Minggu, 15 Mei 2016

LATIHAN SOAL BAHASA JAWA UJIAN KENAIKAN KELAS X 2016

I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan sing  paling bener yaiku  A, B, C, D, utawa E ing lembar jawab sing wus cumawis !

1.    Dadi uwong kuwi aja nganti mblenjani janji. Tembung kang kacithak kandel tegese..
A.     netepi                     D. sumelang
B.     nuhoni              E. gawe
C.     cidra
2.    Tembung ing ngisor iki sing duweni surasa njarag ditindakake, yaiku.. ....
A.     karubuhan
B.     kasurupan
C.     katiban
D.     katendhang
E.      kasampluk
3.    Kabutuhaning manungsa sing ora bisa ditinggalake babar pisan yaiku…
A.     sandang             D. bandha
B.     Pangan              E. Pakaryan
C.     Papan
4.    Kowe nemu dhompet, banjur kok wenehke marang ibu sing duwe dompet iku. Kepriye anggonmu matur sing bener..
A.     Bu, iki lho dhompetmu tiba.
B.     Bu menika dhompetipun dhawah, kula diparingi arta nggih.
C.     Nuwun sewu bu, menika dhompetipun panjenengan?menawi ngaten kula dipunparingi arta nggih?
D.     Nuwun sewu bu, menika dhompet kagungan panjenengan
E.      Bu, iki dhompetmu dudu ya    
5.    Ing ngisor iki purwakanthi guru sastra yaiku ....
A.     Sluman slumun slamet
B.     Adigang adigung adiguna
C.     Atut runtut                   
D.     Nunjang palang            
E.      Runtang runtung
6.    Pitik walik saba kebon. Saka ukara kuwi temtokna jejere..
A.     Walik               
B.     Pitik Walik                   
C.     Saba
D.     Saba Kebon
E.      Pitik Walik Saba
7.    Bapak tindak dhateng Surabaya kala wingi dalu. Saka ukara kuwi temtokna katrangan wektune..
A.     Dhateng                       
B.     Surabaya                      
C.     Kala wingi
D.     Surabaya kala wingi
E.      Bapak
8.    Apa Kang diarani pawarta ....
A.  Palapuran ngenani kadadyen sing durung dumadi
B.   Palapuran ngenani kadadeyan sing ora bakal dumadi
C.   Palapuran ngenani kadadeyan sing lagi wae dumadi
D.  Palapuran ngenani kadadeyan sing arep dumadi
E.   Pelapuran ngenani kadadeyan sing wus suwe dumadi
9.    Pawongan sing pagaweyane nglumpukake pawarta diarani..
A.  Editor
B.   Reporter
C.   kameramen
D.  Sutradara
E.   Kurator
10.              Pawarta kuwi duwe sesambungan karo 5W+1H. Pratelan ing ngisor iki sing nuduhake papan dumadine pawarta, yaiku..
A.  Kemis legi, 28 April  2016
B.   Jam 20.00
C.   Lurah, Camat
D.  Tukang kayu                 
E.   Gedangsari, Klaten, Jawatengah
11.              Wong jawa ora bisa migunakake basa jawa, amarga..
A.  Rumangsa isin yen nggunkake basa jawa
B.   Rumangsa wiring migunkake basa jawa
C.   Rumangsa repot yen nggunkake bas jawa
D.  Rumangsa asor yen migunakake basa jawa
E.   Ora gelem ngulinakake lan ora gelem sinau basa jawa.
12.              Wong jawa wus ora bisa migunakake basa lan  unggah-ungguh kabudayan jawa. Kadadeyan iku cocok karo paribasan…
A.  Sapa salah seleh
B.   Bathok bolu isi madu.
C.   Emban cinde emban siladan
D.  Wong jawa ilang jawane
E.   Gegedhen empyak kurang cagak.           D
13.              Basa iku salah sawijining piranti kanggo…ing antarane wong siji lan sijine.
A.  Kombinasi
B.   Kondisi
C.   Komunikasi
D.  Konfirmasi
E.   Klarifikasi
14.              Amarga ora ngati-ati agawe dheweke nandhang kacilakan. Nandhang tegese..
A.  Antuk rezeki
B.   Nampa bebungah
C.   Uwal saka
D.  nemu
E.   ditinggal
15.              Sapa sing salah bakal seleh. Apa tegese paribasan iki..
A.  Wong salah bakal sumeleh pikirane
B.   Wong sing salah malah sumeleh
