi. Mulane pak Supar nganti gawe reka daya ujian kanggo sapa wae sing nyaketi putrine, saperlu ora kleru anggone milih mantu.  
Eluh sing tumiba ana pipine Widi kuwi mau banjur diusap nganggo tangane Ahman. Alon lan kebak sih anggone ngusapa banyu bening sing tumiba ana pipi sisih kiwa kuwi mau.
“matur nuwun dhik”kandane Ahman banjur ngekep Wanita kang ana ngarepe kuwi mau. Ana pipine uga tumetes eluh bening amarga trenyuh keprungu kandane bojone. Sing dadi seksi sakabehing lelakon, sing bisa nampa kaya ngapa wae kahanan uripe Ahman. Sanailka mung rasa panuwun sing tanpa pepindhan konjuk dhumateng Gusti kang Maha welas lan Asih, dene wus kersa ngangkat drajate, nudhake dalan urip tumrap dheweke. Saking trenyuhe eluh-eluh kabagyan kuwi  mau tumiba saka netrane priya lencir kuning kuwi. Pating dlewer tumiba ana klambine bojone sing dikekep kenceng ora dieculake. Banjur keprungu swara sesenggukan kang diampet, ananging sepira lirihe tetep bakal keprungu, wong kekarone kuwi mau caket banget.
“wong lanang kuwi ora pareng nangis”Kandane widi mesem sinambi ngusap eluhe dhewe. Sing lanang banjur ngeculake kekepane, nuli melu ngusap eluhe sing isih pating dlewer. Banjur dielap nganggo tangan tengene.
“hehehe..iki mau ora nangis kok dhik,iki mau mung..mung  amarga kena sungepe sambel sing ning caketmu kuwi lho”pawadane Ahman selak.
“eh iya mas, nganti kesupen. AKu mbrene kuwi ngeterake dhaharan kanggo njenengan” Kelingan lengser isi dhaharan kuwi mau mlah dianggurke ketunggul padha tetangisan amarga ngrasa trenyuh kelingan sakabehing lelakon kang wus kelakon.
“wah endi dhik..aku iya wis luwe banget iki, apa iki maeme?”pitakone Ahman katon selak kepngin ngresepi apa kang dicawisake bojone.
“niki kula sing masak dhewe lho mas, special kangge Mas Ahman sing bagus dhewe”kandane Widi karo njupukake grameh goreng kang diwenehake ana sadhuwhure sega.
“aku karo oseng-oseng kuwi wae dhik..katone enak banget saka ambune, Gramehe kanggo adhik wae”kandane Ahman karo nuding piring sing isine oseng-oseng.
“loh..boten remen ulam ta mas?”wangsulane widi
“seneng dhik..ananging kuwi nggo adhik wae..adhik mesthi iya durung maem ta?”kandane Ahman sajak ngeman banget bojone. Pancen jenenge manten anyar kuwi prasasat apa wae bisa dadi cara kanggo nuduhake gedhene rasa tresnane,kalabu pangurbanan kang bisa diduduhake minagka tandha katresnan amarga iya pancen isih anget-angete geni kasmaran ing antarane manten anyar kuwi mau.
“Mas Ahman niku lho, kok le gatekan banget kalih kula. Niki ngge kembulan mawon”ujare widi karo ngulungake piring kanggo bojone.
“emoh kembulan, dulanggg?”wangsulane ahman nggandhi.
“eeeaaallllaaahhhh..kok le nggandhi temenan lho”ujare widi karo ngulungake sega kang wus dikepel lan diwenehi cuwilan grameh banjur ditutulke sambel kecap.
“eeemmmhh…enake”kandane ahman karo mamah apa kang didulangake bojone kuwi mau.
“hhuusssshh..nek dhahar boten pareng kalih ngendikan!”kandane widi karo ndulangake sega kang diwenenhi oseng-oseng.
Pasuryane Ahman katon seneng banget, mamah karo mesam-mesem amarga nembe sepisan kuwi diladeni wanita. Mangkono uga widi sing ngrasa iklas anggone ngladeni pawongan sing pancen ditresnani.
“wah jan..enak tenan nek iki, iki oseng-oseng apa ta dhik?wah jan olah-olahane bojoku sing ayu dhewe pancen ora ana tandhinge”andharane Ahman ngalem bojone. Sing dialem banjur ngrasa isin mung mesam-mesem.
“oseng-oseng lompong mas”wangsulane Widi
“aaakkkk…kowe iya kudu ngicipi dhik”ujare Ahman karo ngulungake oseng-oseng kuwi kangggo bojone.
“halah, kula sampun mas. Pun teng wingking wau nicipi”semaure widi.
“ananging nek karo didulang Mas Ahman nak iya beda rasane ta dhik?dadi kaya ana gurih-gurihe piye ngono”kandane Haman nggodha bojone.
“Ah Mas niku saget mawon lho..gemes”tangan sing gupak oseng-oseng kuwi mau banjur tememplok ana Irunge Ahman.
“weleh dhik..dadi pliket ta?”wangsulane ahman banjur sawise ndemok irunge sing krasa teles.
“loh dhik, aja kok dilate irungku dhik, mengko plikete malah ora ilang-ilang. Keri dhik, keri pipiku aja kok dilati ta.hihihhhihih..keri dhik..keri”Kandane Ahman karo klisikan amarga krasa keri. Ananging sing dijak omongan malah ora semaur. Banjur suwe-suwe ayang-ayange widi kok tansaya blawur prasasat kaya arep ilang.
“dhikk..dhik widi, kowe nengdi dhik?”Ahman nyeluk-nyeluk bojone kuwi mau.
“meeeonggg…meeoonggg”sing keprungu malah swara kucing.
“Jiiiiaannggkrikk…sumingkir seka kene, trembelane tenan kowe cing”ahman banjur ngipatake kucing sing kawit mau ndilati raine kuwi mau. Mbok menawa amarga kucing ingon-ingone kuwi mau ngambu grameh ana ing lambene Ahman sing durung kemu lan sikatan sauwise saur esuk mau.
Ahman banjur Gumregah saka jogan papane ngglethak, ing sakiwa tengene isih cumepak sega kang wus entek lawuhe, gari eri-eri grameh sing isish katon dimamah karo si bejo kucing kuwuk ingon-ingone kuwi mau.
“weleh, wis setengah wolu. Karipan iki. Bisa kasep iki anggone nyambut gawe, gekno wis kangsenan arep ndandani sekring pedhot ning Timoho barang e iki.Blaiiikk”ujare Ahman banjur oncat saka jogan papane turu kuwi mau, nuli mlayu nyaut andhuk tumuju jedhing.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar