Senin, 20 Juni 2016

Goreh



 GOREH
Sadawaning dalan kang nuju papan kang ora ana watese
Ngliwati perkara-perkara rumpil kang nora bisa diwujudake
Napaki lebu-lebu lan wedi sing rumasuk sajroning getih
Getih sing tumetes liwat mata kang wus ora bisa nyandra
Nelesi papan sing wis kothong
Kelangan sari patining ati
Mbasan saiki mung kembengan rasa
Rasa sing sekirane luwih ajur  tinimbang perih
Ora ana enteke..
Saben sak unjalan ambegan..
seseg krasa ing dhadha sisih kering
playon getih  padha oyak-oyakan
Kejaba aku ngampet napas
Banjur tak rep mripat iki
Sedhela banjur kabeh krasa lerem
Ananging arep tekan kapan
Apa  bisa  janma urip tanpa unjal ambegan..
Mokal…

Sasuwene awan nganti gumanti esuk
Mobah ora bisa jenjem
Ming klisikan mobat mabit pengangen kang ora nemokake wangsulan
kumleyang..gegawa gilingan angin kang mater ngosak asik sore
sumendhe ing papan para kang ora tak ngerteni dununge
gelem ora gelem kudu ngumbara..
iya meneh..embuh iki wus sing kaping pira
 nurut dalan jejeg kang ora ana  ancase
iya..meneh..wira-wiri netepi dalan sing ora tak karepake
Rumpil..iya terkadahang rumpil dalan kang nocoki lakuku

Saangete srengenge ketiga ngerak
Wayah bangun wus kerasa sumlenget ing embun-embun
Wayah lintir uga nggawa ayang-ayang kang sak tenane uga ora tak ngerteni
Ora suwe banjur sumlempit ing mripat kang ngalamun
Lumebu liwat pamriksa kang wiwit kothong
Dhasar raga garing sing wis wiwit gapuk
Sakgampage kanggo kobong kabrongot wanci
Mobat mabit  kaya ndadeni mawa rekta
Didamu  angin sumilir ing sakiwa tengene
mulat mulak nyacah apa wae kang ditemoni

Sasembribite angin segara wanci surup
Ora bakal bisa ngedhemake barang kang wus gebacut dadi awu
Ora bakal bisa mulihkaen apa kang wus dumadi
Isin menawa njaluk apa sing wus disuwun Sang Duwe
Banjur kowe bisa apa?
Suwala?Semaya?selak?
Sujud!!!



Tidak ada komentar:

Posting Komentar