C.   Wong sing salah bisa sumeleh
D.  Wong sing salah bakal nagging tumindake dhewe.
E.   Wong sing salah bakal oleh kamulya.               
16.              Anane kadadeyan kang gawe isin iku awit saka ngasorake marang bangsa manca. Mula sing becik tumrap sapadhane bangsa iku kudu..
A.  Ajen-angajeni
B.   Memungsuhan
C.   Rumangsa beda
D.  Rumangsa bisa
E.   Rumangsa unggul                      
17.              Swara kang kerep bisa ngganggu tumrap wong kang lagi sinau yaiku..
A.     Swarane manuk ngoceh
B.     Swara jago kluruk
C.     Swara montor mabur liwat
D.     Swaran gludug
E.      Swara televisi               
18.              Prabu Dasamuka iku raja ing negara Ngalengka. Saka ukara kuwi temtokna katrangan papane..
A.     Raja
B.     Negara
C.     Negara Ngalengka
D.     Prabu Dasamuka
E.      Iku
19.     Kadospundi menawi budaya katimuran menika dipuntinggal?
A.  Kelangan kapribaden
B.   Bisa dadi wong pinter.
C.   Bisa ngelongi beban
D.  Mundhak disenengi wong liya.
E.   Diajeni karo wong liya.
20.    Geguritan dumados saking tembung gurit, tegesipun tembung gurit menika menapa?
A.  Nggambar
B.   Nggelar
C.   Ngrakit
D.  Nulis
E.   Nembang
21.    Tembang saged dipunwasatani karya sastra terikat awit anggenipun damel kedhah nggatosaken paugeran. Ananging menawi geguritan anggenipun damel boten kedhah ngginakaken paugeran tartamtu, pramila geguritan saged dipunwastani karya sastra..
A.    Anyar
B.     Lawas
C.     Bebas
D.    Kalsik
E.     Ilmiah
22.    Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen tan melu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Menapa isi geguritan ing inggil?
A.  Urip ing jaman edan
B.  Anane jaman edan
C.  Kabeh uwong seneng urip ing jaman edan
D.  Jaman saiki wis edan
E.   Angele urip ing jaman edan
23.    Kaliren tegesipun..
A.    Wareg
B.     Ngeleh
C.     Seneng
D.    Akeh
E.     Bungah
24.    Ukara ing ngisor iki siing ora nyebutake jejere yaiku..
A.  Ati-ati yen mlaku
B.    Dhik sing eling lan waspada
C.   Kowe kudu lila
D.  Kembang mlathi ditandur ing pinggir kali
E.   Gethuk goring rasane legi                        
25.              Pranatacara anggone migunakake basa kudu migunkake basa sing bener, tegese ...
A.  Basa rinengga
B.   Basa kang dakik-dakik
C.   Basa sing angel dimangerteni
D.  Basa sing bisa dimangerteni dening sapa kang mirengake.
E.   Basa kang rucah.                                                           
26.              Bocah sing ora duwe sedulur iku diarani ....
A.  Panegak
B.   Pambayun
C.   Lola
D.  Sukerta
E.   Wuragil                         
27.              Wingi sore aku budhal menyang Ngayogyakarta. Temtokna sing dadi Katrangan wektune....
A.     Wingi sore
B.     Budhal
C.     Ngayogyakarta,
D.     Aku
E.      Menyang Ngayogyakarta
28. Dawa tangane tegese....
A.      Seneng tetulung
B.      Seneng njupuk barang kang dudu duweke
C.      Seneng nyambut gawe
D.      Seneng tumindak deksia
E.       Seneng golek dhuwit
29.              Jembar segarane tegese ...
A.     Pinter                            D. Drengki
B.   Gedhe pangapurane       E. Sumeh
C.   Wicaksana
30.  Dawa ususe tegese..
A.     Sabar
B.     Wasis
C.     Sregep
D.     Sumeh
E.   Wegig
31.              Purwakanthi kadadeyan saka tembung purwa sing duwe teges.. ....
A.     Wusana             D. Wiwitan
B.     Wurung             E. Widada
C.     Wuyung
32.              Wong sing pagaweyane nembang ana ing keseninan karawitan diarani ...
A.     Dhalang                        D.Pradangga
B.     Sindhen             E. Wiyaga
C.     Niyaga
33.              Angka penting merupakan angka hasil ....
A.     Taksiran                       D. Pengukuran
B.     Pembulatan                  E. Perkalian
C.     Perkiraan
34.              Ana unen-unen “nulung nanging banjur menthung” kuwi tegese apa ....
A.     Rekane aweh pitulungan ananging malah gawe rekasa awake dhewe
B.     Rekane aweh  pitulungan banjur gawe reksa wong ding ditulung
C.     Rekane nulung wong liya tanpa pamrih
D.     Nulung ananging ora ngrampungi
E.      Nulung ananging duwe pamrih.                                   
35.    Wacanen tembang campursari ing Ngisor iki!
Mas..mas..mas aja dipleroki
Mas..mas..mas aja dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngerti cara
Aja ditinggal kapribaden ketimuran
Mengko gek keri ing jaman
Mbok ya sing eling
Eling bab apa
Iku budaya
Pancene bener kandanmu
apa wos/isi tembang iki..
A.  Nek ana uwong aja dipleroki
B.   Seneng karo budaya
C.   Eling karo budaya jawa
D.  Bener nek budayakuwi keri ing jaman
E.   Dadi uwong kudu mesam-mesem.
36.    Dipleroki tegese..
A.  Didelokake
B.   Diesemi
C.   Diguyoni
D.  Ditangisi
E.   Dinesoni
37.    Menapa ingkang dipunmaksud budaya ketimuran?
A.  Budaya Aceh
B.   Budaya Padang
C.   Budaya Jawa
D.  Budaya Papua
E.   Budaya Nusa Tenggara Timur
38.              Cacahing gatra saben sapada diarani ....
A.  Guru lagu                       D. Guru gatra
B.   Guru wilangan                E. Guru sastra
C.   Guru Swara
39.              Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ....
A.  Guru lagu           D. Gur wilangan
B.   Guru sastra         E. Guru Swara
C.   Guru gatra
40.              Pawarta sing metune saben dina diarani ....
A.     Kalawarti                    D. Kala-kala
B.   Ariwarti                        E. Sambekala
C.   Kalabandana
41.              Kang sinebut satriya iku kudu duweni watak....
A.     Ora wani ngadhepi mungsuh
B.   Ora wani ngadhep wong kang tumindak ala
C.   Ora wani marang bebaya
D.  Wani marang wong tuwane
E.      Wani ngadhepi kasunyatan
42.              Tembung “gedhang”menawa dipehot wandane sing bener yaiku ...
A.  Ged-hang         D. Gedhang
B.   G-edhang         E. gedha-ng
C.   Ge-dhang
43.              Tembung “langgam” menawa dipehot wandane sing bener yaiku....
A.     La-anggam
B.   Langg-am
C.   Lang-gam
D.  Langga-am
E.   Langga-m
44.              Saben wulan barang-barang padha mundhak regane. Sing dadi jejer saka ukara kuwi yaiku  ....
A.     Saben wulan
B.     Padha
C.     Barang-barang
D.     Mundhak
E.      Regane
45.              Wong  maca geguritan  kuwi  kudu nggatekake 4W, yaiku  .....
A. Wicara, Wirama, Wiraga, Wirasa
B.  Wirama, wibawa, Widada, Wirasa
C.  Wibawa, Wicara, Wiraga, WIrama
D. Wrama, wicara, wiraga, Widodo
E.  Widada, wirama, wicara, wiraga
46.               Sing diarani wirasa kuwi duwe sesambungan karo .....
A. Cetha apa orane geguritan kang diwaca
B. Ekspresi nalika maca geguritan
C.  Dhuwur cendhek nada nalika maca geguritan
D.Tindak  tanduking badan nalika maca geguitan
E.  Banter rindhike swara nalika maca geguritan
47.              Sing diarani wirama kuwi duwe sesambungan karo .....
A.      Cetha apa orane geguritan kang diwaca
B.     Ekspresi nalika maca geguritan
C.      Dhuwur cendhek nada nalika maca geguritan
D.     Tindak  tanduking badan nalika maca geguitan
E.       Banter rindhike swara nalika maca geguritan
48.              Sing diarani wiraga kuwi duwe sesambungan karo .....

49.    ?zebutBevJ|t\.
Ukara ing dhuwur padatan ditemokake ana ngendi ....
A.    Dalan kampung
B.     Dalan gedhe
C.     Dalan TOL
D.    Dalan sawah
E.     Dalan Buntu
50.    ?[w=oslhbk[kS[lh.
Waosanipun inggih menika....
A.    Wong dalah bakal sèlèh
B.     Wang seleh bakal salah
C.     Wong salah bakal saloh
D.    Wong salah bakal sèlèh
E.     Wang salah bakal sèlèh

II.      Jawablah Pertanyaan Berikut dengan Benar !

51.    Saben ukara ing basa jawa kuwi dumadi saka Jejer, wasesa, lesan, lan katrangan. Coba temtokna Jejer, Wasesa, lesan lan Katrangan saka ukara ing ngisor iki!
“Simbok angsak sega kuning ana pawon”

52.  Pawarta kuwi digiyarake migunake basa kang lugu/prasaja lan ora migunkake basa rinengga utawa basa kang endah kaya kang digunake pranatacara. Kenapa pawarta digiyarake migunkake basa kang lugu?
53.  Wacanen perangan pawarta ing ngisor iki kanthi permati!
Presidhen Mantu
     Bapak Ibu Joko Widodo netepi darmaning asepuh, ngomah-ngomahake putra pembayun kang asma MAs Gibran antuk putrid Solo mbak Silvi. Kaleksanan dina Kemis, tanggal 11 Juni 2015, mapan ana ing Saba Buwana kagungane pribadi. Tata cara kang ginelar isih mligi mugunake tatacara dat Jawa, wiwit nembung, paningsetan, midodareni, lan panggih.
Saka perangan pawarta ing dhuwur, coba temtokna isining pawarta!
54.  Sawijining bab sing padatan diwedharake lumantar media cithak, media elektronik, siaran, internet utawa kanthi lisan kang isine kabar anyar ngenani sawijining bab diarani…
55.  Wacanen  carita pengalaman  ing ngisor iki kanthi permati !
LHA WONG BUMBUNE
        Bengi iki aku jaga kamling karo Pak Wakhid lan Pak Surip. Jabang bayi aku dingengehi bathang tikus wirog sing kari separo karo sithole kucing kampung. Aku banjur mulih njupuk kresek trus bathang tikus arep tak buwang. Jebul ing Pos Rondha Pak Wakhidlan Pak Surip lagi lungguh mendelikki papan catur. Ing mburi pos rondha ana obong-obongan kayu dinggo anget-angetan. Kresek isi tikus banjur tak sumpelke ana mawa kayu kono. Krungu kresak-kresek Pak Wakhidpitakon ”Dingarengasik?”. Ndilalah ing njero geni keprungu swara dhus, dhas, dhus. Wah gawat pikirku wong loro mau mesthi ngerti sing takobong. TulungdhikPai, kaspeneolak-aliken, yen wis mateng gawanen mrene wetengku selak kroncongan. Mak trata batiku ,jebul genine nggo mbakar pohung
wah yen konangan iso ajur awakku. Banjur aku njupukkaspe sing paling gedhi katone wis empur. ”Wah gurih tenan kaspene. ”Ujare Pak Surip. Endi ora enak wong penyedhape sisane thole sikucing kampung batinku. Aku ngadoh karo lambeku komat-kamit supaya diarani melu mangan.
PanjebarSemangat no. 48 tanggal 25 Nop 2000
Adhedhasar carita pengalaman ing dhuwur, coba temtokna paraga carita (sapa), papan carita (ana ngendi), lan kapan carita iki dumadi, lan kepriye kahanan ing carita iki (kepriye)!

56.    Wacanen Geguritan ing ngisor iki kanthi permati!
Pahlawanku
         Dening : R. Tantiningsih

Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika.

Saka geguritan kanthi irah-irahan “Pahlawanku” ing dhuwur, coba temtokna isinie geguritan iki!

57.    Paribasan yaiku unen-unen sing duweni teges kang ngemu pitutur utawa piwulang. Apa tegese paribasan “sapa sing nandur bakale ngundhuh”. Terangna kanthi cekak!
58.    Wong enom marang wong tuwa kuwi menawa micara kudu migunakake basa sing trep. Coba gawenen pacelathon/percakapan panyuwunan saka anak marang wong tuwane migunakake basa sing trep!
59.    Ing jaman saiki ngrembakaning acara ing TV iku tansaya akeh banget, ananging ora kabeh acara ing Tv iku bisa weneh tuntunan satemah  mung dadi tontonan. Sing becik acara TV kuwi kudu bisa dadi tontonan lan tuntunan, coba andharna/terangna apa tegese tontonan kang bisa dadi tuntunan!
60.  Tulisen ukara mawi aksara jawa iki, dadi aksara latin!
?[wo=zebutBklBev J|t\.

Senin, 02 Mei 2016

Permainan Tradisional vs Modern

Permainan Tradisional vs  Modern
Permainan tradisional pada masa kini sudah mulai tenggelam oleh arus globalsisasi dan kemajuan teknologi. Entah kenapa jaman sekarang anak-anak kecil sudah tidak mau bermain dengan permainan tradisional, seperti engrang, benthic, gobagsodor, kunci-kunci bawang, sepak sekong, gamparan, nekeran, delikan dan masih banyak lagi. Semua permainan tersebut  kini sudah tergeser dengan masuknya segala macam permainan anak yang berasaskan teknologi, seperti playstation, game, handphone, internet, dan permainan modern lainya.
Dengan adanya permaiana modern dimasa kini mengakibatkan punahnya permainan tradisional dari dunia anak-anak.Hall ini diakrenakan anak-anak sudah menganggap permainaan tradisional tersebut sebagai sesuatu yang kuno, out of date, ga gaul bahkana da yang mengetakan membosankan. Begitupula dari pihak orang tua jaman sekarang, juag tidak memperbolehkan anaknya untuk bermain diluar lingkungan rumah, karena dikhawatirkan akan terjadi hal-hal yang tidak diinginkan, seperti anaknya akan terjatuh, akan kepanasan, akan menjadi sakit terkena sinar matahari dan lain sebagainya sehingga orang tua jaman sekarang lebih memilih untuk memberikan permainan  modern yang bisa dimainakan si anak didalam rumah.
Apabila dilihat dari sisi ruang publik dimasyarakat tentu saja juga akan menjadi faktor pendorong hilangnya permainan tradisional, hal ini dikarenakan ruang bermain dimasyarakat kita sudah semakin  menyempit karena banyak sekali lahan-lahan tempat bermainan anak yang kini sudah disulap menjadi rumah-rumah penduduk dan bangunan fisik lainya, sehingga anak-anakpun tidak bisa memainkan permainan-permainan tersebuat.
Dipandang dari segi pendidikan tentu saja kita memiliki kerugian yang sangat besar. Kenapa  hal itu bisa terjadi? karena apabila dilhat dari sisi pendidikan, banyak sekali nilai-nilai moral dan pelajaran hidup yang terkandung di dalam permainan-permaninan tradisional tersebut juga ituk hilang. Dikarenakan dalam permainan tradisional banyak sekali terkandung aspek kerjasama, sosialisasi dengan orang  lain, dan yang terpenting mengasah kecerasan anak untuk mau berkomunikasi dengan individu lain.  Hampir diseluruh permainan tradisional menggunakan media komunikasi verbal sebagai sarana permainannya, entah itu dengan perkataan langsung, maupun nyanyi-nyanyian, ataupun kata-kata tertentu tersebut menjadi sarana komunikasi dan interaksi antara satu anak dengan anak yang lain. Dari situlah anak-anak kita dibiasakan untuk saling berbicara, bertatap muka satu sama lain dan mencoba untuk saling bekerja sama, bersendau gurau atau gojeg bersama teman-temanya, sehingga akan menciptakan iklim yang menyenangkan di masa kecil mereke. sehingga di dalam kehidupan dewasanya kelak anak-anak tersebut sudah pandai dalam bergaul dengan orang lain atau bisa dikatakan sebagai seseorang yang bisa bersosialisasi di dunia kerja maupun di dalam dunia masyarakat.
Bayangkan saja apabila seorang anak kita dari usia taman kanak-kanak sudah diperkenalkan dengan permainan-permainan modern yang pada dasarnya itu lebih berkonsentrasi pada kepentingan individu anak tersebut, artinya dalam permainan tersebut si anak hanya memerlukan dirinya sendiri dan alat permainan itu saja.  Bisa dibayangkan apa yang akan terjadi apabila anak-anak jaman sekarang hanya mengenal permainan yang bersifat individu, tentu saja anak-anak tersebut akan  terbiasa menjadi sesorang yang biasa melakukan segala sesuatunya sendiri tanpa perduli dengan orang lain, tidak bisa bersosialisasi dengan orang lain. Lambat laun  generasi penerus kita akan menjadi sebuah generasi yang bisa dikategorikan sebagai generasi yang anti sosial, lalu akankah Indonesia ini akan tetap menjadi Negara kesatuan apabila seluruh rakyatnya memiliki sifat individualisme yang tinggi.
Menurut saya, permainan anak-anak yang berorientasi pada teknologi itu memang bagus  bagi anak-anak kita, karena bisa mengedukasi anak-anak  dengan program-program dan permainan yang lebih menarik. Akan tetapi sebagi orang tua, kita harus mau dan mampu untuk mendampingi penggunaan alat-alat permainan tersebut sesuai porsi yang dibutuhkan oleh anak-anak kita, jangan sampai kita lengah dalam mendampingi masa-masa pertumbuhan anak kita. Sesekali marilah anak-anak kita diperkenalkan dengan permainan-permainan tradisional yang dimiliki kebudayaan kita yang adiluhung, dengan harapan anak-anak kita juga mengenal permainan tradisional tersebut. Jikalau anak-anak kita tertarik untuk bermain dengan permainan tradisonal tersebut, maka permaianan tradisional yang dimiliki bangsa ini akan tetap lestari hingga generasi penerus berikutnya.

Selasa, 12 April 2016

CERKAK "rendheng tanpa ketiga"

Rendheng Tanpa Ketiga
Wengi-wengi lumaku ora kaya adat sabene, hawane tansaya krasa kekes. Rasane tansaya ngremet-ngremet pikir kang ora jenjem. Tlethak-tlethik swara banyu kang tumiba saka  tawang , ora katon saka papanku nibakake raga ing amben, amarga kaling-kalingan gendheng-gendheng kripik kang direnggani sawang-sawang. Tansaya suwe udan ana njaba tansaya deres, katitik saka swaraning banyu kang tansaya keprungu banter adu atos karo gendheng-gendheng ing sadhuwurku, angin wengi sedhela-sedhela uga melu nambahi kekesing wengi iki, ngobat-ngabitke dian ana pojokan, kang uga melu ngobahake ayang-ayangku kang kawit mau klisak-klisik ora bisa meremake netra iki. Kekarone tansaya wengi ora gelem dak eremake, kepara tansaya wengi malah tansaya padhang netra iki, maung padha kethap-kethip. Terkadhang malah  ana banyu kang ngembeng ana kekarone , banjur tumiba lumantar pipi iki.
“dhik, saiki sliramu bisa nimbali aku dokter Rujita” kandhane pawongan nggantheng lencir kuning lan duwe brengos tipis kuwi, banjur mesem karo aku. Saben-saben mesem brengos tipis kuwi ngetutake lathine kang kumucap  gawe sengsem sapa wae kang nyawang. Apa maneh sesandhangan kang prasaja ananging resik kuwi katon pantes karo pawongan kang asma Rujita, priyayi saka Ngayogya kang kawit telung taun kapungkur ngebaki papan lodhang ana sajroning ati lan uripku.
“enggih..pak dokter Rujita” kandhaku karo nyiwel pipine amarga saking gemregete.
“kok malah diciwel lho?”pitakone Mas Rut karo nyekel tanganku, mangkono padatan anggonku nimbali pacanganku iki.
“ya ora dadi apa ta Mas, wong duweku kuwi dak apa-apake iya ora dadi apa” mangkono wangsulanku karo cekikikan.
“woooo…yen mengkono tak ngenekake ora dadi apa ya dhik” wangsulane mas Rut karo ngithik-ithik bangkekanku, saking kerine aku dadi ngguyu cekikikan, sinambungan Mas Rujita kang melu ngguyu kepingkel-pingkel. Sauwise kesel anggone gegojegan lan sirat-siratan banyu ana pinggiring segara kuwi krana krasa kesel aku lan  dheweke banjur lungguh ing gisiking segara Parangtritis ing sore iku.
Kelingan wewayangan limang sasi kapungkur kuwi terkadhang gawe esem sinungging ana lathiku, anaging sak uwise kuwi uga tumeka wewayangan sabanjure kang njalari tansaya sumpeg dhadha iki.
Segara kang jembar nganti ora katon pucuke. Swaraning banyu tansaya suwe tansaya gemremeng anggone polah, tansaya ngancik wengi tansaya gedhe anggone mbeksa nggulung alun. Sawetara suwe ing antarane Aku lan Mas Rut ora ana tembung sing kawetu. Aku lan Mas Rut mung nyawang ana adoh ana ing sapucuking segara sing wus wiwit malih dadi tansaya abang ing sisih kulon. Ajeg keprungu swara banyu sing lumaku ana sadhuwure wedhi-wedhi, banjur nggremet  tumeka ing sela-selaning driji sikilku. Ora suwe binarung swara ombak kang nguncalake banyu kuwi “byuuuurrrr” ana swara kang mecah sepining kahanan.
“mbesuk sak uwise aku tugas ana Borneo, kowe dak lamar ya dhik” dumadhakan kandhane Pawongan kang lugguh ana jejerku,  banjur  mandeng aku tenanan. Sawetara wektu  lakuning getih ing ragaku kaya mandheg mbegegeg, jantung sing ngompa getih ing awak iki kaya-kaya mbegegeg ora obah. Kaget anggonku nampa ngendikane Mas Rut kuwi mau. Durung nganti aku kumucap, wis diselani pawongan nggantheng kuwi.
“ora suwe kok dhik, aku mung enem wulan ana Kana minangka njangkepi jejibahan Dinas. kowe nak iya saguh ngenteni ta?”kandane nakyinake marang aku. Saka sorot netra kang njingglengi tekan sajroning mripatku, kaya-kaya lumaku alon tekan sajroning atiku, Ngendikane Mas Rujita kuwi mau wus bisa dak rasake menawa ngendikane kuwi pancen tenanan lan duwe adreng kang satuhu arep nindakake Prasetya suci nyambung talining sih Palakrami.
Aku ora bisa semaur kepiye-kepiye, mung eluh bening iki tumetes ana netra sisih kiwaku, banjur disusul saka netra sisih tengenku. Embuh kenapa prasasat batin lan atiku krasa bungah kang ora bisa dak wujudake nganggo ukara.
“loh? Kok malah nangis dhik” ngendikane Mas Rut karo ngusap eluh kang ndlewer ana pipiku iki, banjur Mas Rut mapanake sirahku iki ana pundhake, banjur tangan iki digenggem raket.
“Kowe kudu ngenteni aku dhik, aku ora suwe. Mangsa Ketiga sabanjure aku bakal ana kene lan bakal mujudaken apa kag dadi prasetyaku marang adhik” ngendikane Mas Rut nggedhekake atiku.
Dumadakan raga iki ora bisa kuwawa ngondheli tangan lan awaku sing  banjur oncat  ngekep Salirane, wutah tagisku ana dhadhane pawongan kang ana sandhingku iki, bebasan donga lan impen kang kawit telung tau kapungkur dak konjukake dhumateng Gusti Kang Maha Sih bakal dadi kasunyatan.kaya ngapa senenge bakal bisa urip sesandhingan klawan wong sing dak tresnani kuwi tansaya caket, wewayangan urip bagya mulya duweni garwa dokter kaya-kaya wus katon nyata ana sangarepe mripat iki.
                “tes..tes..tes” ora krasa eluh-eluh iki ngebaki mripat kang wus abang mbranang wanci ratri iki. Tumetese tansaya deres ngliwati pipi sing wiwit teles saking akehe eluh sing kawit mau kawetu. Tetes sithik mbaka sithik banjur dak elap nganggo salembar dluwang kang dak cekel iki. Dikaya ngapa wae eluh iki tetep mili beberengan swara tangis kang dak ampet nganti sesenggukan. Eluh kuwi banjur tumiba ana ing dluwang kandhel sing kawit mau dak cekeli, dak remet-remet, tak sawang-sawang kanthi permati kaya-kaya ora percaya karo apa kang sinerat ana dluwang werna abang sinunggingan seratan warna emas.
“tes..tes..tes” tlethak tlethik eluh iki wus gawe saperangan dluwang werna abang kang awujud persegi kuwi mau tansaya teles. Isih kurang marem dak jingglengi maneh dluwang kuwi mau. Dak bukak banjur dak tutup maneh, dak olak-alik dluwang salembar kang dilempit dadi loro kuwi. Sapa ngerti anggonku maca kleru. Ananging kaping pira wae dak wangsuli anggonku maca, datan ana klerune. Ana seratan ing sangarepe dluwang kuwi kang seratabe kaya mangkene “katur: Wahyuni, S.Pd” seratan kuwi mau cetha negesake dluwang kuwi pancen ditujokake kanggo Aku. Dak bukak meneh ana sajroning dluwang kuwi mau, dak waca alon-alon sinambi nata ambegan kareben bisa  ngampet gronjaling ati. Saben-saben tumekan ana ing sawalike dluwang kuwi mau,  awak krasa lemes ora duwe daya, apa maneh nalika dak sawang ana foto priya ngantheng lencir kuning brengos tipis kuwi mesem nyawang wanita sing nganggo busana putih kang mligi sragame para dokter. “tes..tes..tes” tetese eluh iki  tumiba pas ana ing fotomu ing dluwang abang iki.